Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 098 (Fundamental Principles of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

a) Watonan Pokok Ing Sajroné Kotbah (Matéus 10:5-15)


MATÉUS 10:5-6
5 Wong rolas mau padha diutus déning Gusti Yésus sarta diparingi piweling mangkéné: “Kowé aja padha nyimpang menyang ing dalané wong kapir lan aja lumebu ing kuthané wong Samaria, 6 nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhusé Bani Israél kang padha katriwal.
(Matéus 15:24; Markus 6:7-13; Lukas 9:2-6; Para Rasul 13:46)

Ing wiwitan anggoné leladi Panjenengané Sang Kristus maringi arahan marang 12 rasul supaya aja lunga ing saindhenging jagat, nanging marang wong-wong sabangsané dhisik, awit bangsa-bangsa liya durung cemawis kanggo nampani pawartané lan Roh Suci durung diesokaké ing saindhenging jagad. Sang Kristus nawakaké Krajan Panjenengnae marang wong-wong Yahudi kang ilang luwih dhisik, selaras karo prasetya Allah marang leluhuré, lan nimbale wong-wong iku marang pamratobat kang sejati lan pengarep-arep kang urip.

Sang Kristus kagungan kawigaten kang mligi lan gedhé marang taler Israél; wong Israél iku “wong-wong iku padha dadi kekasihé Gusti Allah awit saka para leluhure” (Roma 11:28). Panjenengané mirsané wong-wong iku kebak sih kawelasan kaya wedhus kang ilang, kang Panjenengané dadi pangon kudu nglumpukaké wong-wong iku saka dalan dosa lan kaluputan, pancen wong –wong iku kesasar, lan kang sebanjré, manawa wong-wong mau ora dituntun bali, bakal ilang ora ngerti menyang ngendi parané.

Wong-wong kang lumawan Kitab Suci kandha yén Matéus 10:5-6 nyebutaké sesambungan Sang Kristus paring dhawuh supaya 12 murid Panjenengané kotbah mung marang wedhus kang ilang ing antarané wong Israél. Matéus 15:4 nyebutaké yén Panjenengané paring wangsulan marang para murid kanthi ngandika, “Aku diutus mung marang wedhus-wedhus kang ilang saka umat Israe,”, nanging Sang Kristus ngandika ing Injil Markus 16:15, “Padha njlajahana jagad iki kabéh, Injil wartakna marang sakabéhing tumitah.”

Kita bisa nyethakaké yén pranatan kang diparingaké Sang Kristus marang para murid Panjenengané iku para murid martakaké ing antarané taler Israél luwih dhisik supaya ora luput, lan sakwisé iku martakaké ing saindhenging jagad. Kitab suci mratélakaké wiwit wiwitan nganti pungkasan, yén umat prejanjian kudu digatekaké luwih dhisik lan bangsa-bangsa liya sakwisé iku. Banget déning pantes yén putra-putra Yaku didhisiké tinimbang karo kang liyané.

MATÉUS 10:7-10
7 Padha mangkata lan padha memulanga mangkéné: Kratoning Swarga wus cedhak. 8 wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najisé wong lara budhugan; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowé padha nampani kanthi lelahanan, mulané wenehna kanthi lelahanan uga.
(Matéus 4:17; Markus 16:17; Lukas 10:1-12)

Isi dari khotbah para rasul ana rong jenis. Kotbah lan kewarasan. Pokok saka wulangan para rasul yaiku Sang Kristus piyambak kinanthenan panguwasa Panjenengané kayektén, roh lan katresnan. Para murid ora lali, ing sajroné ati para rasul, déning kepribadian Guru, welas asihé lan panguwasa Panjenengané. Para rasul nyeksekaké apa kang dideleng lan dilakoni. Para rasul ngerti yén ing sajroné pribadi Kristus waé kratoné Allah diwiwiti, dadi kasunyatan dadi katon lan nyata. Awit saka iku, pawarta beciké beda karo wulangan Nabi Yokanan, ing sajroné prakrara ceraké krajan iku, awit para rasul wis nglakoni dhéwé yén Gust Yésus iku Raja ilahi kang pantes. Para rasul ora mulangaké babagan kraton kang adoh, nanging mratélakaké yén rajané wis teka.

