Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 092 (The Baptist´s Disciples Question)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

9. Pitakonan Saka Muridé Yokanan Pembaptis Ngenani Puasa (Matéus 9:14-17)


MATÉUS 9:16-17
16 Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwékan anyar, awit tambalané iku bakal nyuwekaké sandhangan mau, temahan malah saya amba amohe. 17 Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhai ing impes kang lawas, amarga yén mangkono impesé mesthi bedhah, angguré banjur wutah impesé rusak. Nanging anggur kang anyar ikku diwadhai ing impes anyar dadi loro-loroné tetep kanggo ing gawé.
(Rum 7:6)

Bedané antarané Prejanjian Lawas karo Prejanjian Anyar, antarané Injil karo agama liya, luwih jero dilahirké manéh saka banyu lan Roh kang kita pikiraké lan kita rasakake. Agama akéh ngelingaké manungsa gegayutan dina paukuman lan sakabéhe, kajaba Injil Sang Kristus, mulangaké marang pandhérék wong-wong gegayutan mbangun turut paugeran akéh saapik-apiké kanggé nyenengaké Allah. Pangorbanan, ménéhi sedekah, pasa, ndedonga, tumindak becik lan perang kanggo Gusti Allah dianggep dadi tugas lan kewajiban kang bakal entuk pituwas saka Allah. Akéh upacara pangibadah lan agama nggambaraké Allah dadi kaya wong dagang nyekeli timbangan kang gedhé ing astané. Dosa diselehaké ing timbangan sisih kené banjur tumindak becik lan donga dipapanaké ing sisih kana. Timbangan iku bakal netepaké kang endi kan luwih abot kang sebanjuré bakal netepaké nasip saka wong iku. Keyakinan iki ora cocok karo kabéh pawarta Sang Kristus ing sajroné Prejanjian Anyar.

Gusti Yésus Kristus mulangaké marang kita yén kabéh manungsa sawutuhé dosa ora ana kang ora, lan ora siji waé wong kang bisa nindakaké kabecikan. Ya iki sebabé Sang Kristus mapanaké kabecikan Panjenengané kayektén Panjenengané lan sih rahmat Panjenengé ing timbangané Gusti Allah iku kanggo nambahi abot marang kabecikan kita kanthi mangkono sih Panjenengané bisa ngilangi kabéh kaluputan kita. Pangorban Panjenengané ngilangi kabéh paukuman kita, awit kita ora diselametaké krana kamursidan kita nanging awit sih rahmat Panjenengané kanthi ora sah mbayar. Uga, panjenengan diselametaké déning iman Panjenengané ora awit saka tumindak panjenengan. Iman kita manunggalaké kita karo Sang Juru selamet, lan Sang Roh Suci Panjenenegnan ing sajroné panguripan kita yaiku panguripan kang anyar kanggo kita.

Mengkono uga, panguripan panjenengan bakal dadi pangalembana, tekad lan leladi marang kang merdikaaké panjenengan. Aja tetep ana ing sajroné kaprihatinan lan kasedhihan, nanging bungah-bungaha ing sajroné pangayomané Allah. Aja nutup talingan marang Gusti Allah, nanging mbudidayaa kanggo keselametan wong-wong liya, awit panjenengan wis kanthi ora mbayar dibeneraké déning kang disalib iku. Sang Kristus wis agawé panjenengan bisa duwé patunggalan karo Rama Panjenengané lan rah Sang Kristus kang dituduhaké ing sajroné banyu anggur (minangka pralambang) kang ngresiki panjenengan sawutuhé saka kabéh dosa panjenengan. Sang Roh suci nuntun panjenengan marang kamardikan dadi para putrané Allah dilandhesi marang kabungahan katresnan lan leladi.

Aja nyampur loro-loroné kayektén iku awit loro-loroné ora bakal bisa cocok, sebab kabeneraké déning paugeran lan kabéh upacara agama iku lelawanan karo kabeneraké déning iman. Kamursidan atas landhesan pranatan ora nuntun marang keselametan déning sih rahmat; lan kamardikan para putra Allah babar pisan beda karo wong-wong kang anglandhesi karo paugeran lan upacara agamané. Sing sapa mbudidaya nganyaraké masyarakate karo nggunakaké cara kang kaku bakal gagal, awit roh kang anyar mbutuhaké sih rahmat kelairan anyar lan pranatan kang anyar. Luwih becik nyipta kelompok cilik kanthi roh Injil kabungahan, tinimbang mbangun kelompok masyarakat kang gedhé kang cekelan marang pakulinan lawas lan ora dicawisaké kanggo anané owah-owahan saka njero.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka sampun nimbali kawula mlebet ing salebetipun prejanjian ingkang énggal lan paring kamardikan kawula saking kajuligan daya mbeneraken badan piyambak. Kawula menika tiyang-tiyang dosa, nanging Sang Kristus sampun mbeneraké kawula kanthi sempurna. Paduka wucal dhumateng kawula supados lelados Paduka ing salebetipun kabingahan kasuwargan lan maringi kasagetan dhumateng kawula supados manggihaken masyarakat ingkang dipun landhesi dhumateng sih rahmat lan gereja ingkang gesang kanthi makaten kawula saget manunggal lan dipun jangkung sesarengan ing salebeting patunggalan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé mokal kanggo nglebokaké anggur anyar Injil ing sajroné kirbat lawas saka paugeran?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 03:05 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)