Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 004 (The word before incarnation)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

1. Hakikat lan pakaryan pangandikan sadurung ngejawantah (Yokanan 1:1-5)


YOKANAN 1:5
5 Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku.

Kang ana ing sajroning gusti Allah mung kebak pepadang lan kaanan kang murni. Ana ing kana anane mung tinarbuka lan kaendahan. Ing sajroning papan kang ana daya pengaruh Panjenengane babar pisan ora ana kang peteng. Sakabehe cetha, lenceng, kebak kayekten lan kasucen. Bab kang cemer ora ana papan ing sacedhake Panjenengane. Roh Suci iku murni lan padhange Allah ora sumunar kang nglarani nanging kepenak. Padang iku nglipur lan marasake.

Sumunare padhang Sang Kristus ora winates mung ing suwarga wae. Sumunar padhang iku nembus pepeteng lan anjalari anane penebusan. Sawijining nugraha kang banget ngedap-edapi manawa Sang Krtistus ing wektu iki sumunar ing tengah-tengah kabeh pepeteng. Panjenengane ora ninggalake wong-wong kang kesasar, nanging merdekaake lan madhangi wong-wong mau.

Kita kudu ngakoni anane jagat peteng minangka kosok baline saka jagat padang. Kita ora ngerti kanthi cetha gegayutan kepiye timbule pepeteng iku. Penginjil Yokanan ora nuduhake marang kita bab wadi iki. Yokanan duwe kekarepan supaya ngerti kayekten lan ora ngajak kita nyawang jero bab pepeteng iku. Kabeh manungsa lan titah tiba ing sajroning pepeteng lan jagat iki wis dipapanake ing pengaruhe si ala iku.

Bisa uga panjenengan duwe pitakonan: Manawa Sang Kristus nyipto jagat raya ing sajroning keselarasan karo Gusti Allah lan minangka bab kang apik, banjur kepiye carane pepeteng bisa mlebu ana ing sajrone jagat? Gusti Allah nyipto manungsa manut karo pasemon Panjenengane, banjur kepiye dumadine nganti kita bisa kelangan kamulyan Panjenengane dina iki?

Yokanan ora nyebutake bab jeneng Iblis, nek iblis kang ora mbangun turut marang gusti lan mbudidaya supaya mateni pepadhange Panjenengane. Iblis tansah lumawan Sang Kristus. Awit saka iku, iblis kelangan pepadhang kang tau diparingake marang dheweke. Iblis dadi gumedhe lan mbudidaya entuk kaagungan tanpa gusti Allah. Iblis kepengin ngunggulake awake dhewe supaya dheweke bisa ngalahake Panjenengane Allah. Lan yaiku sebabe iblis sebanjure dadi raja pepeteng.

Sedulur kang kinasih, apa tujuan saka urip panjenengan? Apa panjenengan golek kaagungan, misuwur lan kamulyan dhewe tanpa gusti Allah? Menawa iku kang dumadi, mula panjenengan kalebu ing sajroning golongan wong-wong kang ana ing sajroning pepeteng, kaya si pengawak ala iku. Supaya dheweke ora tetep dhewekan, mula dheweke ndudut atinya yutan wong supaya mlebu ing sajroning pepetenge. Panjenengan gatekake praupan-praupan wong-wong kang ketemu karo panjenengan ing ndalan-ndalan. Apa panjenengan bisa maca padhang utawa peteng ing mripate wong-wong iku? Apa atine wong-wong mau nyumunaraken kabungahan saka Gusti Allah utawa malah kaprihatinan kang saka Iblis?

Si pengawak Dursila sengit marang Allah awit padhang kagungane kang suci paring paukuman marang dheweke. Dheweke ora penging padhang iku mbongkar anggone gawe rerusuh. Awit saka iku sebanjure mbudidaya nyingidake awake lan nutupi awake lan mbudidaya supaya bisa ngalahake Sang Kristus lan wong-wong kang dadi pandherek padhang kagungane.

Tokoh kang julig dhewe iki ora tahan karo pepadhange gusti, lan sebanjure sengit marang gusti. Tokoh iki kanthi sengaja nutupi praupane lan kanthi mengkono ora bisa nampani pepadhang iku. Kang banget dening nggegirisi yaiku yutan wong ora ndeleng sunaring sang Kristus nalika Panjenengane sumunar ing sajroning bengi petenging dosa wong-wong iku. Malah saben bocah cilik ngerti manawa Panjenengane iku sumbering panguripan.

Nanging akeh banget wong kang ora nampa kamulyan sang Kristus lan panguwasane awit wong-wong mau ora gelem mahami. Dasaring panemu kang ngapusi wis nutupi matane wong-wong mau kanthi tutup mripat kang kandel banget, kanthi mengkono wong-wong mau nampik pawarto kayekten bab keilahiane Sang Kristus. Ing kasunyatane, wong-wong mau ora gelem nemokake dosa-dosane dhewe. Wong-wong mau ora gelem nekani pepadhang iku lan luwih seneng tetap ana ing sajroning pepeteng. Wong-wong mau ora nyelaki awake dhewe lan ora ngakoni dosa-dosane. Wong-wong dadi gumedhe lan gumunggung. Wong-wong mau tetap dadi wuta bab nugraha saka pepadhange Sang Kristus. Pepeteng unggul-unggulan lumawan pepadhang, nanging pepadhang ngalahake pepeteng awit saka katresnan. Dadi sapa to panjenengan iku? Pepadhang kang saka Gusti utawa pepeteng kang saka si pengawak Ala?

PANDONGA: Dhuh gusti, Paduka menika pepadhanging jagat menika. Kawula ndherek Paduka kanthi iman lan ing salebeting katresnan Paduka. Kawula mboten lumampah ing salebetipun pepeteng, nanging sampun nampi padahang agesang. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng paduka awit Paduka mboten nilaraken kawula piyambakan, ajrih dhumateng pepeteng bebendhu Allah, nanging bilih Paduka sampun nimbali kawula sami dhumateng pepadhang Paduka ingkang cetha. Paduka padhangi yutan tiyagn ing sakiwa tengen kawula ingkang dereng ningali Paduka sinaosa Paduka sejatosipun sampun sumunar ing sakiwa tengenipun. Padula paringi sih rahmat paduka atas kawula lan paringaken pepadhang padukua, Oh Gusti ingkang ngasto pepadhang!

PITAKONAN:

  1. Apa bedane antarane padhang lan peteng ing sajroning makna kasukman?

Nanging nagara kang rinupek iku ora bakal katempuh ing kaanan surem ing salawase. Manawa biyen Sang Yehuwah ngesorake tanah Zebulon lan tanah Naftali, besuk Panjenengane bakal mulyakake dalan menyang ing segara, wilayah ing sabrangane bengawan Yarden, wewengkoning bangsa-bangsa liya. (Yesaya 9:1)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:14 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)