Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 011 (The Sanhedrin questions the Baptist)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

1. Utusan saka golongan sahedrin nakokake Yokanan pembaptis (Yokanan 1:19-28)


YOKANAN 1:19-21
19 Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten? 20 nabi Yokanan ngaken kanthi beres: Aku iki dudu Sang Kristus. “ 21 Pitakone kongkonan: Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu”

Kebangunan rohani dumadi ing ngare Yordan, kang underane marang Yokanan Pembaptis. Ewon wong ora kaalangi dening dalan kang angel ing pegunungan dhuwur kang diapit dening jurang-jurang kang jero lan njuleg. Wong-wong mau teka marang Yokanan Pembaptis supaya bisa krungu apa kang dikandhakake Nabi anyar iku, lan dibaptis dening Yokanan kanggo pangapuraning dosa-dosane. Wong akeh iku umumme dudu wong-wong kang ora ngerti, kaya kang dikandhakake dening wong-wong kang gumunggung, nanging wong-wong mau ngrasakake ngelih lan mbutuhake tuntunan ilahi. Wong-wong mau banjur ndeleng kasekten lan panguwasa ing sajroning badan wong kang anduweni. Wong-wong ora gelem ngrungokake mung bab upacara lan tatanan, nanging kepengin ketemu karo Allah.

Anggota Sanhedrin, badan pengadilan sing dhuwur dhewe agama Yahudi, ngerti anane kebangunan rohani iki. Badan pengadilan kang dhuwur dhewe iki ngongkon para imam lan para kang tugas mligi, kang tugase nyembelih kewan-kewan korban. Para kang dikongkon mau kudu takon marang Yokanan Pembaptis, yen nganti Yokanan Pembaptis nuduhake ciri-ciri ngipat-ipati, mula kang dikongkon mau kudu nyirnakake Yokanan Pembaptis.

Dadi patemon antarane Yokanan Pembaptis karo para kongkonan saka Sahendrin iki asifat resmi lan mbebayani. Penginjil Yokanan ngarani wong-wong iku yaiku wong-wong Yahudi saka Yerusalem. Kanthi aran iki dheweke mbuka sari pati saka Injile. Awit ing wektu iku pikiran Yahudi banget kenthel kang asifat sastra ing sajroning nanggapi paugeran Torat, kebak fanatik lan sujanan, kanthi mengkono Yerusalem dadi punjering kang lumawan marang Roh Sang Kristus. Ora kabeh wong saka jaman Prejanjian Lawas lumawan, nangin mung kumpulane para imam, mligine wong-wong Farisi, kang dadi satru kang kebak jubriyo marang saben gerakan agama kang kaanggep nyimpang saka rencana lan kan dikendaleni wong-wong iku. Ya iki sebabe wong-wong golongan Farisi iku kepengin njiret Yokanan Pembaptis nganggo pitakonan.

“Sinten Panjenengan menika?” yaiku pitakonan kawitan wong-wong kang dadi kongkonan marang Yokanan kang dikupengi dening wong-wong kang arep mretobat kang ngrungokake dheweke kanthi kebak kawigaten. “Atas ijin sinten panjenengan ngandikan menika? Menapa panjenengan sampun sinau Paugeran Torat lan Teologi? Menapa panjenengan ngakeni menawi dipun utus Allah, utawi malah panjenengan ngakeni menawi panjenengan menika Sang Mesih?

Yokanan pembaptis ngerti menawa ing sajoring pitakonan mau ana kajuligan kang membayani dheweke, Yokanan dhewe orang bakal ngapusi. Manawa dheweke kandha ‘Aku iki Sang Mesih”, wong-wong mau bakal ngipat-ipati lan dheweke bakal diranjam; yen dheweke kanda “Aku dudu Sang Mesih”, wong-wong ing sakiwa tengene bakal ninggalake dheweke lan ora maneh nganggep awake ikut penting. Tedhak turune Rama Abraham ing jaman iku lagi nandang wirang awit dijajah dening Romawi. Wong-wong mau duwe pengarep-arep anane Sang Juru Selamet kang bakan merdekaake saka penjajahan Romawi.

Yokanan Pembaptis ngakoni kanthi tinarbuka yen dheweke dudu Sang Kristus lan dudu Putra Allah uga. Dheweke ora nampa sesebutan kang lelawanan karo tuntunan Sang Roh Suci. Dheweke milih tetap andhap asor lan setia marang timbalanne, pracaya marang Gusti Allah manawa Panjenengane ing titi mangsane bakal neguhake pawarta kang bakal diwartakake.

Sakwise jawaban sing nglarani ati wong-wong kang dikongkon mau, wong kang dikongkon mau takon maneh marang dheweke: “Menapa panjenengan menika nabi Elia? Asma Elia menika katuju dhumateng janji ing salebetipun kitab Meleakhi 4:5, ing kitab iku mratelakake manawa sedurunge rawuhe Sang Mesias, ana nabi kang bakal rawuh ing sajroning roh lan panguwasa saka nabi Elia kang misuwur, kang ngudunake geni saka langit marang satru-satrue, lan kang nangekake wong kang wis mati kanti ijin Allah. Kabeh wong ngakoni Nabi Elia minangka pahlawan kang banget unggul lan diakoni dadi pemimpin atas bangsane. Nanging Yokanan ngasorake awake dhewe, sinadyana ing kasunyatane dheweke pancen nabi kang dijanjekake kaya kang disekseake dening Sang Kristus gegayutan dheweke (Matius 11:14)

Sebanjure imam iku takon apa dheweke iku salah siji nabi kang secara mligi dijanjekake, kang wis diweca dening nabi Musa kang bakal teka, kaya Musa menehi sawijining prejanjian kang anyar lan agung (Pangandaring torat 18:15). Saka pitakonan iku ana pepinginan supaya ngerti sapa sabenere kang wis ngutus dheweke kang wicara kaya dening nabi. Dadi wong-wong kongkonan mau ndhesek anggone takon sapa sabenere dheweke lan atas panguwasa apa kang dadi duweke, lan apa dheweke ngandhakake bab wahyu marang awake dhewe.

Yokanan Pembaptis nampik nglungguhake awake dhewe minangka paraga lang kalungguhan Nabi Musa. Dheweke ora kepengin netepake sawijining prejanjian kang anyar karo Allah tanpa dheweke diwenehi tugas apa kang kudu ditindakake. Dheweke uga ora gelem nuntun bansani nggayuh kamenangan secara militer. Dheweke tetap wae setia ing mangsa pancobang lan ora dadi gumunggung utawi gumedhe. Nalika iku dheweke wicaksana lan ora mangsuli pitakonan satru-satrue luwih saka tembung-tembung kang pancen dibutuhake. Penting banget manawa kita ngetrapake watonan iki ing sajroning urip kita.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun awit paduka ngutus Yokanan Pembaptis dhateng donya menika, priyantun ingkang mboten gumunggung. Apunten kawula atas gumunggung kawula ingkang gadhah pikiran bilih kawula langkung agung utawi langkung penting menawi kabandingaken kaliyan tiyang sanes. Wucal kawula supaya mangertos bilh kawula menika abdi ingkang asor lan bilih namung Paduka ingkang agung.

PITAKONAN:

  1. Apa tujuwane saka pitakonan-pitakonan saka kongkonane pradata kang dhuwur dhewe wong-wong Yahudi iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)