Para murid sang Kristus ora mung ngomong, nanging para murid nglantaraké marang wong-wong liya panguwasa Panjenengané kang manunggal ing sajroné para murid. Injil nuduhaké panguwasa ilahi lan ora mung tembung-tembung kothong wulangan kang ora duwé urip.

Kayektén iku nuduhaké yén para juru kotbah ora ana apa-apané manawa juru kotbah iku mung nglantaraké tembung-tembung tanpa panguwasa. Sang Kristus dina iki ngersakaké ngrasakaké kamenangan lumantar para abdi Panjenengané dikaya Panjenengané dhisik, menang lumantar para murid Panjenengane; nanging awit ciliké imané gumunggung lan wangkot, Panjenengané ora bisa nindakaké akéh pakaryan Panjenengané awit kaélokan dumadi ing ngendi katresnan kang sempurna didadekaké siji karo iman kang sedherhana. Sang Kristus ngersakaké nindakaké kaélokan kang padha lumantar para utusan kang diutus Panjenengané dikaya Panjenengané nindakaké nalika Panjenengané ana ing jagat iki. Timbalan iki nuntun kita marang pamratobat supaya kita sinau leladi awit katresnan kang jero!

10:8 Wong lara padaha warasna, wong mati tngekna, biraten najisé wong lara budhgen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowé padha nampani kanthi lelahanan, mulané wenehna kanthi lelahanan uga” 9 Aja padha ngawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu. 10 Aja adha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut gawé iku wus sapanteesé yén tampa pituwas. (Wilangan 18:31; Para Rasul 20:33; 1 Korinta 9:14; 1 Timotius 5:18)

Batur kang diopahi kepéngin nampa upahané sakwisé nindakaké tanggung jawabe kanthi setyo. Batur mau uga kepéngin duwé pagawéan kang ajeg, nanging Raja kasuwargan njawehi para murid nampani opah utawa bayaran, utawa nganakaké dedagangan utawa golék bathi ing jagat iki. Panjenengané paring dhawuh marang para murid supaya nindakaké leladi kanghi nglaha, urip alandhesan iman marang Sang Kristus, lan ora mitayaké awaké marang dhuwit, omah utawa modal kang gedhé. Sang Kristus paring kamardkan marang kita sawutuhé saka karem dhuwit kanthi mengkono panjenengan bisa nresnani Panjenengané lan kumandel marang panjangkungé kang setya.

Wong-wong kang duwé panguwasa marasaké lelara duwé wewengan nyugihaké awake. Sapa kang ora gelem tuku pepesthen kewarasasn kanthi reké kang pantes? Awit saka iku para murid dielingaké déning Sang Kristus supaya ora golék bathi saska panguwasa kasukman kang dadi duwéké kanthi adoh kaélokan. Para murid kudu marasaké tanpa bayaran, supaya ménéhi contoh nepungaké krajan Prejanjian Anyar, kang kawangun, ora mung atas ganjaran kasukman, nanging atas ganjaran kang tanpa mbayar.

Sang Kristus, uga ora marengaké para murid tuku tambahan sandhangan utawa sepatu kanthi mengkono para murid bisa leladi tanpa ribet déning tas kang abot lan bisa mlaku kanthi bebas saka momotan lan kekuatiran jagat iki. Mlebua ing sajroné leladen Gusti dikaya anané panjenengané. Panjenengan ora mbutuhaké gaman, utawa pangayoman mligi, awit malaikat Allah bakal njaga panjenengané. Saben panjenengan nawakaké panguwasa Allah marang wong-wong kang krungu panjenengan lan wong-wong iku nampani keselametan ing sajroné jiwa lan ragané atur panuwun kuduné ora marang panjenengan nanging marang Gusti Allah. Gusti Allah bakal maringi mangan lan sandangan marang panjenengan. Nanging, panjenengan ora prelu numpuk bandha akéh-akéh, utawa ngrancang duwé celengan kang akéh ing bank, supaya iman panjenengan aja dadi ringkih, awit kraton Allah tetap asipat kasukman lan dudu kadonyan.

