Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 103 (The Burial of Jesus)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

20. Gusti Yésus Kasarékaké (Markus 15:42-47)


MARKUS 15:42-47
42 Nalika samana wayahe wis sore, lan aiku dina pacawisan, yaiku dina ngarepaké Sabat. 43 Mulané Yusuf, wong Arimatea, warganing Pradata Agung kang kajen keringan, kang uga ngati-anti marang Kratoning Allah, banjur nekad sowan ngadhep marang ing ngarsané Sang Pilatus nyuwun layone gusti Yésus. 44 Sang Pilatus eram, dene Gusti Yésus wis séda. Banjur nimbali panggedhéning prajurit lan ndangu, apa Gusti Yésus wis séda. 45 Sawuse midhangetaké paturané panggedhé prajurit mau, banjur maringaké layone marang Yusuf. 46 Yusuf nuli tuku mori alus, layone gusti Yésus banjur diudhunaké, sarta diulesi mori mau. Sawisé mangkono layon nuli disarekaké ing kubur tatahan ing parang. Lawangen kubur banjur ditutupi watu kang diguluhdungaké mrono. 47 Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yoses padha weruh prenahi sumarene Gusti Yésus.

Kepiyé Yusuf saka Arimatea, wong kang dadi anggota Majelis Agung kang kinurmatan, terus ngreti yén Gusti Yésus wis séda? Bisa uga wong wadon kang ana ing sacedhaké salib iku menehi ngerti prekara iku marang dhéwéké.

Nanging apa sebabe wong wadon iku banjur nemoni wong kang dadi anggota Majelis Agung, lan ora nemoni Pétrus lan Yokanan? Awit Yusuf kang kinurmatan iki wong kang ndhérék Gusti Yésus kanthi sesidheman, lan dhéwéké kanthi sesidheman njaga pengare-arepe wong-wong wadon iku, yén pancen Gusti Yésus iku Sang mesih kang diprasetyakaké Gusti Allah. Awit saka iku para wong wadon iku pracaya marang dhéwéké, lan wani njaluk pitulungan marang dhéwéké (Yokanan 19:38).

Kepiyé Yusuf Arimatea bisa ngurmati Gusti Yésus, sinadyan dhéwéké iku anggota Majelis Agung kang lumawan Gusti Yésus? Bisa uga dhéwéké ora nekani nalika Majelis agung iku nganakaké patemon. Utawa bisa uga dhéwéké teka, lan dhéwéké menehi panemu kang beda karo anggota liyane. Bisa uga ana daya pengaruh saka panemu Yahudi kuna kang mratélakaké yén wong kang duraka pisan ora sawutuhé uwal saka sih rahmate Allah, lan panemu iku ditrapke marang Gusti Yésus, lan awit saka iku prelu ana wong kang duwé panemu yén Gusti Yésus kudu diuwalaké, kang lumawan panemu ing antarané pitung puluh anggota Sanhedrin iku kang duwé panemu Gusti Yésus kudu diukum pati. Lagi putusan kanggo nibakaké paukuman iku bisa bener-bener sah. Bisa uga Yusuf lan Nikodemus iku wong loro kang duwé panemu yén Gusti Yésus iku ora luput, lan prekara iku dadi jalaran kang gawé putusan Makamah agama iku selaras karo tata cara lan pungkasané dadi sah (Yokanan 19:39).

Yusuf iku wong kang duwé watek wantu kang becik lan beda karo wong-wong Yahudi liyané utawa uga wong-wong Rum, kanthi mangkono dhéwéké kanthi kendel mlebu ing benteng Antonia lan ketemu karo Pilatus, Sang Gubernur Rum, sinadyana dhéwéké ngerti yén prekara iku bakal agawé para imam kepala dadi nesu banget. Dhéwéké ora wedi karo anggota Makamah Agama, lan ora pati nggatekaké tata cara dina riyaya paskah, kang duwé pranatan yén nganti nyenggol jenasah bakal dadi najis suwene seminggu.

Pilatus gumun yén Gusti Yésus anggone séda cepet banget. Ora kaya wong kang disalib liyané matine nganti 24 jam utawa 48 jam, lan malah ana kang nganti tahan tekan dina kang kaping telu. Nanging, gusti Yésus kang alus ing bebuden, kagungan pangraita kang landhep lan kagungan katresnan uga piyayi kang kinurmatan gedhé, sédané cepet. Badan Panjenengané wis rusak, jiwa Panjenengané kang kebak katresnan wis sayah awit keselametan donya, neraka wis nyerang Panjenengané ora mandheg, lan bebendune Gusti Allah kaesokaké atas Panjenengané.

