Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 124 (Jesus appears to the disciples with Thomas)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

3. Gusti Yesus ngatonaken sarirane marang para mruid kalebu Tomas (Yokanan 20:24-29)


YOKANAN 20:29
29 Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”

Kita ora ngerti apa Tomas ndemek tilas tatu-tatu Gusti Yesus, utawa apa dheweke tenan-tenan nggatekake tilas tatu iku. Dheweke bisa uga dadi isin awit anggone ora pracaya lan kurange kekendelane. Gusti Yesus nyebut iman dikaya keyakinan pangakon iman atas landhesan anggone ndeleng nganggo mripat, nanging gusti ngersakake nitahake sawijining tingkatan iman kang luwih dhuwur, sawijing kapercayan marang Panjenengane kang ngyakinake sabda tanpa ndeleng Panjenengane secara pribadi. Sing sapa duwe pepinginan nampa pangimpen utawa dedelengan lan katon ayang-ayang Gusti Yesus kanggo negasake imane kasebut golongan kang isih cilik, durung dewasa lan durung duwe kemantepan kang becik. Nanging, gusti Yesus ngatingalake sarirane marang para rasul Panjenengane makaping-kaping supaya nguwatake imane ing sajrone mangsa kang mbebayani.

Wong kang pracaya marang Panjenengane tanpa ndeleng Panjenengnae iku wong kang diberkahi dening gusti Yesus lan bakal nemokake kabejan. Iman kang sejati bakal nukulake kekuwatan kang luwih gedhe ing sajrone kita ditandhingake karo dedelengan kang asipat sawetara. Keyakinan mamnungsa ing sajrone pangandikane Allah ateges ngluhurake Priyayi kang wicara kang ora katon iku.

Wiwit Sang Kristus ngatingalake sarirane,wong kang nulis Injil lan para rasul wis mulang marang kita ing sajrone kitab-kitab Injil lang layang-layang. Patangen Gusti Yesus iku sawijining pratela bab sawijining jaman anyar, kang ing sajrone jaman iku Sugenge Allah nguwasani ati wong-wong kang pracaya. Iman kita ora mung katon ing pangakon utawa ing pikiran wae; iman iku urip lan dipapanake marang Sang Kristus Kang wis Wungu iku. Ya iki mujizat kang gedhe dhewe ing jaman iki; yutan wong pracaya marang Gusti Yesus tanpa ndeleng Panjenengane, awit kanthi imane wis ngrasanake panguwasa urip langgeng.

Akeh wong Kristen nganti kelangan bandha donya, sanak keluwarga lan uripe. Wong-wong Kristen iku duwe kayekten kanti cara duwe iman marang pangandikane Sang Kristus, sawijining iman kang ngluwihi akal budi. Gusti Yesus ngajeni iman kang mengkono kanthi Sabda Panjenenane lan diparingake Panjenengane urip yaiku marang wong-wong kang pracaya. Iman kita ngalimputi kabeh kaanane kita, lan nyambungake kita karo Gusti Yesus Juru selamet kita.

PANDONGA: Gusti Yesus, Inggih Paduka ingkang njenjegaken lan ingkang nyempurnakake iman kawula. Paduka nresnani kawula, lan kayektosan Paduka dumugi kawula lumantar sabda Paduka. Samenika kula pitados bilih Paduka badhe milujengaken kula lan kathah paramitra kula, Paduka badhe mungokaken lan mantepateken para mitra ing salebetipun iman ingkang gesang dhumateng asma Paduka, supados para mitra saget gadah gesang langgeng lan kabingahan ingkang ageng.

PITAKONAN:

  1. Kena apa gusti Yesus nyebut “rahayu” wong-wong kang ora ndeleng Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)