Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 087 (Preparing the Passover)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

4. Cecawisan Dina Riyaya Paskah (Markus 14:12-16)


MARKUS 14:12-16
12 Nalika dina kapisanan ing riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina panyembelehing wedhus Paskah, para sakabate Gusti Yésus padha matur: “Karsa Paduka, kawula sami kadhawuhan cecawis Paskah kagem Paduka wonten ing pundi?” 13 gusti Yésus banjur ngutus sakabat loro kalawan dipangandikani mangkéné: “Padha menyanga kutha; ana ing kana kowe bakal kapetehuk karo wong ngindhit jun isi banyu. Iku etutna, 14 lan kandaa marang wong kang duwé omah, kang dileboni wong mau: Piwélingipun gusti: Endi kamar kang dicawisaké, kang bakal Dakanggo dhahar Paskah karo para sakabatKu? 15 Wong mau banjur bakal nuduhaké kamar kang jembar ana ing loteng, kang wis katata miranti. Padha nyawisna Paskah ana ing kono kanggo aku kabéh!” 16 karone banjur padha mangkat lan satekané ing kutha, tinemune iya kaya kang wis kapangandikaaké déning Gusti Yésus. Banjur padha nyawisaké Paskah.

Gusti Yésus wis suwe kagungan karsa ngentekaké wektu Panjenengané ing donya iki bebarengan karo para muridé Panjenengané, lan nganakaké prejanjian anyar karo para murid minangka panutup saka kabéh anggoné Panjenengané leladi. Panjenengané ora maringi wewengan marang para satru Panjenengané uga Iblis nganti nggagalaké anggoné babarengan ngriyayakaken paskah karo para murid dina kang suci banget iku. Awit saka iku, Panjenengané ora kersa mbikak rancangan ngriyayakaké dina kang suci iki ing ngarepaké Yudas utawa ing ngarepan wong akéh gegayutan papan anggoné Panjenengané ngriyakaké Paskah karo para muridé Panjenengané. Panjenengané namung ngandikan marang wong-wong kang wis diparingi dhawuh kanggo nyawisaké papan ngriyakaké Paskah bebarengan karo para muridé Panjenengané.

Ing wektu iku uga, gusti Yésus nuduhaké sapa sejatine wong-wong kang dicawisaké Panjenengané supaya mlebu ing sajroné dalem Panjenengané lan ngrayakaké Paskah bebarengan karo Panjenengané.

Sebanjure, gusti Yésus ngutus wong loro ing antarané para muridé Panjenengané, supaya nyawisaké bujana pungkasan karo Panjenengané ing donya iki, saka kutha suci iku. Panjenengané ngarahaké para murid supaya nemokaké papané, lan nuduhaké marang para murid supaya ketemu karo pepadhané, kang saka antarané atusan ewu uwong kang mapan ing kutha iku, kang nalika iku cemawis nampani tamu kang ilahi. Apa tanda-tanda saka wong iku?

Wong iku lagi nggawa kendi kang isine banyu, lan ing jaman iku ora lumrah wong lanang kang nggawa kendi isi banyu, awit iku pegawéan wong wadon. Nanging, wong lanang iku ora wedi dideleng dadi kaya sawijining abdi. Bisa uga sing wadon lagi lara, lan awit saka iku wong lanang iku ngasoraké awaké nindakaké tanggung jawab sing wadon ngurus omah.

Iki tanda kang cetha banget, ana uwong kang wis nyawisaké awaké nindakaké leladi kang dadi jalaran Putra Allah kepareng mlebu ing sajroné omahe.

Sang Kristus paring dhawuh marang loro muridé Panjenengané supaya ngetutaké wong iku, kaya-kaya Panjenengané lagi ngandikan marang loro murid iku, “Etutna wong iku, awit ing mangsa kang bakal teka kowe uga bakal nindakaké leladi,” awit Sang Kristus luwih milih wong-wong kang cemawis leladi ketimbang karo marang wong-wong kang gumunggung. Panjenengané ngandikaaké babagan sarira Panjenengané, Putra Manungsa ora rawuh kanggo diladeni, nanging kanggo leladi, lan masrahaké gesang Panjenengané dadi tebusan kanggo wong akéh.

Sang Kristus nuntun loro muridé Panjenengané supaya rembugan pribadi karo wong iku, ora kaya wong ngemis, nanging dadi jejeré utusané Gusti, lan nglantaraké pangandikané Gusti Yésus kang bakal ditampa déning wong iku pangandikané gusti iku penting banget. Anggoné rawuhe Sang Kristus ing sajroné omahe wong iku nandhakaké anané wewengan luwih-luwih lan uga berkah ing pérangan liya, nanging uga panganiaya lan anggoné mbebayani. Awit saka iku, ora becik meksa wong iku supaya nampa Sang Kristus ing omahe, lan murid loro iku menehi wektu kanggo wong iku supaya gawé putusan. Panjenengan semak ing kené, Gusti Yésus ora piyambakan rawuhe ing omah iku, nanging karo para muridé Panjenengané, lan Panjenengané bakal ngalimputi omahe wong iku ing sajroné kabungahan lan tentrem rahayu.

Gusti Yésus wis pirsa yén wong gelem nampani Putra Allah sinadyana apa kang bakal dumadi. Menyang ngendi waé parané Gusti Allah nuntun wong kang dadi utusan Injil ing jaman iki, para utusan Injil iku bakal nemokaké lawang-lawang kang binuka lan ati kang dicawisaké déning Gusti. Kala-kala, kita bakal ditampik lan nampa rasa sengit ing sajroné pelayanan kita, awit kita martakaké pangandikan marang wong kang ora gelem nampa keselametan, kanthi mangkono wong-wong iku ora nampa utusan Injil iku awit ora cemawis nampa timbalan kasukman iki.

Nyuwuna supaya Sang Kristus nuntun panjenengaen ketemu karo wong kang lagi kepengin banget nampa keselametan kang saka Gusti Allah, awit Sang Roh suci wis nyawisaké wong-wong iku.

Murid loro mau mituhu marang pangandikané Sang Kristus. Murid loro mau ketemu wong iku, lan nyawisaké bujana paskah ing omahe kunjuk Sang Kristus lan uga para muridé Panjenengané. Ya iku tujuwan pelayanan kita lan hasil saka anggon kita mituhu: kanggo wong kang nyawisaké wong-wong liya kang ana sambung rapete karo rawuhe Sang Kristus ing uripe wong-wong, supaya wong-wong mau bisa tetunggalan karo Panjenengané kabawah tuntuntan Sang Roh Suci.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka kagungan karsa supados saged tetunggalan kaliyan tiyang ingkang nyawisaken badanipun nampi Paduka. Paduka ampuni kawula gegayutan anggen kawula sembrana mituhu timbalan Paduka ingkang penting sanget, lan Paduka pitulungi kawula supados saged mituhu dhumateng tuntunan Sang Roh Suci sawetahipun kanthi makaten kawula saged saestu-estu manggihaké tiyang-tiyang ingkang gadhah kekajengan kenceng sowan Paduka, lan martosaké dhumateng tiyang-tiyang kawilujengan lan rawuh Paduka kanggo gesangipun. Paduka pitulungi kawula supados mboten namung nuruti pepinginan kawula piyambak ing salebetipun kawula leladi Paduka, nanging anggenipun mituhu dhumateng pangandika Paduka kanthi makaten kawula saged saestu-estu manggihaké tiyang-tiyang ingkang sampun cemawis mireng Injil Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa ta tanda kang bisa dideleng déning para murid babagan wong kang wis cemawis nampani gusti Yésus mlebu ing dalemé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 06:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)