Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 004 (Christ's Official Title)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 1 - Cecawisan Kanggo Rawuhe Sang Kristus (Markus 1:1-13)
1. Tema lan Lambang saka Injil Markus (Markus 1:1)

c) Wigatiné Penginge Sesebutan Sang Kristus


“Kristus” yaiku tembung Yunani kang satingkat karo tembung ing basa Ibrani “Mesih” kang ateges “Kang dijebati”. Setilah iki dienggo mligi kanggo nuduhaké marang para raja ing sajroné Prejanjian Lawas lan ora mung angger sesebutan. Cyrus, Raja Persia, uga disebut kristus (Yesaya 45:1). Ora mung para raja, nanging uga para imam lan nabi uga disebut para kristus awit wong-wong iki wis dijebati nganggo lenga suci. Anggone dijebati iki minangka lambang saka kabéh berkah kang asipat ilahi kang diwenehaké sesambungan anggone ngemban kewajiban iku. Anggone nggunaaké tembung iki minangka gambaran secara mligi kang ngarah marang rawuhe Sang Roh Suci atas wong-wong kang dijebati kanthi mangkono wong-wong iku bakal nampa kabéh hak, panguwasa, kekuatan, katresnan, lan kabéh kabisan liyané kang dibutuhaké kanggo nindakaké mupangat utawa hak luwih-luwih kang dadi jalaran bisa nindakaké tangung jawabe iku selaras karo karsané Allah.

Lumantar wong-wong kang dijebati ing sajroné Prejanjian Lawas iku, Sang Roh Suci mratélakaken yén siji pribadi Sang Kristus kang ora ana bandhingané bakal rawuh, ing sajroné sarira Panjenengané manunggal kabéh kapenuhan sih rahmat Allah. Nabi Yesaya meca kurang luwih 700 Sadurunge Sang Kristus, kanthi mratélakake: “Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingaké marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangané, lan asmané sinebut: Panasehat elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman. Gedhé pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajané, awit iku kadhasaraké lan kasantosakaké kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawasé” (Yesaya 9:5-6).

Gusti Yésus piyambak nyethakaké gegayutan pameca liyané saka Yesaya, nalika Panjenengané lenggah ing sinagoge kang ana ing Nazaret, lan nyuplik pemeca kang ngrembug gegayutan sarira Panjenengané, lan Panjenengané maos: “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengané wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakaké kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengané wis ngutus marang Ingsun, martakaké luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe andelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes ngundhangaké tahun kang dadi keparenge Pangeran”. (Lukas 4:18-19).

Panjenengané uga ngakoni ing ngarepe umum gegayutan kraton kang asipat keallahan Panjenengané ing ngarepan Pilatus Sang Gubernur Rum atas laladan Yudea, kanthi ngandika: “....Kraton Kula boten saking donya punika; ....Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana Ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula” (Yokanan 18:36-37).

Saka bukti iki, kita ndeleng yén Gusti Yésus ora mung dijebati, nanging Panjenengané iku Pribadi kang dijebati, Sang Kristus piyambak, Pribadi pilihan Gusti Allah kang banget déning ora ana bandhingané kang ing sajroné Panjenengané kabéh hak saka kabéh ratu, nabi lan imam nyawiji. Panjenengané iku Ratu kang andhap asor kang marang Panjenengané kabéh panguwasa ing suwarga lan ing bumi wis diparingake. Panjenengané luwih Agung ketimbang kabéh nabi, awit Panjenengané iku sabda Allah kang manjalma, kang kagungan kabéh pratéla ing sajroné sarira Panjenengané. Panjenengané iku Imam Agung kang sejati, kang lumantar pisusung sarira Panjenengané ngrukunaké kabéh manungsa karo Gusti Allah. Panjenengané waé siji-sijine Pantara kang dadi jalaran Gusti Allah ketemu karo manungsa.

Gusti Yésus iku Sang Raja Imam kang nuku umat kraton Panjenengané kanthi rah Panjenengané piyambak, kang nimbali umat ing sajroné patunggalan, mbeneraké, nyucekaké, lan ngrubah umat mau dadi titah anyar kanthi mangkono umat bisa dadi kaimamam keprabon kang dadi syafaat kanggo jagat kang ilang iki.

Ing dina pengadhilan Sang Kristus bakal dadi hakim, awit kajaba sipat kaallahan Panjenengané, Panjenengané uga Manungsa sejati lan Panjenengané pirsa kahanané manungsa. Panjenengané waé Kang Maha Kuwasa kang bisa nangekaké wong mati, dikaya wis dibuktekaké Panjenengané.