Panjenengan waos kanthi premati gegayutan sédané Gusti Yésus (Yesaya 53:5), lan panjennegan bakal akéh sinau: “Mangka Panjenengané iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengané karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakaké karahayon tumrap kita iku kadhawahaké ing Panjenengané, sarta maraga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras”. “Nanging GUSTI kagungan kersa ngejur Panjenengané kanthi ngrasakaké lara. Manawa Panjenengané masrahaké sarirané minangka korban panebus luput, Panjenengané bakal mirsani tedhak turuné, umur kang wis sepuh... Panjenengané bakal mirsani pepadhang lan dadi marem”

Pilatus ora gelem ndawa-ndawa urusan gegayutan prekara iki. Dhéwéké duwé pikiran yén dhéwéké kudu énggal uwal saka prekara iku, kang pancen banget nggorehaké telenging atine dhéwé, awit dhéwéké rumangsa wis ngukum mati uwong kanthi cara kang ora sah, awit kadhesek déning bangsa iku. Dhéwéké rumangsa seneng banget nampa tekané saka salah siji anggota Makamah agama Yahudi kang kinurmatan, salah siji anggota Makamah kang esuke nggawa Gusti Yésus marang dhéwéké supaya disalib. Pilatus masrahaké raga Gusti Yésus marang wong-wong kang nuduh Panjenengané. Nanging Pilatus kepengin pepesthen luwih dhisik bab sédané Gusti Yésus, awit kuwatir yén mengkono dhéwéké ngadhepi prekara, manawa raga kang diudhunaké kamangka isih urip banjur pulih manéh. Iki sing dadi rasa kuatire.

Awit iku Pilatus sebanjur nimbali prewirané, kang sebanjure menehi pepesthen marang dhéwéké gegayutan anggone gusti Yésus wis séda. Ora mung para wong wadon kang ana ing kana, malah prewira prajuri Rum uga menehi paseksén sejarah gegayuutan sédané Gusti Yésus ing kayu salib.

Ing kene kita ndeleng panjangkunge Gusti Allah, yén Yusuf Arimatea lagi waé tuku papan kubur watu ana njaba Yérusalém, sinadyana dhéwéké manggon ing kutha liya. Ing sajroné katresnan marang Gusti Yésus, Yusuf Arimatea ngrasakaké tali batin pribadi karo Gusti Yésus kanthi mangkon dhéwéké mapanaké ragané Gusti Yésus ing sajroné kubure dhéwé minangka tandha anggone ngajeni lan anggone banget ngurmati marang Gusti Yésus.

Ya mengkono iku, raga gusti Yésus ora mung dibuwang mengkono waé, utawa dijaraké supaya dipangan kewan galak ing ara-ara samun, dikaya kang kulina kelakon marang raga wong-wong kang mati disalib, nanging raga gusti Yésus dipapanaké ing sajroné sawijining kubur kang apik banget kang wis dicawisaké, kang nuduhaké yén anggone séda Panjenengané nggenteni kita lan anggone nyawisaké sarira Panjenengané nyangga bebendune Allah, Panjenengané wis maringi marang kita, anggone leladi babagan ngrukunaké manungsa lan gusti Allah iku ditampa lan banget diajeni déning Gusti Allah. Malah, Yusuf ora dhéwékan waé ing sajroné ngudhunaké raga Gusti Yésus saka salib. Nikodemus wong kang ahli lan juru mulang torét uga karo sawetara wong mursid liyané melu mitulungi Yusuf. Para wong wadon uga melu cawe-cawe ing sajroné mratélakaké anggone leladi katresnan wong-wong iku. Upacara anggone ngubur ditindakaké kanthi cepet, awit dina Sabat wis meh tekan, kang bakal diwiwiti ing jaman 12, utawa jam enem sore. Ing dina sabat diwiwiti, ora ana wong siji waé kang kena nyambut gawé utawa nindakaké apa waé lan saben uwong kang nerak katetepan iku bakal kena paukuman pati.

Dina Septu iku pas dina riyaya Paskah, pralambang saka kepungkure bebendune Allah marang bangsa iku kang mangan cempéning korban. Nanging, cempé Allah kang sabenere wis dikubur cepet-cepet lan meneng-menengan, lan raga Panjenengané sumare tenang ing sajroné kubur Panjenengané wiwit dina Saptu iku. Yusuf arimatea lan wong-wong liya nutup kubur Panjenengané karo cap gubernur, kanthi mangkono ora ana wong siji waé kalebu pandhérék Panjenengané kang bisa njupuk layon Panjenengané, lan kabéh wong kang prihatin awit séda Panjenengané mung bisa bali menyang omahe lan nangisi kanthi kebak keprihatinan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, kawula manembah Paduka awit Paduka sampun nyawisaken sadaya panguburan putra Paduka kanthi teliti. Paduka nuntun Yusuf lan Nikodemus kanggé nedahaken katresnanipun dhumateng Gusti Yésus kantyhi makaten priyantun kalih menika mboten malih ajrih ngadhepi dakwan, bebaya, lan karemehaken. Tulung kawula supados mboten ajrih dhumateng tiyang ingkang ngremehaken kawula lan mboten ajrih dhumateng tiyang ingkang lumawan, nanging paringana kawula kekendelan kanggo nyeksekaken katresnan Paduka cempéning Allah ingkang sampun nyangga sadaya dosa sadonya. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa prekara kang ngédab-édabi kang kelakon ing sajroné lelakon ngubure Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:17 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)