Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)
11. Gusti Yésus Ing Ngarepaken Pengadhilan Sipil (Markus 15:1-15)MARKUS 15:1-15 Sawisé bengi kang ngeselaké ing sajroné kunjara, wong-wong sebanjure nggawa Gusti Yésus ing ngarepané panguwasa Rum kang gumedhe lan kang gawé pepati, awit bangsa Yahudi nalika iku ora duwé hak nibakaké paukuman pati. Awit saka iku, pitung puluh pinituwa bangsa iku, kalebu Imam agung, para hakim kang duwé pengalaman, lan para ahli torét kang misuwur wis netepaké nyedani Gusti Yesys kanthi nggunané tangané panguwasa manbsa kang ora pracaya marang Gusti Allah kanthi mangkono bakal katon ing rakyat yén ing sajroné lelakon kang ngisin-isine iku, Gusti Yésus kanton ringkih, ditampik déning Gusti Allah lan didohi déning para pemimpin bangsa. Wong-wong Yahudi kang urik ora menehi ngreti Pilatus yén wong-wong mau ngincer sédané Gusti Yésus awit Panjenengané nyeksékaké yén Panjenengané iku Putra Allah kang urip lan Sang Mesih kang diprasetyakaké, nanging ing ngarepeé pengadilan politik iku, wong-wong Yahudi ndakwa yén Gusti Yésus ngaku sarira Panjenengané iku Raja lan pemimpin kang bakal merdekakaké bangsa iku saka impen ala saka anggone dijajah. Pilatus banjur takon marang Gusti Yésus, “Apa kowé ratuné wong Yahudi?” Gusti Yésus ora nyelaki sesebutan iku, nanging mbuktekaké lan nyethakaké anané Panjenengané minangka jejeré raja lan pemimpin rohani ing donya iki. Panjenengané bisa kanthi gampang nylametaké sarira Panjenengané piyambak, manawa Panjenengané matesi jawaban Panjenengané marang prekara-prekara kang gegayutan kaliyan pérangan agama waé, nanging Panjenengané ora gelem nyelaki kasetyan Allah marang umat Panjenengané, awit Kang Mahaluhur ora mung ngersakaké ati wong-wong mau waé, nanging uga kabéh panguripan, kasugihan, wektu lan cara panguripan wong-wong iku. Iman marang Sang Kristus kalebu uga pangerten yén Putra Allah iku kang kagungan sakabéhe, lan rancangan kraton kang asipat ilahi bakal dianyaraké ing sajroné donya iki kanthi panguwasa Gusti Yésus Kristus. Pilatus ora ngreti makna apa kang dadi pangandikané Gusti Yésus. Nanging, Pilatus ora ndeleng yén Yésus kuwi duwé pepinginan nganakaké pambalela nganti ngwutahaké getih nganggo pedhang lan kekerasan, nanging Pilatus malah ndeleng Gusti Yésus minangka pribadi kang ora mbebayani, mursid lan tulus. Pilatus mesem, lan dhéwéké kepengin nguwalaké Gusti Yésus uga mratélakaké yén Gusti Yésus ora luput, minangka pamales marang urike para pemimpin agama Yahudi. Nanging kahanan pemerintahan Rum kisruh, lan wong-wong Yahudi ndesek Pilatus kanthi urik nganti Pilatus sebanjure milih cepat ngrampungaké prekara iku tanpa dadi jalaran gegeran. Gusti Yésus tetap kendel nalika nampa dakwan wong-wong Yahudi iku, awit Panjenengané wis ngandharaké marang Gubernur Pilatus kabéh kayektén kang ana, nyethakaké marang gubernur iku babagan wadi sarira Panjenengané lan bab Kraton Panjenengané. Gusti Yésus pirsa yén pungkasan gesang Panjenengané wis tambah cedhak, nanging Panjenengané ora wedi mati, lan Panjenengané ora ngemis kawelasan, lan Panjenengané malah lumawan kabéh apus-apus iku kanthi kaagungan keyakinan. Cilaka manusia kang ora gelem ngrungakaké Pangandikané Allah! Awit pangandika Allah