Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 224 (Parable of the Wise and Foolish Virgins)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

12. Pasemon Para Perawan Kang Wicaksana Lan Kang Bodho (Matéus 25:1-13)


MATÉUS 25:6-7
6 Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantené teka! Padha pethuken! 7 Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyané.

Sing sapa maca kabéh Prejanjian Anyar bakal nemokaké ing sajroné pasal-passale pepeling babagan rawuhé Sang Kristus kang kaping pindho. Pawartao iki disebutaké nganti kaping telung ataus. Tandha-tandha iku lumrahé digayutaké karo timbalan marang wong-wong pracaya kanggo nyucékaké awake. Dikaya pengantin lanang dandan supaya ketemu pengantin wadoh, mengkono uga anggota ing sajroné Sang Kristus bakal ndandani awaké kanthi watek andhap asor, katresnan, kabungahan, lan kasucén.

Ora ana wong kang temen-temen nyucékaké awak lan uwal saka dosa. Nanging awit Sang Kristus nyucékaké kita kanthi rah Panjenengané. Sang Roh Suci nuntun kita supaya mbangun turut paugeran Kristen, lan yasa ing sajroné awak kita rasa ngorong kanggo ngetrapaké katresnan ilahi ing sajroné panguripan kita. Sang Roh kang amberkahi iki mberek kita mraktekaké kasucén lan nindakaké sih kawelasan ing donya iki.

Ora ana wong kang bisa nresnani Gusti Allah lan pepadhané nganggo kabisané dhéwé. Awit saka iku, kita mbutuhaké pangandikané Allah ing sajroné ati kita kanthi mengkono kita bisa dadi Pangandikané Allah kang gesang lan lumaku. Panjenengan gatekaké ing kené pasemon saka Sang Kristus. Kabéh prawan kang ngiring wanuh Pangandikané Allah lan ngrasakaké éndahé Sang Roh suci, ananging prawan-prawan kang wicaksana nglumpukaké akéh panguwasa Gusti Allah, sawetara prawan kang bodho mung nglumpukaké sethithik waé. Iki bedané antarané kang bodho karo kang wicaksana. Sing sapa kurang lan Sang Roh Allah, sakwisé ngrasakaké kepenaké Sang Roh Suci iku, bakal ilang, awit mung wong-wong kang dituntun déning Sang Roh Suci kang sabener bener-bener diselametake.

Kepiyé kita bisa nampa lenga Sang Roh Allah? Aja lali yén kabisan kanggo nampa Sang Roh Allah uga mung bisa dumadi lumantar Panjenengané kang disalib iku. Lumantar karukunan Panjenengané kabéh wong dosa kang mratobat sebanjuré bakal nampa hak atas Roh panglipur iku. Duwéa kekendelan kanggo nyuwun ganjaran kasukman kang agung iki kanthi langsung marang Rama Kasuwargan, awit Panjenengané ngersakaké nyuceni kabéh para putra Panjenengané. Apa Sang Roh Allah manunggal ing sajroné panjenengan? Nggoléka ganjaran Sang Roh Suci, saiki, kanthi mangkono panjenengan ora bakal dadi wong-wong kang manget-manget, lan ora bakal tiba ing sajroné pati kasukman.

Kepiyé panjenengan bakal bisa diberkahi kanthi Sang Roh Allah? Waca lan gegilut Pangandikan ing sajroné Kitab Suci, lan rungokna uga pengalaman wong-wong pracaya. Panjenengan ora bisa sawutuhé ngreti Pangandikané Allah kanthi kabisané dhéwé. Banget migunani kanggo sinau bebarengan karo wong-wong liya kepiyé kanggo nampani tuntunan saka Gusti Allah malah manawa upamané panjenengan wis maca kabéh isi Kitab Suci nganti kaping sepuluh lan meh apal kabéh.

Kepiyé kita manunggal ing sajroné Sang Roh Suci? Iki bisa ditindakaké nalika kita ora gawé sungkawaning Sang Roh Suci Allah kanthi anggon kita tumindak bodho, lan mbangun turut marang timbalan kang alus Panjenengané nampik kabéh dosa, pracaya marang Gusti Allah, lan leladi Panjenengané kanthi kebak kasetyan lan kesabaran. Wong-wong pracaya kang disucéni urip ing sajroné andhap asor lan kabecikan kabawah tuntunan Sang Roh Suci. Kanthi cara iki, panjenengan bisa ngluhuraké Sang Kristus lumantar panguripan panjenengan lan mratélakaké gambaran babagan Rama kasuwargan marang wong-wong liya. Kanthi cara iki panjenengan luwih wicaksana tinimbang karo wong-wong kang bodho.

PANDONGA: Rama, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka maringi Sang Roh Suci dhumateng kawula minangka hasil saking anggen Paduka nebus kawula ingkang kebak rahmat, senajana kawula sejatosipun namung tiyang-tiyang dosa ingkang mboten pantes. Rah Putra Paduka murnekaké kawula kanthi makaten sih rahmat Paduka saget disempurnakaké ing salebetipun karingkihan kawula. Paduka alimputi kawula kanthi panguwaos Paduka kanthi makaten kawula mboten baké kekirangan ing salebetipun katresnan, nanging leladi Paduka kanthi kembak cecawisan lan patrap andhap asor, kapenuhan kanthi patuladan Paduka, lan lumampah ing salebetipun panguwaos Injil Paduka, ngentosi rawuh Penganten jaler kasuwargan.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta carané kita bisa nampa panguwasané Sang Roh suci lan manunggal ing sajroné Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)