Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 104 (The Stone At the Door of the Tomb)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)

1. Wong–wong Wadon Kaget Weruh Watu Tutup Lawang Kubur (Markus 16:1-4)


MARKUS 16:1-4
1 Bareng dina Sabat wis kliwat, Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yakobus apadene Salome padha tuku anggi-anggi, banjur arep menyang pasarean njebadi Gusti Yésus. 2 Wayah esuk ethuk-uthuk ing dina kapisan ing minggu iku, mbarengi pletheking srengenge, wong wadon mau padha teka ing pasarean. 3 Banjur padha sapocapan mangkéné: “Sapa sing bakal nulungi ngglundhungaké watune saka ing lawangané pasarean?” 4 Nanging bareng padha ndeleng saka cedhakan, banjur katon, yén watune sing pancen gedhé temenan iku, wus gumlimpang.

Wong-wong Yahudi duwé panemu dina Sabat iku dadi dina ngaso, kanggo nyegeraké awak, lan mandheg saka kabéh anggone nyambut gawé, pambudidaya, lan uga bot repot saben dinane. Kabéh iku, yén ditindakaké ana ing dina Sabat, kang dadi pralambang prajanjian karo Gusti Allah, dianggep patrap nyenyamah, kang pantese nampa paukuman mati. Gusti Yésus nampa dhawuh saka prejanjian kang lawas iki, lan mandheg ing dina kang kaping pitu ing sajroné anggone leladi nebus. Gusti Allah piyambak mandheg saka pakaryan nitahaké jagat saisine ing dina kaping pitu.

Nanging, para murid tetep waé wedi lan kelangan pengarep-arep. Para murid tetep wedi kena paukuman awujud ditampik lan nampa paukuman saka bangsa iku awit wis ndhérék Gusti Yésus kang didakwa déning para pemimpin bangsa kaya wong kang wong duraka lan wong kang nyenyamah. Para murid ora ngaton ing dalanan utawa ing pasar, nanging nutup kabéh lawang ing omahe, kaya-kaya para murid lagi ana ing sajroné pepérangan, awit padha wedi marang bangsa Yahudi.

Wong-wong wadon iku uga ora bisa ngupakara layone Gusti Yésus kaya lumrahe, awit dina Sabat wis tambah cedhak. Awit saka iku, wong-wong wadon budhal esuk umun-umun menyang pasar, ing dina Minggu esuk, nalika srengenge durung mlethek, tuku anggi-anggi lan lenga wangi. Wong-wong wadon mau ngetokaké dhuwite dhéwé kanggo mulyakaké Panjenengané Kang Suci. Pikirané kaunderaké marang séda kang wis nempuh Guru lan Nabine. Wong-wong wadon kang budhal esuk umun-umun ing dina Minggu iku yaiku wong-wong wadon kang padha kang ana ing sacedhaké salib ing dina Jemuah, lan salah sijine yaiku Maryam Magdalena kang tau kapanjingan roh ala lan disarasaké Gusti Yésus, banjur ana ibu Yokanan lan Yakobus, lan uga wong-wong wadon liyane.

Awit saka anggone duwé semangat kang makantar-kantar wong-wong wadon anggone arep nggoléki Sang Kristus, wong-wong wadon mau megu saka gapurané kutha, mlaku tumuju kubur ing esuk umun-umun, iki dadi simbol yén saben wong kang nggoléki Sang Kristus kanthi tegen, mula dikaya kang tinulis: “Sing sapa nggoléki, bakal nemokaké Aku”.

Sinadyan wong-wong wadon kepengin banget mborehi layone Gusti Yésus, nanging wong-wong wadon uga was-was babagan watu kang gedhé, kang dienggo nutup kubur Gusti Yésus, kang kanggo nutup kubur déning prajurit Rum. Wong-wong wadon mau rumangsa yén ora bisa nggolingaké watu mau, sinadyana bebarengan tenagané dadi diji. Mengkono uga, kita asring duwé pikiran kang ana sambung rapete karo momotan kang ora bakal bisa kita paekani, lan ora nemokaké dalan kanggo uwal apa waé kanggo ngangkat momotan mau.

Nalika wong-wong wadon iku tekan ing kubur Gusti Yésus, wong-wong wadon ndeleng yén watu gedhé kang abote ora karuwan iku wis nggoling, kaya-kaya Gusti Allah kang kebak rahmat iku krungu panjerite wong-wong wadon mau, lan ngutus malaikat mbuka dalan supaya wong-wong wadon mau ketemu Gusti Yésus. Mengkono uga, Gusti Allah asring rumangsa isin babagan kasunyatan yén wong-wong kang mursid uga kala-kala dadi ringkih ing sajroné iman lan keyakinan yén Panjenengané bakal njawab donga-dongané sadurunge wong-wong wadon mau ndeleng prekara-prekara gedhé kang kelakon.

Nanging, wong-wong wadon iku ora bisa ngrasakaké prekara gedhé kang kelakon dina iku. Wong-wong wadon ora duwé pangarep-arep bakal kelakone kaélokan kang gedhé, nanging uga ora kelangan kabéh pengarep-arep kang ana. Wong-wong wadon mau isih durung ngreti kasugengané Allah, nanging wong-wong wadon tetep nggoléki Gusti Yésus, lan wong-wong wadon tetep nyawisaké awaké leladi Panjenengané. Wong-wong wadon lumaku ing dalan kang bener, lan nggayuh tujuwan kang diprasetyakake.

Ing saben jaman lan agama, kita nemokaké wong-wong setya kang tetep nggoléki Allah, kang nandhang sengsara ing sajroné pikiran lan patrape ing sajorne mbudidaya nemokaké Allah kang agung, kang ora padha wanuh. Wong-wong ora ngreti yén Panjenengané rawuh lan makarya malah tanpa lumantar upacara agamané kang tanpa roh. Rasa kuwatir lan anggone tumemen nyambut gawé asale saka donya, lan winates minangka jejeré manungsa, awit sih rahmat Allah waé kang duwé kamenangan ing sajroné ngganepi keselametan kang jangkep lan sempurna kanggo saben wong kang gelem bali marang Gusti Allah.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka paring jawaban raos kuwatos para tiyang setri menika, lan amberkahi anggenipun madosi Sang Kristus. Paduka apunten raos kuwatos kamanungsan kawula, malah nalika kawula saweg kasilep ing salebetipun raos kuwatos ing salebetipun agami kawula. Paduka paringi sih rahmat dhumateng kawula malah ing wekdal kawula kabawah angen-angen bilahi. Paduka paring pepadhang pangertosan kasukman kawula. Tuntun kawula supados tansah wonten ing salebetipun kamenangan Paduka, lan kersanipun sela ageng pati menika uga bakal gemuling saking manah para mitra lan tangga kawula, sae ingkang caket ugi ingkang tebih. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa makna saka watu gedhé kang nutup kubur gusti Yésus kang digolingaké saka kubur iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:19 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)