Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)
5. Sawijining Prejanjian Kang Anyar Dianakaké Nalika Gusti Yésus Bujana Karo Para Murid (Markus 14:17-25)'MARKUS 14:17-25 Sang Kristus nyawisaké para murid kanthi temen ing Bujana kang Pungkasan iku. Panjenengané mratélakaké marang para murid kayektén, lan mimpin para murid ing sajroné pamratobat kang bener-bener kanthi ati kang ajur, awit mung kanthi pamratobat kang terus terusan iku kita bisa pantes ndhérék Bujana Suci Gusti kang kebak berkah. Sang Kristus nyethakaké babagan pambaléla saka salah siji murid kang wis ndhérék Panjenengané wiwit wiwitan, makarya bebarengan, lan ndedonga ing sajroné patunggalane. Wong kang mbaléla iki urip awit sih rahmat Sang Kristus, lan nggunakaké panguwasa Sang Kristus supaya nampa kauntungan kadonyan, lan nalika dhéwéké gagal nggayuh tujuwané, dhéwéké sengit karo Gusti Yésus lan duwé karep nyingkiraké Gusti Yésus babar pisan. Pratéla kang blak-blakan iki pancen ndhodhok atine para murid lan dadi jalaran wedine para murid kaya bom kang mbledhos lan uga dadi was-wasé para murid. Nanging ana kang aneh! Para murid ing antarané dhéwé padha dakwa dinakwan, nanging malah wiwit njubriyani awaké dhéwé, lan krasa yén bisa uga awaké dhéwé mbaléla Gusti Yésus ing sajroné atine. Apa panjenengan nyemak uga anggoné ngakoni para murid nggegirisi banget? Ora ana wong siji waé kang bisa pracaya marang awaké dhéwé lan yakin babagan kasetiaane. Para murid kabéh rumangsa yén ana sumber banyu piala ing sajroné ati kabéh manungsa, manawa ora diselametaké déning Sang Kristus. Rahayu panjenengan nalika panjenengan rumangsa isin gegayutan kalau dosa Panjenengané, lan nalika panjenengan rumangsa banget rasa luput bab bisa uga atine ngedoh saka Sang Kristus lan keselametan Panjenengané. Gusti Yésus kagungan karsa nylemetaké Yudas, ing wektu kang pungkasan Panjenengané, lumantar pratéla Panjenengané kang dingandikaké secara ora langsung. Panjenengané nresnani wong kang mbaléla marang Panjenengané lan mbudidaya neguhaké pamratobat ing sajroné atine kanthi tembung-tembung kebak katresnan lan panguwasa. Kita ora ndeleng anané anggoné ora cocok antarané pameca kang wis ditulis wiwit kalanggengan yén Putra Manungsa bakal mati, kanthi kasunyatan yén Yudas Iskariot yaiku wong kang mbaléla Panjenengané. Gusti Yésus menehi pepéling kanthi ceteha marang Yudas yén rasa luput lan paukuman kang bakal disanggat bakal abot banget, lan luwih becik kanggo Yudas manawa dhéwéké ora dilairake. Kanthi pangandikan mangkono, Gusti Yésus kagungan karsa supaya nggorehaké ati Yudas Iskariot sadurunge wis kebanjur ditindakake. Nanging, wong kang mbaléla iku pancen wis duwé tekad gembleng mbaléla karo Gusti Yésus. Dhéwéké ora gelem ngrungokaké pangandikan Gusti Yésus kang kepenak, lan ora gelem ngreti pangandikan iku, awit dhéwéké wis dadi wangkot awit anggoné ngigit-igit marang Gusti Allah kang dadi manungsa iku. Sedulur, sowané marang Gusti Yésus kanthi ati kang ajur lan pamratobat kang bener-bener, lan akoni dosa-dosa panjenengan. Awit mung kanthi cara iku, panjenengan bakal pantes ndhérék bujanané Gusti kang wis dicawisaké déning Sang Kristus ora kanggo wong kang mursid, nanging kanggo wong-wong dosa kang mratobat lan kinanthenan ati kang ajur. Dina iki, manawa panjenengan krungu swara Panjenengané, aja mangkotaké ati panjenengan. Nalika bujana kang kebak berkah iku, Sang Kristus ngaturaké panuwun atas roti kang dicuwil-cuwil. Panjenengané ngangkat Panjenengané minangka pralambang kanggo badan Panjenengané