Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)
12. Para Prajurit Ngolok-Olok Lan Mecuti Gusti Yésus (Markus 15:16-20)MARKUS 15:16-20 Gusti Yésus pecuti kanthi tanpa welas déning prajurit Rum. Anggone mecuti iki nganggo pecut kang digawé saka kulit lan pucuke iku diwenehi pecahan-pecahan logam. Marga dipecuti iku dadi jalaran tatune menga ing sakojor awaké nganti tekan balunge. Balung kang ana ing gegere yaiku pérangan kang ringkih ing awaké manungsa awit ing kono akéh syarafe. Ngrusak balung ing geger padha karo ngrusak badan sawutuhé. Anggone mecut kang sakrosané iku supaya sadurunge disalib, dhéwéké ringkih awit ngetokaké getih akéh. Wong kang dipecut model mengkono wonge kang dipecut wis setengah mati. Sawisé disiksa mengkono, para prajurit kaidinan ngremehaké Gusti Yésus. Para prajurit nganggo dolanan Gusti Yésus sakarepe, awit pancen durung wektune disalib. Para prajurit iku ndhabyang Gusti Yésus menyang benteng Antonia kang dikupengi papat menara dhuwur, ana kono para prajurit Rum duwé markas kang kwajibané ngemataké kahanan ing sakiwa tengen pedaleman suci kanggo nyegah dumadine gegeran ing kutha iku. Para prajurit Rum nalika iku dipapanaké ing kutha Yérusalém, gunggunge kurang luwih 5000 nganti 1000 prajurit lan prewira. Para prajurit kang ditugasi nyiksa Gusti Yésus nyeluk kanca-kancané karo ngguyu lan kandha: “Dina iki, ana wong manca kang ngaku dhéwéké dadi Ratu wong Yahudi. Wong iku kepengin mbujuk bangsa iku. Awit saka iku, ayo nyembah dhéwéké. Dhéwéké uga ngaku yén awaké iku Putra Allah, ayo kita nyembah Panjenengané.” Ora ana wing siji waé para prajurit kang ngina Gusti Yésus iku bener-bener pracaya marang timbalan lan kamulyan Gusti Yésus, nanging para prajurit nyawang jubah Panjenengané kang kena getih, geger Panjenengané kang tatu abot, lan anggone Panjenengané piyambakan. Sawetara prajurit padha nyedhak Gusti Yésus lan nggawa jubah kang kaya diagem Gubernur Rum. Para prajurit mau nganggokaké makutha eri, ing mestakaké karo ngenyek. Eri kuwi nancep ing batuke Gusti Yésus. Kaya apa abote panandhang kang kudu disangga Gusti Yésus. Gusti Yésus tetap kendel waé tetap katon anggone agung tanpa sambat utawa nangis. Para prajurit iku wis lega mung karo nyiksa badan Panjenengané, nanging uga uga nyiksa manah Panjnengané lan nenyamah Panjenengané, “Ngaturaké salam Ratune wong Yahudi kang gagal sakabéhe! Majua, pahlawan kang ora duwé prajurit, numpak bagal tanpa nganggo cara perang, tabib kang marasaké wong liya nanging ora bisa marasaké awaké dhéwé” Sawetara para prajurit iku entha-entha sujud ing ngarsané Gusti Yésus, lan manembah Panjenengané. Para prajurit ora ngerti apa kang ditindakaké, awit Iblis wis ndadekaké wuta mripat para prajurit mau, lan malah para prajurit mau sejatine lagi nyenyamah kanthi nistha, sawetara prajurit mau njupuk teken lan sebanjure digebugaké ing geger lan mestakané Gusti Yésus. Para prajurit uga nyelehaké teken ing astané Gusti Yésus iki patrap ngenyek marang gusti Yésus, gusti Yésus dikaya ratu kang lagi nyekele teken Kraton. Gusti Yésus ora ngasta teken kraton kang digawé saka emas utawa gading. Panjenengané uga ora ngasto bunderan emas bumi, nanging Panjenengané malah dadi priyayi kang karemehake. Wong-wong kapir iku ngantemi Gusti Yésus lan ngidoni panon Panjenengané. Apa tahu ana uwong kang ngidoni praupan panjenengan, utawa mripat panjenengan? Apa kang bakal panjenengan tindakaké manawa ana kang nindakaké prekara iku? Nanging apa panjenengan nyemak apa kang ditindakaké Gusti Yésus? Panjenengané nresnani para satru Panjenengané amberkahi para satru kang wis ngipat-ipati Panjenengané, lan nyangga sesengite manungsa tanpa sambat. Panjenengané ngalahaké saindhenge jagat piyambakan waé. Sawisé rampung anggone ngremehaké Panjenengané, wis ngesokaké kabéh pangigit-igit ing atiné, para satru sebanjure njupuk jubah Panjenengané kang dijupuk banjur dienggokaké manéh, kang wis kena getih, tanpa éling yén jubah iku mung saklembar kang sejatine dadi pralambang saka kalenggahan Panjenengan dadi jejeré Imam Agung kang bakal ngrukunaké Gusti Allah karo manungsa, masrahaké gesang Panjenengané awit katresnan Panjenengané. Para satu ora ngakoni Raja atas kabéh raja iku wis nebus umat supaya umat Panjenengané iku ngetrapaké kabéh watek-wantu kang dadi kagungan Panjenengané: alusing bebuden lan katreesnan, andhap asor lan kamlyan, pangapura lan kasucén. PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula manembah Paduka awit nalika Paduka kendel sejatosipun Paduka mratélakaké kathah sanget kayektosan ingkang nglangungi protes utawi pambela badan piyambak ingkang ngédab-édabi pindah. Ing salebetipun katresnan Paduka, Paduka mboten nampik tiyang-tiyang ingkang ngremehaké Paduka. Kawula ngaturaken panuwun awit kesabaran Paduka ing salebetipun panandhang, lan atas katresnan Paduka ing salebetipun panyiksan menika. Paduka pitulungi kawula supados kawula uga mboten dadi bebendu ing wekdal kawula diremehaken, lan mboten sengit dhumateng tiyang-tiyang ingkang nganiaya kawula, nanging kawula saged nresnani para satru kawula, lan nylametaken tiyang-tiyang kalawau ing salebetipun asma Paduka. Kawula manembah Paduka, lan nyawisaken margi kanggé rawuh Paduka, Dhuh Raja ingkang sampun dipun weca, cempé Allah ingkang alus bebuden. Kawula masrahaké badan kawula sawetahipun dhumateng Paduka. Paduka kemawon Raja kawula ing salebetipun katresnan ingkang suci. Amin. PITAKONAN:
|