Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)
3. Kamardhikan saking dosa ndadosaken kita saged ngladosi sang Kristus (Rum 7:1-6)RUM 7:1-6 Paulus ngajeng-ajeng bilih tiyang-tiyang Kristen Yahudi badhe nampi piwulangipun gegayutan kaliyan pejahing roral kasusilanipun, lan bab wungunipun wonten ing Sang Kristus minangka tiyang-tiyang pitados. Nanging Paulus ugi mangertos bilih pyambakipun kedah paring wangsulan ingkang cetha bab dununging angger-angger Toret, awit tiyang-tiyang punika nganggep bilih Toret punika wahyuning Allah, punjering sadaya wahyu, lan kapenuhaning sadaya prekawis ilahi ingkang kaparingaken dhumateng Musa. Paulus nyerat dhumateng tiyang-tiyang punika: Kowe kang ngerti lan nresnani angger-anggering Toret, cinancang dening Toret kaya dene wong lanang lan wadon kang cinancang ing angger-anggering jejodhohan. Lan kaya dene pedhoting tali jejodhohan samangsa bojone mati, mangkono uga kowe bebas saka angger-anggering Toret, marga kowe wis mati ana ing sedaning Sang Kristus. Sarirane kang kakubur iku dadi badanmu, mula pati wis ora ngereh kowe. Nanging Sang Kristus wungu saka ing seda, temah kowe saiki bebas milih Kang Ngereh panguripan iku lan akarya prajanjian anyar karo Putraning Allah.” Prajanjian ingkang lami punika prajanjianing pati tumrap pangadilan ingkang pungkasan dhedhasar angger-anggering Toret. Samangke sareng panjenengan lumebet ing patunggilan langgeng kaliyan Ingkang ngereh panguripan punika, woh-wohing Roh tuwuh gembel ing gesang panjenengan, inggih punika: katresnan, kabungahan, tentrem rahayu, kasabaran, kabecikan, loma, kasetyan, alusing budi lan ngendhaleni awake dewe, lan ugi watak-watak saking Gusti Yesus, inggih punika panuwun sokur, kabeneran, kasucen lan kacukupan. Allah ngersakaken wontening woh-wohing Putranipun wonten pigesangan panjenengan, karana Sang Kristus seda, wungu lan ngesokaken Rohipun dhumateng sadaya manusa supados manusa saged ngasilaken woh-wohipun. Kados dene para among tani makarya kanthi sengkut lan ngajeng-ajeng wohipun, mekaten ugi Allah kagungan wenang tumrap gesang panjenengan. Saderengipun Sang Kristus, manusa kaanggep abdining angger-angger Toret, ngantos sadaya hawa nepsunipun kasirnakaken, karana pangwasaning dosa nyurung kita nindakaken piawon. Angger-anggering Toret ndamel kita saya kathah nindakaken woh-wohing pati. Punika boten namung mbekta kita dhumateng panerak, nanging ugi ngukum kita tanpa welas asih. Nanging wonten ing Sang Kristus kita pejah tumrap sadaya tuntutanipun Toret, karana Sang Kristus kanthi sampurna netepi angger-anggering Toret lumantar sedanipun. Karana kita pejah tumrap diri kita pyambak lumantar iman kita dhumateng Panjenenganipun ingkang sinalib, kita nganggep diri kita pejah lan uwal saking sadaya wahyu ingkang lami. Wonten ing prajanjian ingkang enggal, ingkang dhedhasar wahyu ingkang langkung sae temah kita boten kesandhung malih dhumateng angger-anggering Toret, nanging saged ngladosi Allah wonten ing pangwasaning Roh Sucinipun. Pigesangan kita boten dipun kupengi malih dening tali ingkang ngancam kita, nanging kita sampun kagesangaken malih karana timbalan katresnan dhumateng pigesangan kang kebak kabingahan wonten ing rehing tentrem rahayu saking Allah. Roh prajanjian ingkang enggal boten badhe dados sepuh utawi lalu yuswa, karana pnajenenganipun punika Allah ingkang wonten winates. Panjenenganipun kagungan pangwasa ingkang boten winates ing bab kawicaksanan, kasaenan, kamirahan lan pangajeng-ajeng. Pramila saking punika, kapasrahna gesang panjenengan sawetahipun dumateng pimpinaning Rohipun Allah wonten ing Injil, temah gesang panjenengan saged pikantuk kasugihan rohani lan pangwasanipun Allah, saha tuwuh wonten ing andhap asor lan alusing budinipun Sang Kristus, awit panjenengan sampun pejah, lan Pnjenenganipun ingkang gesang wonten pigesangan panjenengan. PANDONGA: Dhuh Allah kang suci, matur nuwun amargi Paduka sampun nimbali kawula medal saking bebandaning angger-angger Torét lumantar sédanipun sang Kristus ingkang netepi sih katresnan lan bebener wotneg ing gesangipun lan ugi kajeng salibipun. Kawula mulyakaken Paduka amargi Paduka nglebetaken kawula wonten ing prajanjén ingkang énggal lan Paduka manggén lumantar Rog Paduka ingkang nglipur manah kawula saéngga kawula saged ngasilaken woh-woh Roh Suci kanthi kwasa kanugrahan Paduka. PITAKON:
Awit kita sami pitados |