iku siji-sijine dalan marang sih rahmat. Rahayu bangsa kang marang bangsa iku Gusti Allah ngandika, becik kanthi alus uga karo bebendhu, awit sawisé Panjenengané nglantaraké kabéh pangandikan iku, Panjenengané bakal nresnani bangsa iku, nuduhaké sih kawelasan marang wong-wong kang ngrungokaké, lan maringi keselametan marang manungsa. Pungkasané, Pilatus kompromi, dhéwéké nawani bangsa iku milih apa dhéwéké nguwalaké wong kang gawé raja pati kang awatek dursila, apa nguwalaké Putra Allah kang alus bebundené, awit Pilatus mbudidaya golék cara kang sah supaya bisa nguwalaké Gusti Yésus. Nanging kang sabenere, Pilatus lagi sembrana karo kayektén. Wong akéh kang ana ing kono nalika iku ora kepengin priya kang alusing bebuden lan andhap asor kang nimbali wong-wong supaya mratobat lan nyingkur awaké dhéwé iku diuwalaké, malah njaluk supaya diuwalaké kang kaanggep pahlawan kang bakal dadi jalaran merdika, kang bisa nyugehaké lan ndadekaké bangsa gedhé nganggo dalan kekerasan. Awit saka iku, para pemimpin agama Yahudi iku sebanjure mbujuk wong akéh kang ana ing kana, supaya netepaké nguculi bandan Gusti Yésus, lan nibakaké paukuman pati marang Panjenengané. Pilatus kepengin nyenengaké wong akéh kang meh gawé geger iku, lan Pilatus mbudidaya supaya wong-wong mau bisa tetep tenang, awit Pilatus dhéwé kepengin nyenengaké atine sang Nata Agung ketimbang ndadekaké pengadilan iku pengadilan kang bener. Pilatus nerak kayektén, lan netepaké supaya Gusti Yésus ditibani paukuman mati ing kayu salib, tujuwané supaya gawé marem para kang ngojok-ojoki wong Yahudi, lan duwé kanthi mangkono mula laladané dadi tenang. Sedulur kang kinasih, coba bayangna kepiyé manungsa ngukum Gusti Yésus. Wong-wong mursid nuntut Gusti Yésus disalib, lan wong akéh kesusu nguwuh nuntut Gusti Yésus mati. Ya iki roh pambalela kang asale saka Bapa pambalela, kang duwé karep nyingkiraké gusti Allah kanthi mangkono dhéwéké bisa nyekel pemerintahan ngganggo kekerasan, rasa sengit lan ngetrapaké patrap ora adil atas kabéh titah kang ana. Kira-kira sapa kang panjenengan pilih manawa upamané panjenengan ana kana wektu iki, Barabbas wong kang ngumbara kang njanjekaké kabebasan, kamardikan lan karaharjan marang bangsané utawa Gusti Yésus, cempé Allah kang alus ing bebuden lan andhap asor kang ngapura kabéh dosa jagat? Dadaren pilihan panjenengan kanthi teliti, putusna nasip kelanggengan panjenengan, lan dadia seksi babagan putra Allah dina iki uga, awit ya mung Panjenengané waé juru selamat donya, lan Panjenengané mbangun kraton Panjenengané ing sajroné ati para pandhérék Panjenengané. PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka kemawon Ratu kang leres. Kula ngakoni ing ngarsa Paduka yén kula nresnani pikurmatan, arta, kalenggahan langkung saking alusing bebuden, andhap asor, lan atur panuwun. Paduka apunten kula awit milih babagan ingkang gampil lan kasenengan langkung saking milih kayektosan lan pangorbanan. Apunten kula menawi kula mboten mitulungi sedhérék-sedhérék ingkang mboten lepat ingkang dipun kunjara, lan mboten mbelani sadhérék-sadhérék menika kanthi setya. Paduka wucal kula cara gesang ing salebetipun kayektén, lan sinau kendel lan tulus ugi kayektén saking Paduka. Amin. PITAKONAN:
|