kang disalib, lan paring dhawuh marang para murid Panjenenengané kanggo nampa Panjenengané ing sajroné atine kaya roti kang mlebu ing sajroné bada wong-wong kang ndhérék bujana. Sang Kristus ngersakaké manunggal ing urip panjenengan, oara akwt panjenengan mursid, nanging awit Panjenengané nresnani panjenengan, lan bakal nganthi Panjenengané, malah manunggal ing ati panjenengan kapan waé. Kaya apa gedhéne katresnan Allah, kang ora nampik wong-wong dosa kang nasipe ala, nanging Panjenengané piyambak kang manunggal ing sajroné kita lumantar pangandikan Panjenengané, ing sajroné bujana suci, lumantar anggoné manunggal Sang Roh suci ing sajroné uripe wong-wong pracaya! Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci manunggal ing sajroné urip saben wong kang mbuka sarirané kanggo Sang Kristus. Gusti Yésus andadekaké anggur iku dadi pralambang kanggo rah Panjenengané, lan ngandika marang para muridé Panjenengané yén rah kang luhur iku bakal nyucekaké kanthi sampurna dikaya anggur kang anget iku mili mlebu ing sajroné awaké wong kang ngombe anggur mau. Rah Sang Kristus iku dudu getihe manungsa lumrah. Rah iku yaiku rah Putra Allah kang manjalma dadi manungsa, lan kang netesaké rah Panjenengané, sepisan kanggo salawasé, supaya nyuceni saben wong kang mlebu ing sajroné Prejanjian kang anyar karo Gusti Allah lumantar Panjenengané. Ora ana sesambungané utawa kamanunggalan karo Gusti Allah tanpa anané panyucen dosa. Rah Gusti Yésus Kristus nyuceni panjenengan saka kabéh dosa. Prejanjian kang anyar iki ora mung kanggo sak suku, sakbangsa utawa mung kanggo basa tartamtu waé, nanging tinarbuka kanggo kabéh manungsa. Sing sapa ngombe getih kang murni iki, bakal dadi murni ing sajroné atine awit disucékaké saka dosa-dosa kang lawas, lan disucékaké awit sih rahmat, mula wong iku pantes mlebu lan tetep manggon ing sajroné prejanjian kang anyar. Apa panjenengan ngreti yén Gusti Allah kang langgeng lan suci iku kagungan sesambungan karo manungsa kang dititahaké Panjenengané, lan Panjenengané kagungan patunggalan karo panjenengan lan uga ing saben uwong kang mratobat, awit Sang Kristus mbeneraké kita lumantar séda Panjenengané? Apa panjenengan éling duwé tekad mlebu ing sajroné prejanjian karo Gusti Allah? Apa Sang Kristus bener-bener maunggal ing sajroné ati panjenengan? Apa rah Panjenengané nyuceni panjenengan saka kabéh cemere dosa panjenengan? Gusti Allah sang Rama nimbali panjenengan dina iki, ing sajroné bujana kasuwargan, lan bakal maringi sih rahmat marang panjenengan ing sajroné Putra Panjenengané. Banjur, apa kang bakal panjenengan tindakake? Kepiyé panjenengan bakal ngaturaké panuwun marang Panjenengané? PANDONGA: Dhuh Sang cempéning Allah kang suci, Paduka séda nggentosi kawula, lan Paduka maringi kawula hak langkung-langkung supados nedha saking badan Paduka, lan ngunjuk saking Rah Paduka ingkang luhur lumantar roti lan anggur ing salebetipun Prejanjian Suci. Paduka rawuh ing salebetipun gesang kawula, Paduka manunggal ing manah kawula, Paduka paring kekiyatan dhumateng kawula kanggé gesang langgeng, lan sucékaken kawula saking samukawis godha tumindak dosa kanthi makaten kawula saged dipun tunggalaké kaliyan Sasng Rama lan kaliyan Paduka ing salebetipun prejanjian ingkang énggal ngantos salami-laminipun, ugi supados kawula saged ngantos-atos rawuh Paduka ingkang tambah caket, lan kawula saged ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kawilujengan ingkang Paduka paringaken kanthi kebak kabingahan lan kabungahan. Amin. PITAKONAN:
|