Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)
4. Ambudidaya Sang Prabu Hérodhés Nyedani Gusti Yésus (Matéus 2:12-23)MATÉUS 2:19-21 Gusti Allah ora ngersakaaké Gusti Yésus tuwuh ing sajroné budaya Mesir kesuwén, ya awit saka kuwi Panjenengané ngandika marang Yusuf lumantar wahyu kang kaping teluné ing sajroné pangimpen supaya Yusuf, Maryam lan bayiné bali menyang omahe. Yusuf sakeluwargané ora bali menyang Bétlehém lan ora menyang kraton Yahudi, nanging menyang laladan lor Israél, kanthi mengkono panggulawentah marang Gusti Yésus landhesané njupuk oyot saka basa Ibrani lan Aram lan saka watonan-watonan Prejanjian lawa. Ing kabéh prakara kita tindakaké, becik banget ndeleng dalan kita kang cetha lan padhang karo Gusti Allah kang ndhisiki kita. Kita aja lumaku menyang mrana utawa mrené tanpa dhawuhi Panjenengané. Astané Gusti Allah mundhut uripe Hérodhés. Senajana para raja, nabi lan pangon mati, gusti Allah, Putra Panjenengané Yésus lan badan Sang Kristus kanthi cara kasukman, bakal langgeng nganti selawase. Manawa panjenengan temen-temen pandhérék Gusti Yésus kang yekti lan panjenengan tiba ing sajroné kahanan kang angel, tetap tenang awit wong kang pracaya marang gusti Yésus, Gusti kang Urip iku, kagungan gesang kang langgeng. MATÉUS 2:22-23 Nalika Sang Prabu Hérodhés Agung tilar donya ing tahun 4 sM awit panandhang kang ora bisa kasebut, dhéwéké netepaké yén telu anaké bakal entuk warisan saka Krajane; Arkhelaus marisi Yerusalém, lan laladan sakiwa tengené Antipas marisi Galilea lan Perea, lan Filipus marisi Gaulonitis, Trakhonitis lan Paneas. Arkhelaus kang nggenteni bapaké ing Yerusalém uga pada wengisé kaya bapake. Arkhelaus tahu perintah marang prajurite supaya mateni telung ewu wong kang ziarah ing dalanan Yerusalém, bareng pisan. Awit saka wengis lan kejeme, Yulius Kaisar nglereni dhéwéké saka kalungguhané ing tahun 3 M lan diguwang menyang Perancis. Sang Nata Agung masrahaké laladané marang Pontius Pilatus, dadi Gubernur, kang nibakaké paukuman pati marang Sang Krustus ing kayu salib. * Awit saka iku saben kita maca Prejanjian Anyar bab Hérodhés, kita kudu eling kang dikarepaké kang nulis Injil yaiku Antipas, raja Galilea lan nguwasani sisih kidul Yordan. Ora perlu diomong, manwa Yusuf banget anggoné wedi krungu pawarta bab kekejemané Arkhelaus ing Yerusalém, lan ana pitakonan ing atiné apa dhawuh Gusti Allah supaya dhéwéké mulih iku luput? Nanging wong duwé iman iku ndedonga ing sajroné rasa kuwatiré, lan gusti paring jawaban marang dhéwéké yaiku diparingi wahyu kang kaping pate lan dhawuh marang dhéwéké supaya lunga menyang Galilea. Ana Galilea Yusuf milih manggon ing kutha Nazaret, awit Maryam tau urip ana ing kana. Kuthané cilik lan ora misuwur, ora katon nggumunake. Kutha iki ora disebutaké ing pérangan ngendi waé ing Prejanjian Lawas nanging dadi papan manggoné Gusti Yésus sasuwéné Panjenengané ana ing donya iki. Iki selaras karo pameca kang mratélakaké, Panjenengané ora bakal duwé kadonyan kang nggumunaké kang dadi jalaran kita kadudut ati kita marang Panjenengané malah papan Panjenengané tuwuh dewasa ora sawijining papan kang nggumunaké ( Yésaya 53:2). Nalika nyebutaké bab kutha iki, sawijining tembung Ibrani kang liya saktléraman ana ing pikirané Matius, “Netzar”, kang tegesé trubusan bakal tukhul saka semenan Isai lan bakal mundhak-mundhak ngetokaké pang lan oyote (Yésaya 11:1,2). Ing sajroné pameca iki disebutaken bab kapenuhan Roh Suci kang manunggal ing sajroné Gusti Yésus kang sinebut “Netzar” iku. Dadi, Gusti Yésus, sakwisé ditimbali saka “Nazaret”, sebanjuré dipratelakaké dadi “Netzar” yaiku pang utawa semenan. Pilatus ngringkes makna kang penting dhéwé kang gegayutan karo kutha Nazaret iki ing sajroné sesebutan kang ditulis lan dipasang ana ing kayu Salib, “Yésus saka Nazaret, Ratuné wong Yahudi” (Yohanes 19:19) PANDONGA: Kula manembah Paduka, Rama Kasuwargan, awit Paduka sampun dhawuh dhumateng Yusuf kaping sekawan lumantar pangimpen, mratélakaken dhumateng piyambakipun karsa Paduka, lan nyengkuyung piyambakipun kanthi kekiyatan supados mbangun turut pitedah Paduka kanthi iman. Paduka ngayomi Putra Paduka sawetahipun ing wekdal Panjenenganipun tasih enem, awiwt menika ayomi kula ugi. Paduka yasa ing manah kula menika raos kepéngin mbangun turut dhumateng tuntunan Paduka kanthi makaten kula saget kanthi bingah nanggapi suwanten Sang Roh Suci Paduka. PITAKONAN
KUISPara maos kang kinasih, Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matius ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |