Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
B - LELAKON-LELAKON KANG MELU BUJANANE GUSTI (Yokanan 13:1-38)
2. Wong kang khinat dipratelakake lan diwirangake (Yokanan 13:18-32)YOKANAN 13:21-22 Gusti Yesus nyethakake marang para murid Panjenengane gegayutan tresna tinresnanan lan laden linadenan. Panjenengane ngatingalake model tetep andhap asor lan duwe patrap alus ing bebuden ing ngarepe para murid, lan agawe yen panguwasa Panjenengane bakal sumunar ing tengah-tengah karingkihan, supaya para murid bisa ngreti yen Panjenengane iku dadu jejere Gusti, kang nindakake lan kang ngatur kabeh lelakon, malah nalika Panjenengane ngadhepi seda. Minangka perangan saka katarangn iki, gusti Yesus mratelakake gegayutan anggone Yudas duwe tindak khianat lan masrahaken kaleksanane tindak pialane, supaya cetha yen Yudas ora bakal atindak selaras karo rancangan pribadine wae, nangin selaras karo apa kang wis dipirsani ing Suwarga. Gusti Yesus ngandika marang para murid Panjenengane yen salah siji antarane para murid wis netepake kanggo masrahake Panjenengan ing tangane Makamah Agama Yahudi. Pengumuman iki kaya suwara jumlegere bledosan kang ngagetake ing tengah-tengahe riyayan kang nyenengake. Gusti Yesus ora ngumumake gegayutan prekara iki mengkono wae, nanging Panjenengane piyambak rumangsa trenyuh ing manah Panjenengane, kaya kang dumadi ing ngarepe kubur Lazarus. Panjenengane prihatin gegayutan anggone ngrasakake yen nalika iku gusti Allah ninggalake Panjenengane. Gusti Yesus wis nresnani Yudas lan milih dheweke; katone banget dening mokal yen sawijining mitra kang pinilih bakal duwe timindak ngianati putrane Allah. Sinadyana kitab suci nulis prekara iki ing sajrone Mazmur 41:10, “Dalah mitraku kang dakpracaya, kang kembul mangan karo aku, iku uga ngethungake tungkake marang aku” Nalika iku, para murid pandeng-pandengan ing antarane siji lan sijine lan mikir, “Apa dheweke kang dadi wong kang ngianati iku?”. Para murid rumangsa was-was bab anane salah siji ing antarane para murid bakal duwe rancangan mbalela. Saben para murid wis duwe angenan gegayutan ninggalake gusti Yesus manawa dalan Panjenengan dadi tambah angel, lan tambah akeh sing ngenyek lan kang nampik. Para murid nyawang marang awake dhewe tinarbuka ing ngarsane Panjenengane, lan para murid rumangsa isin uga ora bisa ngadhepi ujian ilahi ing ngarepe pepadhang ing paningale Gusti Yesus. YOKANAN 13:23-30 Ing tengah-tengah kahanan kang kisruh iku, kang dumadi awit tindak kianat kang meh dumadi, kita maca sawijining paseksen gegayutan apike katresnan kang bener nyata. Yokanan sumendhe ing sandhing gusti Yesus. Priyayi kang nulis kitab Injil iki babar pisan ora tahu nyebutake jenenge dhewe ing Injile, nanging dheweke terus mbeberake gegayutan anggone cerak karo gusti Yesus, kang dadi tandha katresnan. Dheweke rumangsa ora ana pikurmatan kang luwih ghedhe ketimbang karo wewengan ana ing cedhake gusti Yesus. Iya ing sajroning prekara iki sebanjure dheweke ora nulis jenenge dhewe lan ngluhurake putra Allah iku. Petrus banget dening isin takon langsung marang gusti Yesus gegayutan sapa wonge kang bakal ngianati iku, nanging wektu iku uga Petrus selak kepengin ngerti sapa wonge, rasane ora bisa tahan. Dheweke menehi sasmita marang Yokanan supaya nyuwun pirsa marang gusti Yesus sapa kang bakal nindakake kianat iku. Yokanan banjur nyawang gusti Yesus lan nyuwun pirsa, “Sinten to tiyange gusti?” Gusti Yesus paring wangsulan pitakonan iki kanthi alon-alon, lan ora nyebutake jenenge sapa wonge kang bakal nindakaken khianat iku, nanging paring sasmita nganggo obahing awak kanthi tenang. Gusti Yesus ora kersa langsung nyebutake jenenge sing duwe tindak khianat iku ing ngarepe umu nalika iku. Isih ana wewengan kanggo Yudas kanggo mbatalake apa kang wis dirancang. Gusti Yesus nyuwil roti sih rahmat kang manunggalake antarane Panjenengane karo para murid Panjenengane lan nyelupake roti mau ing sajroning tuwung lan menehake marang Yudas. Tujuan saka apa kang Panjenengan tindakake iki kanggo nguwatake murid iku ana ing sajroning urip langgeng. Nanging awit Yudas pancen wis duwe tekad tumindak khianat, mula cuwilan roti iku babar pisan ora ana daya pengaruhe marang dheweke, malah andadekake wangkote atine. Atine wis katutup sih rahmat, lan Iblis mlebu ing sajroning uripe. Kaya ngapa ngegirisi gambaran iki! Kanthi panguwasa lan