Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 074 (Prediction of the Temple's Destruction)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)

1. Gusti Yésus Meca babagan Rusaké Pedaleman Suci (Markus 13:1-4)


MARKUS 13:1-4
1 Nalika gusti Yésus jengkar saka ing Padaleman Suci, ana sawijining sakabat kang matur: “Gusti, cobi mirsanana kekahipun sela-sela punika saha endahipun yeyasan punika!” 2 Gusti Yésus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Kowe nyawang yeyasan kang gedhé endah iki? Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyané, kabéh bakal padha dijugrugi.” 3 Bareng Gusti Yésus lenggah ing gunung Jaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci, Pétrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas matur pitakon dhéwékan marang Panjenengané: 4 “Paduka mugi karsaa paring sumerep, benjing punapa kalampahanipun bab punika saha punapa ingkang badhé dados alamatipun, manawi sadaya punika wau sampun badhé kalampahan?”

Gusti Yésus tindak bebarengan karo para muridé Panjenengané rawuh ing Pedaleman Suci, dalem Allah, pralambang saka rawuhe Gusti Allah ing tengah-tengah umat Panjenengané, jaminan anggoné kajangkung, lan tansah nganthi anané bangsa iki. Pedaleman Suci uga sawijining punjer saka budaya, papan dianakaké karukunan karo Gusti Allah, tujuwan saka ziarah, uga punjering saka kabéh berkah.

Gedhong kang pengkoh lan endah kang bisa dideleng saka latar Pedaleman Suci iku Gedhong kang katelu, wis kaping pindho diwangun, nanging rusak marga saka suwene. Pedaleman Suci iku kawangun maneh sawisé wong Yahudi dibuwang. Diwangun kang ngandhut tujuwan nglegakaké pepinginan kang asipat kamanungsan uga kekarepan kanggo bombonging pribadi saka Sang Prabu Herodés Agung kang nganut agama Yahudi, lan sebanjure gawé putusan mbangun Pedaleman Suci iku luwih gedhé, minangka pambudidaya supaya nyenengaké bangsa Yahudi, nanging bangsa iku tetep ora seneng karo Sang Prabu Herodés.

Ing tengah-tengahe nggarap gedhong Pedaleman Suci kang anyar dikantheni upacara, kurban uga donga. Nanging latar Pedaleman Suci kuwi dadi papan bebakulan nganti Gusti Yésus nundhung wong-wong kang bebakulan mau. Kang ditindakaké Gusti Yésus iku dadi pralambang pengadilané Gusti Allah atas bangsa iku, ana pangandikan mangkéné: “PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekaké kedhung begal”.

Sawisé Gusti Yésus ngganepaké kabéh leladi wulangané, lan mirsani yén umat saka prejanjian lawas ora gelem mratobat lan remuk ati, sumarah marang Gusti Allah, malah para pangarepe bangsa iku ngrancang nyedani Panjenenge, Gusti Yésus banjur babar blas nilaraké Pedaleman suci. Kanthi nilaraké Pedaleman suci Panjenengaen wis ngganepi pameca Nabi Yehezkiel yaiku oncate kamulyan Gusti saka Pedaleman suci, banjur kamulyané Gusti mapan ing gunung Zaitun. Awit oncate kamulyané Allah iku mula padha karo panjangkunge Gusti marang bangsa iki lan uga kamanunggalané karo bangsa iki wis kapungkasi. Panjenengané ndhawahaké pengadilan Ilahi atas bangsa iku, yaiku bangsa iki ujug-ujug diserang karo bangsa kang dadi satrune bangsa Israel.

Nalika gusti nilaraké Pedaleman suci Panjenengané, para murid durung ngreti kawiwitané kasugengan Gusti Yésus kang anyar ing sajroné sejarah Prejanjian lawas. Para murid isih kamitenggengen marang gedhong kang mewah kang dilapisi werna kuning emas iku, lan isih eram marang Gusti Allah ing Pedaleman Panjenengané.

Lan nalika para murid nyuwun pirsa babagan endahe Gedhong kang dadi punjere panguripané wong Yahudi, Gusti Yésus paring jawaban kanthi kotbah kang maknané jero, kang dibobot penting déning Markus. Mula saka kuwi Markus anggoné nulis kotbah mau kaangggep sawijining kotbah kang penting dhéwé. Injil liyané luwih ngutamakaké apa kang diwulangaké Gusti Yésus Kristus. Markus nganggep yang pangandikan-pangandikan sawijining wulangan kang penting dhéwé saka kabéh pangandikan Gusti, kang kudu dimangerteni, ya kudu ditaati, lan uga ditrapaké ana ing ngaurip kabéh wong kristen.

