Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 130 (The witness of John and his gospel)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
5. Gusti Yesus ngatingalake sarirane ing pinggire tlaga (Yokanan 21:1-25)

d) Paseksen bab Yokanan lan Injile (Yokanan 21:24-25)


YOKANAN 21:24
24 Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata.

Ing kene kita nemokake papat kayekten kang penting.

Kang nulis Injil iki isih urip nalika Injil iki disebarake menyang ngendi-endi, lan banget dikenal dening gereja-gereja kang nggunakake basa Yunani. Yokanan tetep dadi murid Gusti Yesus wiwi jaman Yokanan Pembaptis nganti marang mikrate Sang Kristus menyang Suwarga.

Yokanan iku seksi kang ndeleng nganggo mripate dhewe bab Gusti Yesus Kristus. Dheweke ngrungokake pangandikane Gusti Yesus lan nulis pangandikan iku dikaya dheweke uga nulis gegayutan kaelokan kang ana. Dadi ora salah siji anggota gereja kang nylis Injil iki, nanging Yokanan dhewe minangka jejere murid kang ditresnani.

Bisa uga dheweke ora lancar nggunakake basa Yunani, awit saka iku ndhetekake pikirane kang agung iki marang salah siji pandhereke kang pinter bahasa Yunani. Maknane banget cetha, lan kayektenake ora owah gingsis. Wong-wong kang martak-martakake Injil iki ngakoni kanthi siji suwara yen paseksene Yokanan iki bisa dipercaya. Pangakon iki penting, awit Injil Yokanan iki beda ing sajrone sari pati karo telu Injil kang liya. Kita bungah yen Injil kang ora ana bandingane saka murid kang ditresnani dadi salah siji bandha kanggo urip kita.

Wong-wong kang marta-martakake Injil iki sarujuk mratelakake gegayutan kasunyatan Sang Kristus ing sajroning uripe, lan sawise nampa Panjenengane, wong-wong mau duwe panguwasa kanggo dadi para putrane Allah, kang pracaya marang Asma Panjenengane. Sang Roh Suci sebanjure mandhap marang wong-wong mau, urip ing sajrone wong-wongmau lan andadekake wong-wong mau duwe kabisa kanggo bisa mbedakake antarane roh-roh ala. Wong-wong mau ngreti kayekten ing antarane apus-apus lan patrap kang ngunggul-unggulake, awit wis ngrasakake Roh Panglipur iku nuntun wong-wong mau marang kabeh kayekten.

YOKANAN 21:25
25 Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yeseus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku

Sawetara wong mikir yen anane papat Injil iki dadi watu sandhungan. Manawa kita nglebokake uga layang-layang Petrus minangka Injil terusane (dikaya kang dikandhakake), mula kita bakal nemokake ana lima, dikaya panguripan wong Kristen kang sejati uga iku Injil. Kang Nulis Kitab Ijil ngakoni yen dheweke krungu akeh pangandika lan apa kang ditindakake Gusti Yesus saka para murid kang liyane, lan dheweke ngakoni ora bisa nulis kabeh. Kapenuhane Allah pancen ana ing sajarone Gusti Yesus. Malah nganti dina iki Panjenengane dumunung ing sajrone Gereja Panjenengaen lan nuntun gereja nalika gereja lumaku ing dalan Panjenengane. Manawa kita mbudidaya supaya nulisake kabeh prakara kang ditindakake dening Gusti Yesus wiwit patangen nganti dina iki, mula ora bakal jilid lan buku gedhene sepira ora bisa ngemot. Wong-wong Kristen bakal mbutuhake wektu nganti kelanggengan kanggo bisa ngerti kaya apa dhuwure, jembare, jerone lan dawane Katresnan Sang Kristus kang makarya ing sajrone sejarah.

Gusti kita kang urip makarya lumantar sabda Pangandikane dikaya kang tinulis ing sajrone Prejanjian Anyar. Kita ngakoni awak kita rumangsa beja, awit kita krungu suwara Panjenengane, nyakep apa kang digalih Panjenengane lan ndherek apa kang dadi timbalan Panjenengane. Yokanan nggambarake gegayutan Katresnan Gusti Yeseus Kristus, supaya kabeh wong ngakoni, “Kita wis ndeleng kaluhuran Panjenengane, kaluhuran minangka jejere putra tunggal Sang Rama, kebak sih rahmat lan kayekten. Lan saka kapenuhan Panjenengane kita kabeh wis ditampa, nugraha atas nugraha.”

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun, gusti Yesus Kristus, awit maringi wahyu dhumateng para abdi Paduka supados nyerat Injil Sih Rahmat Paduka. Paduka ngandikan dhumateng kawula lumantar seratanipun. Kawula ngaturaken panuwus atas sih kawelasan Paduka, pangandikan, tumindak, gesang, seda lan patangen Paduka. Paduka sampun mratelakaken Sang Rama dhumateng kawula lan paring pangapunten dosa-dosa kawula. Paduka sampun maringaken dhumateng kawula gesang enggal lumantar Sang Roh Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kanggo apa paseksen wong-wong kang martak-martakake kita Injil Yokanan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 12:04 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)