Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 079 (False Prophets)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
4. Kesimpulan Angger-Anggering Kraton Suwarga (Matéus 7:7-27)

d) Nabi-Nabi Palsu (Matéus 7:15-20)


MATÉUS 7:15-20
15 “Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowé kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sejatiné iku asu ajag kang galak. 16 Iku bakale padha katitik marang kowé saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokaké wong anjir? 17 Dadiné wit kang becik metokaké woh becik, wit kang geringen wohé iya ora apik. 18 Wit kang becik ora bisa metokaké woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokaké woh kang becik. 19 Sarupané wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungaké ing geni. 20 Dadiné wong-wong mau bakal katitik saka wohe.
(Matéus 24:4-5; Yokanan 15:2,6; 2 Korintus 11:13-15; Galatia 5:19-23)

Sang Kristus ngelingaké kita babagan nabi-nabi palsu, kang nyasaraké wong-wong kang goléki kayektén. Ngrungokaké tembungé para nabi mau, kang keprunguné banget déning dhuwur. Iblis nggunaké apus-apus lan patrap palsu, lelamisasn kang kawungkus kamanungsan lan kawruh. Iblis miranteni para nabi palsu mau karo kabisan ngomong ing ngarepe umum kanthi mengkono para nabi palsu bisa ndudut atiné wong akéh kanthi visi lan pameca lan kanthi panguwasa nggumunaké nindakaké kaélokan kang ndudut ati lumantar para nabi palsu iku. Manungsa seneng ndeleng kaélokan lan cepet pracaya senajana mung kanthi cara cethak waé.

Sing ngati-ati lan aja ngejaraké panjenengan masrahaké awak marang saben roh lan pracaya marang saben agama. Dadaren ajaran kang beda kanthi ngati-ati lumantar Injil, awit gereja lan pendeta ora nylametaké panjenengan, mung Sang Kristus kang gesang iku siji-sijiné Juru selamet.

Sing sapa mulangaké Injil palsu lan ora martakaké pangapura dosa ing sajroné rah Sang Kristus iku kaya asu ajak kang duwé nafsu arep mangsa, senajana wong mau katon kaya wedhus kang alus. Mengkono uga kabéh imam utawa pemimpin gereja kang ora martakaké kelairan anyar déning Sang Roh Sang Kristus iku ngrugekaké wong-wong liya, awit Sang Kristus wis mati supaya kita bisa nampani urip langgeng lumantar iman.

Sapa waé kang mbudidaya nyasaraké panjenengan marang panyucen gawéan lan palsu lumantar pasa, ziarah utawa sedekah iku wong apus-apus, awit manungsa dudu dibeneraké déning patrape nanging déning sih rahmat Gusti Allah thok. Manawa panjenengan golék keselametan, aja cekelan teolog lan wong kang kotbah kang arep nuntun panjenengan marang bandan pranatan lan urutan pangibadah kanggo nglegakaké Gusti Allah lumantar leladi manungsa lan mbudidaya ngrumat dina-dina kang wis ditetepake. Wong kang manembah prenatan (legalisme) kang mengkono ora nuntun marang panyucen. Panjenengan mung disucékaké déning sédané Sang Kristus kang ngrukunaké, lan Panjenengané kepareng kanthi kapiyandelan panjenengan marang rah Panjenengané.

Panjenengan lalekaké dedelengan bab malaikat, kekatonan, padhang kang sumunar lan kabéh jinis prekara-prekara kang gegayutan karo roh mengkono. Tetepa ana ing sajroné Sang Krsitus waé, awit Iblis bisa ngrubah awaké dadi malaikat padhang, nggodha manungsa lan nindakaké kaélokan kang ngéram-éramaké kanggo ndudut atiné wong akéh lan nuntun wong akéh mau dadi salah siji wong kang disalib iku. Mana panjenengan krungu suwara utawa entuk pangimpen, aja kakéhan kuwatir babagan prekara iku, awit Iblis bisa nuduhaké gagasan-gasan kang ala ing sajroné pikiran panjenengan kanthi mengkono panjenengan bisa duwé pikiran yén panjenengan iku nabi kang dipilih utawa dadi wong bisa nganyaraké kahanan kang ngedap-edapi. Kang dadi akibate panjenengan sebanjuré bakal ngegungaké awaké dhéwé lan ngréméhaké wong-wong liya. Panjenengan kudu eling yén panjenengan iku wong dosa kang gedhé ing jagat iki. Wenehana jawaban marang kang nggodha panjengan iku yén panjenengan ringkih lan cilik nanging wis diselametaken ing sajroné Sang Kristus, lan kang nggodha panjenengan iku bakal ninggalaké panjenengané. Panjenengan ora susah kuwatir bab kamulyan jagat, papana kalungguhan panjenengan ana ing sajroné Sasng Kristus, kang ngandika marang panjenengan, “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awaké dhéwé sarta manggula salibe lan melua Aku” (Matéus 16:24).

