Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 183 (Jesus’ Entrance into Jerusalem)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

1. Gusti Yesus Mlebu ing Yerusalém (Matéus 21:1-9)


MATÉUS 21:1-5
1 Bareng lakuné wis cedhak Yerusalém, wis tekan ing desa Betage ing gunung Zaitun, Gusti Yésus utusan sakabate loro, 2 Dhawuhé: “ Padha menyanga ing desa ngarepmu iku, mengko kowé bakal énggal mrangguli kuldi wadon cacangan karo beloné ana ing sandhinge. Iku padha uculana lan loro-loroné gawanen mrené. 3 Dené manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowé, kandhaa: Punika prelu kagem Gusti. Mangké tumunten badhé dipun wangsulaken.” Bab iku kalakoné supaya kayekténan kang dipangandikaaké déning nabi: 5 “Tutura marang putri Sion: Delengen, Ratunira ngrawuhi sira, Panjenengané iku alus panggalihé sarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”
(Markus 11:1-10, Lukas 19:29-38, Yokanan 12:12-19)

Kasugengané Gusti Yésus alandhesan marang pangreten kang kapenuhan Sang Roh, kang andadekaké anané kaujudané pameca. Panjenengané gesang kang selaras karo apa kang dikersakaké Sang Rama, lan Panjenengané wis pirsa sadurungé apa kang bakal dumadi.

Sadurungé Gusti Yésus mlebu ing Yerusalém, Panjenengané paring sawijining pratéla kang isiné ngatonaké anggoné andhap asor, “Gusti mbutuhake”. Putra Allah, Kang Maha Kuasa, ngasoraké sarirané lan dadi manungsa kang ringkih. Panjenengané miskin lan kekurangan, ora kagungan apa-apa, malah senajana mung belo pisan. Dina iki, akéh ing antarané kita duwé mobil lan omah kang apik, nanging Gusti Yésus tindak saka papan siji menyang papan liyané lan ora kagungan papan kanggo nyelehaké mestakané.

Prasetya babagan Ratu kang bakal teka ing zakaria 9:9, kalebu uga babagan bakal lan beloné. Kewan iku duwé mufangat ing sajroené 3 kayektan pameca kang banget déning éndah: Kawitan, Putra Allah ora gumunggung, nanging alusing bebuden lan andhap asor, ora kagungan rancangan kang asipat politik utawa selaras karo kepentingan jagat. Kaping pindho, Panjenengané iku Ratu kasukman lan Sang Mesih kang wis diprasetyakaké wiwit biyen. Kaping tiga, Panjenengané iku kang pantes nampa kabungahan gedhé lan panguwuh kamenangan.

Ing jaman Gusti Yésus, kuldi akéh digunaké dadi piranti lumaku; jaran mung wong gedhé lan lumrahé dienggo ana ing pepérangan. Kuldi, lumrahé dienggo kanggo pegawéan kang remeh kaya nggawa momotan. Sinadayana Sang Kristus, Sang Imanuel (Gusti Allah nganthi), bisa waé nyeluk malaikat kerup kanggo ngusung Panjenengané (Jabur 18:10), Panjenengané miliih asikep andhap asor lan nitih kuldi.

Sawetara wong duwé pikiran yén Gusti Yésus nindakaké pakulinan ing Israél yén para hakim lumrahé numpak kuldi (Para hakim 12:14). Sang Kristus kanthi mengkono, mlebu ing kutha ora dadi wong kang nelukaké, nanging dadi hakim Israél ‘kang teka kanggo ngadhili jagat iki”.

Para ahli Torét ing sajroning Prejanjian Lawas ménéhi loro gambaran babagan rawuhé Sang Kristus; kang kawitan yaiku numpak kuldi; kang kaping pindho, ana ing sakdhuwuré mega. Para ahli Torét nyethakaké bedané iki karo kandha yén Panjenengané bakal rawuh numpak kuldi manawa umat ing sajroné Prejanjian Lawas ora mbangun turut kabéh dhawuh Allah kanthi setya (kaya nindakaké dina Sabat), lan yén Panjenengané rawuh saka ngaluhur kinemulan mega manawa umat kagungané pantes. Para ahli Torét kang duwé pendidikan iku ora ngerti kepiyé Sang Kristus bakal rawuh nitih kuldi lan duwé pikiran yan Panjenengan bakal rawuh manéh saka ngaluhur kinemulan mega.

Ing sajroné mundhut kuldi lan anaké kang diagem Panjenengané Sang Kristus maringi contoh marang kita babagan kaadlan lan kejujuran. Panjenengané ngyakinaké kang duwé kuldi iku yén kewan iku mung disilih Panjenengané. Panjenengané ngandika maran para murid, “Punika prelu akagem Gusti. Mangké tumunten badhé dipun wangsulaken.”. Kuldi iku bakal dibalekaké sakwisé diagem déning Panjenengané.

PANDONGA: Rama ingkang suci, kawula abingah-bingah kanthi nguwuh, awit janji Paduka dhumateng Sang Nabi, Zakaria, paring dhawuh kawula supados abingah-bingah ing wekdal Ratu Suwarga rawuh badhé nglenggahi pemerintahan kasukman lan neguhaken kraton Panjenenganipuning salebetipun kayektosan sasampunipun Panjenenganipun kawisuda. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka Rama awit Putra Paduka ingkang ringkih ingkang alusing bebuden sampun rawuh minangka Panjenenganipun ingkang andhap asor lan miskin kanthi makaten Panjenenganipun saget ngraosaken sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang gesang ing wekdal kasisahan supados amberkahi tiyang-tiyang menika kanthi Sang Roh Suci Panjenenganipun.

PITAKONAN

  1. Apa kang bisa panjenengan mangérténi saka pameca nabi Zakaria?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)