karsa Panjenengane Gusti Yesus wis mangkotake wong kang pancen wis wangkot! Nalika gusti Yesus nawani roti marang Yudas, Iblis wis ana ing pikirane. Sakwise dheweke nampani roti iku, si pangawak dursilo ing nguwasani dheweke. Pengadilan atas gusti Yesus atas wong kang tumindak kianat iku agawe Yudas pedhot saka panjangkunge Allah lan masrahake Yudas marang Iblis. Ujug-ujug, Yudas nemokake awake tinarbuka nalika dheweke nampani cuwilan roti iku. Banjur dhawuhe gusti Yesus kang kebak kaprabawan ngagetake, “Aja nungka kaleksanane rancangan alamu, nanging tindakna saiki uga supaya piala dikalahake lan malah kang timbul iku kabecikan.” Para murid ora bisa nyakep dhawuh Gusti Yesus supaya Yudas enggal-enggal lunga. Pakulinane gusti Yesus dhawuh marang Yudas supaya tuku panganan kangge kabeh kang ana ing kana. Yokanan ora tahu lali gambaran kang banget nggegirisi saka Yudas, kang rubah saka padhang ing ngayunane Sang Kristus malah pepeteng kang ana ing njaba. YOKANAN 13:31-32 Kepiye to Gusti Yesus kaluhurake lumantar patrap kajuligan iku? Kepiye preka kang becik bisa tuwuh saka patrap kang ala? Gusti Yesus prihatin-nalika murid kang wis kapilih Panjenengane ninggalake Panjenengane. Panjenengane terus maringi panyurung kang kebak katresnan supaya kang duwe niat kianat iku bisa bali. Nanging wong iku malah enggal-enggal lunga marang Makamah Agama Yahudi, kang nyawisake prajurit lan di wenehi gaman kanggo nyekel gusti Yesus ing tengah wengi. Sang Kristus nampani coban saka Iblis kanggo dadi Sang Mesih ing babagan politik, nalika Panjenengane ngongkon Yudas supaya nindakake rancangan anggone arep kianat. Panjenengan milih seda dadi jejering cempening Allah, supaya nebus manungsa kanthi andhap asor lan alusing bebuden, lan mratelakaken kanthi sedane yen katresnan kang mawa korban iku hakikat sabenere saka kaluhuran Panjenengane. Gusti Yesus ora golek kaluhuran pribadi, nanging kaluhuran Sang Rama ing sajroning sedane. Rama Panjenengane wis ngurus Panjenengane ing sajroning jagat kanggo nylametake kang ilang. Sang Putra wis ngersakake kanggo nganyarake gambar Sang Rama ing sajrone manungsa kang wis tiba. Ya kanggo nganyarake iki gusti Yesus mratelakake Sang Rama lan nuwuhake iman marang kabecikane Allah minangka jejere Rama ing sajroning uripe manungsa. Latihan wae ora bakal cukup, awit dosa wis numpuk lan dadi pepalang antarane Gusti Allah karo kang dititahake. Sang Putra kudu seda supaya pepalang kang misahake kita saka Gusti Allah iki bisa dijur, lan kang dadi syarat kayekten bisa kaujudan. Sedane sang Kristus iki kunci saka kaluhurake asmane Sang Rama. Tanpa dalan seda iku, ora bakal ana pangerten kang bener bab Sang Rama, ora ana kang bisa diangkat sah minangka jejere Putra, lan ora ana kang kaanyarake kang sejati. Nalika Sang Kristus nyingkur sarirane, kang lumantar prekara iku sedane Panjengane bakal dadi kaluhuran Sang Rama, Panjenengane uga mratelakake yen Sang Rama Panjenengane bakal ngesokake kaluhuran marang Panjenengane, kanthi mangkono Panjenengane bakal dadi sumber banyu saka kabeh ganjaran kang luhur. Sadurunge dicekel lan disalib, gusti Yesus wis mirsani anggone bakal tangi saka pati, mingkrat lan Panjenengane lenggah ing dampar. Sang Kristus kudu seda supaya mlebu ing sajrone kaluhuran Panjenengane. Kabeh wong kang nampik panandang lan sedane Sang Kristus, utawa kang nganggep prekara iku minangka tanda karingkihan, ora bisa mangerti karsane Allah kang kaujudan ing Kayu Salib, lan bab kasucen Sang Putra, kang mbukak lawang kubur. Panjenengane nuduhake kaluhuran Panjenenane ing Mezbeh ilahi, ing ngendi Panjenengane ngobong korban makili kabeh manungsa, kanthi mengkono sing sapa pracaya marang Panjenengane bakal nampani kabenerake. PANDONGA: Dhuh Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, kawula ngluhuraken Asma Paduka awit kawilujengan ingkang saking Paduka, awit anggen andhap asor lan panandang, seda lan wungunipun Paduka. Kawula pitados bilih kawula sampun dipun tebus lumantar rah Sang Kristus. Kawula ngaturaken dhumateng Paduka kaluhuran kanthi Panguwaos Sang Roh Suci. Paduka sampun milujengake kawula saking antawisipun kangelan lan bebayane panggesangan. Panggesangan ingkang Paduka tawakake dhumataeng kawula inggih menika panggesangan langgeng. Kawula pitados bilih Putra Paduka badhe enggal rawuh ing salebetipun kaluhuran. Amin. PITAKONAN:
|