Kaagungan Gusti Yésus Kristus ngluwihi kabisan pangertene manungsa, awit Panjenengané iku Sabda lan lumantar Panjenengané Gusti Allah nitahaké samubarang kabéh. Panjenengané iku Gusti atas jagat raya kang kagungan karsa supaya kita mbangun turut sawutuhe marang Panjenengané. Panjenengané pantes nampa panyembahe wong-wong kang diwarasaké Panjenengané ing Galilea. Kita nemokaké ing sajroné asma “Kristus” kagungan panguwasa Allah lan kabisan ngganepi pakaryan panebusan Panjenengané.

Ing jaman Gusti Yésus, wong-wong Yahudi ngreti babagan pameca rawuhe Sang Kristus, lan kanthi temen-teman ngenteni rawuhe Panjenengané awit duwé pangarep-arep yén Panjenengané bakal nguwalaké wong-wong mau saka pasangan panindhes Rum. Wong-wong mau luput mangreti karsané Gusti Allah, lan duwé pangarep-arep piyayi kang nguwalaké lan dadi pahlawan politik kang bakal nggerakaké lan nyawisaké wong-wong mau nyirnakaké para satruné, lan ora duwé pengarep-arep Juru selamet kang alusing bebudén lan kebak welas asih. Sebanjure, nalika Gusti Yésus Kristus rawuh kanthi andhap asor tanpa ngasta gaman utawa dhuwit, tanpa duwé kalungguhan kadonyan, mubeng saka kutha siji lan liyané, martakaké Injil keselametan, wong-wong Yahudi dadi nesu banget, nampik Panjenengané kang di Prasetyakaké iku, lan masrahaké Panjenengaen ing sajroné tangan Panguwasa Rum minangka wong kang mbalela kang asipat politik supaya Panjenengané nyangga paukuman pati kang mirang-mirangake. Wong-wong Yahudi isih ngenteni rawuhe Sang Kristus kang bakal nangekaké wong mati, lan kang nyepeng pemerintahan bangsané kanthi nggunakaké tekene Musa. Yaiki sebabé akéh ing antarané wong-wong Yahudi mau kanthi semangat makantar-kantar nampani si AntiKristus kang nyasaraké manungsa lumantar apus-apus, ndudut atine wong akéh, mbuwang bangsa-bangsa ing sajroné panandhang lan kahanan ngokro.

Nanging, Sang Kristus kang sejati, yaiku Gusti Yésus kang kebak rasa asih lan alusing bebudén wis ngalahaké coban kang tumuju dosa-dosa kajasmanen. Panjenengané nyingkur sarira Panjenengané lan kanthi pangorbanan sarira Panjenengané iku Panjenengané ngganepaké pangapura atas dosa-dosa kita ing ngarsané Allah. Panjenengané uga wis nelukaké panguwasa pati nalika Panjenengané wungu saka séda lan mingkrat menyang swarga. Ing kana Panjenengané nyepeng pemerintahan ing sisih kanan Allah ing sajroné kamanunggalan kang sempurna karo Panjenengané, dadi pantara lan syafaat kanggo kabéh wong kang pracaya marang Panjenengané, kang wis disucekaké Panjenengané lan diparingi panguwasa Sang Roh Suci Panjenengané minangka ganjaran lan nugraha. Mengkono Panjenengané neguhaké kraton katresnan Panjenengané ing tengah-tengah rasa sengit manungsa. Sang Kristus iku Ratu katentreman, kang menang atas kabéh panguwasa kang lumawan Allah.

Kabéh wong Kristen kang andhap asor nyimpen asma Sang Kristus ing sajroné atiné, awit lumantar iman marang Panjenengané, lan lumantar baptisan wong-wong mau ing sajroné asma Panjenengané, Sang Roh Suci manunggal ing sajroné wong-wong mau nalika wong-wong mau dadi wong-wong kang nampa jebatan kang asipat keallahan, dikaya Petrus nguwuh ing dina Pentakosta, “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun gusti Yésus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa, satemah panjenengan sami badhé nampnei peparing Roh Suci” (Lelampahan Para rasul 2:38).

PANDONGA: Dhuh Allah ingkang suci, kawula memuji Paduka awit Paduka sampun ngutus Sang Kristus ingkang Paduka prasetyakaken dhumateng kawula, ing salebetipun Panjenenganipun manunggal sadaya kapenuhan keallahan Paduka, lan Panjenenganipun nguwaosi atas sadaya ratu, imam lan nabi. Kawula manembah Paduka awit Paduka mboten nelukaken jagat menika ngangge gaman lan peperangan, nanging kanthi katresnan lan andhap asor, maringi dhumateng para pandhérékipun sang Kristus jejebatan Sang Roh Suci.Jebati kawula ugi kanthi makaten kawula saged gesng ing salebeting keselarasan kaliyan Sang Kristus. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa to pentingé sesebutan “Kristus” iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 11, 2025, at 01:43 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)