Kabéh imam utawa juru kotbah kang ndudut atiné wong akéh marang awaké dhéwé asale saka roh kang asor iku, awit utusan Sang Kristus kang sejati bakal nuntun wong-wong pracaya saka anggoné nggatekaké awaké dhéwé marang kapiyandelan ing sajroné pribadi Sang Kristus waé. Dadi aja tansah ngelingi karo kaagungané sawijining uwong, goléki lan ngetua buria mung jangkah suku saka kang sinalib iku. Saka woh wong iku, tembung-tembung lan apa kang ditindaké uga arah anggoné mratobat, panjenengan bakal wanuh wong-wong iku.

Manawa panjenengan kepéngin ngerti apa wong-wong mau bener utawa ora, gatekana cara uripe. Panggawéané wong-wong mau bakal nyesekaké nyengkuyung utawa lumawan para imam utawa juru kotbah mau. Para ahli Taurat lan wong-wong Farisi lungguh ing kursi nabi Musa lan mulangaké prenatan, nanging akéh-akéh wong-wong mau gumunggung, tukang apus-apus, palsu lan tukang njajah. Awit saka iku Sang Kristus ngelingaké para murid Panjenengané supaya ngati-ati marang wong-wong iku lan “ragi”né. Manawa ana wong kang lelamisan dadi nabi lan urip kang cemer, iku mbatalaké pangakoné. Para nabi palsu sengit marang salib Sang Kristus. Apa waé kang wong-wong mau omongaké, Gustiné yaiku wetenge. Wong-wong mau ora katuntun utawa diutus déning Gusti Allah kang bener. Uripe mbuktekaké yén roh najis mimpin wong-wong mau. Wong-wong mau bisa uga ménéhi katarangan bab paugeran Allah nanging patrape wong-wong mau lelawanan karo apa kang dikandhakake.

Wapadaa, aja duwé pikiran yén panjenengan dhéwé bisa nuntun wong liya marang Sang Kristus. Manawa panjenengan ora nampik kabéh dosa panjenengan lumantar pamratobat kang setyo lan ngedohaké awak panjenengan saka sumber pati kasukman, panjenengan tetap bakal dadi kesasar. Nyuwuna supaya Pangéran maringi ati kang kebak rasa getun lan nyuwun marang Gusti Allah terus maringi kasucén lan sih rahmat Panjenengané kanthi mengkono panjenengan ora martakaaké pikiran panjenengan dhéwé, nanging urip kanthi andhap asor lan rasa cukup ing sajroné pangwasané Sang Roh Suci.Wong-wong kang sengit marang satru lan ngréméhaké wong-wong kang ora ngerti dudu asale saka Gusti Allah. Panjenengané kang langgeng iku wis ngutus Putra Panjenengan kang kebak rahmat menyang jagat iki supaya nylametaké lan nguwataké wong-wong dosa kang nasipe ala. Wong-wong kang nggoléki pikurmatan lan kalungguhan kang dhuwur dudu pandhéréké Sang Kristus. Gusti Yésus tansah ngurmati Sang Rama dikaya Rama ngurmati Panjenengané nganti selawase. Dikaya Panjenengané ora nglumpukaké utawa numpuk dhuwit, kita uga aja nyendhekaké awak kita marang barang-barang kang ora ana gunané saka bandha donya lan patrap keset, nanging mbudidayaa lan iktiyara supaya entuk panganan saben dina kanggu nyengkuyung panguripan kita. Paulus wis andadekaké awaké dadi conto. Murniné ati lan kayektén tembung panjenengan iku bukti kang cetha yén panjenengan asale saka Gusti Allah, awit sing sapa ngetokaké tembung-tembung kanthi panguwasané Sang Roh Suci bakal urip ing sajroné karahayon lan katentreman.

PANDONGA: Dhuh kanjeng Rama ing kasuwarga, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit putra Paduka sampun milujengaké kawula saking watek goroh lan saking mentingaké badan piyambak, lan para rasulipun Paduka sampun nuntun kawula dhumateng Paduka. Paduka bikak manah kawula dhumateng Sang Roh Suci kayektosan Paduka kanthi makaten kawula mboten kesasar, nanging saget mbedakaken roh, ngasilaké woh kang ingkang saé, mboten ngruntikaken sinten kemawon, nanging nuntun sedhérék-sedhérék dhumateng gusti Yésus, Sang Juru wilujeng satunggal-satunggalipun.

PITAKONAN

  1. Sapa ta tukang ngapusi iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)