Sing sapa naliti kanthi tememen jawaban ringkes kawitan kang diparingaké Gusti Yésus, bakal ngrasakaké akéhe tembung-tembung Gusti Yésus kang ora kangandikakaké déning Gusti Yésus, nanging dituduhaké lumantar esem kang getir, kaya-kaya Panjenengané meh muwun awit kaprihatinan kang jero atas anggoné bangsa iku ora mituhu uga amarga anggoné para murid ora énggal ngreti. Kaya-kaya Panjenengané ngandika: “Sedulur-seulurku kang ora ngerti, apa kowe kamitenggengen ndeleng watu-watu kang mati, lan wangunan kang bisa rusak, tanpa ngerti yén Aku iki Pedaleman Allah, lan ing sajroné Pedaleman Badan-Ku iki manunggal sipat Ilahi sawutuhé? Watu-watu lan wangunan iku babar pisan ora penting. Aku iki kang dadi punjering lan budaya kang anyar”

Sebanjure Panjenengané ngandika kanthi cetha: “Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyané, kabéh bakal padha dijugrugi.” Pratéla kang mangkéné iki kaya apa kagete para murid kaya disamber cleret ing tengahe pepeteng. Padha meneng jenger awit para murid wiwit mangerti kaya apa banget rusaké Pedaleman suci iku mbesuke. Paukuman bakal cepet kelakon tumrap Yérusalém, lan uga tambah cedhaké pungkasané jaman kanggo donya iki. Para murid wiwit gemeter keweden, rasa ayem kang palsu kang dijejegaké atas landhesan Prejanjian lawas iku banjur ambrug wektu iku uga.

Sawisé Gusti Yésus mlaku bebarengan karo para murid ing ngare Kidron, lan munggah ing gunung Zaitun, Gusti Yésus sebanjure lenggah ngadhep menyang Yérusalém. Sesawangan katon banget endah banget! Latar Pedaleman suci ana ing ngarsa Panjenengané, lan para murid kabéh padha meneng. Papat murid Gusti Yésus murid kang cedhak dhéwé karo Panjenengané, kang gegayutané cedhak karo Gusti Yésus. Papat murid itu manek-manekaké nyedhak Panjenengané, lan sebanjure salah siji saka wong papat mau nyuwun pirsa sateruse babagan wadi gedhé kang bakal kalakon iku: Mbenjang menapa paukuman Allah badhé dumados atas bangsa menika? Énggal utawi taksih dangu? Menapa nalika semanten kawula taksih gesang utawa kawula sampun pejah? Menapa tanda-tanda saking ewah-ewahan babagan agama, politik, lan pepérangan ingkang badhé kelampahan menika? Bisa uga para murid nyuwun pirsa babagan carané nguwalaké awaké saka paukuman Allah, lan kepiyé diselametaké saka bebendune kang Mahaluhur.

Apa pangandikané Gusti Yésus kang mengkono uga dadi jalaran para murid kaweden banget lan bisa dadi jalaran keblate para murid marang dhuwit, kasenengan, kawruh-kawruh uga kamewahan kang asipat kadonyan, dadi mratobat marang Allah kanthi rasa ajur ati lan kanthi andhap asor?

Bom nuklir kang saiki kasimpen ing sajroné gudang nyimpen negara-negara adikuwasa cukup kanggo ngobong lan dadi racun ing saindhenging isi bumi iki nganti makaping-kaping. Pungkasan jaman kasunyatan luwih cedhak tinimbang kang kita pikirake. Apa panjenengan wis cemawis uwal saka bebendune Allah, utawa apa panjenengan kaya bojone Lot kang mengo ndeleng menyang mburi papan kasenengan hawa nefsu kang nekakaké geni bebendu, lan sebanjure dadi reca uga dadi pralambang saka kabéh wong kang mangu-mangu ing sajroné milih antarané pamratobat karo urip kang lawas.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang suci, Paduka sampun mratélakaké dhumateng kawula babagan pungkasanipun jaman lan bebendu Paduka dipun pratélakaken dhumateng pambaléla manungsa lan dosa manungsa. Paduka apunten kawula awit suméndhé dhumateng raos ayem secara jasmani kawula lan bodhone kawula. Paduka paringaken dhumateng kawula iman ingkang tumindak ing salebetipun katresnan, lan pengajeng-ajeng ingkang gumathok. Paduka paringaken dhumateng kawula pepajar ilahi Paduka kanthi makaten kawula saged mangertos wadi ingkang kasingitan lan kayektosan babagan mangsa tembe, lan Paduka paringaken dhumateng manungsa wewengan kang pungkasan saderengipun Paduka rawuh malih. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa pentinge katarangan Gusti Yésus gegayutan rusaké Pedaleman suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2025, at 05:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)