Wong-wong kang nindakaké pakaryané Sang Kristus, vduwé luwih saka wong-wong liya, jalaran pracaya marang Panjenengané atas kabéh panjangkung kang dibutuhake. Ora perlu mangu-mangu, karsa Panjenengané iku kanggo njangkung wong-wong mau kang nyambut gawé kunjuk Panjenengané. Para abdi Sang Kristus bakal duwé panganan kang cukup malah kanggo didumaké karo wong-wong liya. Nalika kita setya ana ing sajroné Gusti Allah lan tugas kita uga setya nindakaké pakaryan kita kanthi becik, kita bisa masrahaké kabéh kepreluan kita kang liyané marang gusti Allah. Pasrahké marang gusti kang bakal njangkung kita lan wong-wong kang kita sihi dikaya kang dirasa pantes déning Panjenengané.

Wong-wong kang leladi pantes duwé pangarep-arep yén wong-wong kang diladeni bakal ménéhi kecukupan apa kang diprélokaké, awit wong kang nyambut gawé pantes nampani opahe. Wong-wong kang nyambut gawé iku ora kena tansah ngarep-arep diwenehi pangan kanthi kaélokan, dikaya kang dumadi marang nabi Elia, nanging wong-wong mau prelu uga duwé pangarep-arep supaya gusti Allah ndadekaké atiné wong-wong kang diladeni duwé kaloman lan nyuckup kabutuhané wong-wong kang nyambut gawé iku. Senajana wong kang leladi ana mezbeh ora kena duwé pangarep-arep dadi wong sugih, nanging wong-wong iku bisa ngarep-arep supaya urip lan nglakoni ing sajroné katentreman. Banget déning pantes yén wong-wong mau nampani hasil saka pagawéané. Para abdi, kuduné yaiku “wong kang nyambut gawé” lan wong-wong kang setya iku “pantes nampani opahe”, kanthi mengkono wong iku ora kudu kepeksa nyambut gawé gawéan liya supaya nampeni upah iku. Sang Kristus kagungan kersa supaya para murid pracaya marang Gusti Allah, lan ora marang kanca sabangsané kanggo nyawisaké apa kang dibutuhaké kanggo urip. Manawa panjenengan martakaké pangandikan lan mbudidaya nindakaké kabecikan marang wong-wong, mesti waé wong-wong iku bakal ménéhi panganan lan inuman kang cukup kanggo kabutuhan panjenengane; lan manawa wongwong mau wis ménéhi mengkono, panjenengan aja mburu luwih akéh manéh. Gusti Allah bakal ménéhi ganjarn marang panjenenan ing mangsané lan nganti wektu iku tanpanen panjangkungé kang diparingaké Panjenengané. Nanging, Rasul Paulus uga kandha yén saben abdi gusti uga kudu nyambut gawé kanthi tangané supaya entuk penghasilan lan ora gumantung marang sumbangan. Dadi saben abdi Gusti kudu takon marang gustiné babagan apa kang kudu ditindakaké ing sajroné leladi selaras pitudung Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula pekewet awit alitipun iman lan katresnan kawula dhumateng Paduka lan nggetuni rerasan kawula nyaket dhumateng mamon ingkang mboten jujur. Paduka apunten patrap mentingaken badan piyambak kawula lan wucalaken kawula kanggé ndhérék gusti Yésus kanthi setya, tanpa mentingaken kepentingan utawi kauntungan pribadi. Tulung kawula nampeni saking Paduka panguwasa lan katresnan kanggé mitulungi tiyang-tiyang ingkang mbetahaken, ingkang ringkih, kang kabanda déning panguwasa Iblis kanggé tiyang-tiyang ingkang mbetahaken, ingkang ringkih, ingkang kacancang déning panguwasa Iblis lan dhumateng tiyang-tiyang ingkang dipun tedahaken Sang Roh Suci dhumateng kawula. Paduka timbali tiyang-tiyang saking bangsa kawula supados leladi, awit panenan sanget kathah, nanging tiyang ingkang nyambut damel kanthi setya saéstu sakedik. Awit saking menika, Gusti, utus katah ingkang nyambut damel pategalan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa dhawuh kawitan saka lima dhawuh kang diparingaké Sang Kristus marang para murid Panjenenganipun gegayutan kanthi pawarto pangandikan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)