Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)
3. Gusti Yésus Nyepatani Uwit Anjir lan Nyuceni Pedaleman Suci (Markus 11:11-19)MARKUS 11:11-19 Nalika Gusti Yésus lumbet ing Yérusalém. Panjenengané ora banjur mlebu ing kraton ketemu karo para pemimpin bangsa iku, nanging Panjenengané tindak menyang Pedaleman Allah, punjere kasucén, ing kono Panjenengané mirsani akéh wong kang dedonga tanpa mikir, lan kadudut banget marang usaha ngijoli dhuwit kanggo tuku kewan korban. Gusti Yésus ora mirsani anané pamratobat ing sajroné atine wong-wong mau, nanging Panjenengané mireng gegeran awit suwara wong dagang kang wis kelangan panggraita marang anané Gusti Allah. Gusti Yésus mirsané njerone kutha, lan mirsani mripate wong-wong ing kana, lan maos dosa-dosa, kanisthan, gumunggung, hawa nepsu, lan kaculikane. Sebanjure kanthi prihatin Panjenengan metu saka kutha tentrem rahayu iku, kang wis kebak karo wong-wong kang duwé ati sengit lan uga hawa nepsu gawé pepati. Dikaya wit ares kang endah dadi pralambang Libanon, mengkono uga wis anjir lan wis zaitun dadi pralambang umat saka prejanjian kang lawas. Kang katon dadi cirine wit anjir yaiku uwoh lan godhonge lumrahe anané bareng, malah kala-kala uwohe malah kang metu dhisik. Nalika Gusti Yésus lewat cedhaké wit kang ora ana bandhingaké iki, Panjenengané mirsané uwit iku gembuleng godhonge, kang kudune dadi tandha yén uwit iku uga ana uwohe kang wis nyedhaki mateng, sinadyana pancen mangsa uwoh anjir dadi mateng ing wulan Juni. Nanging wit iku ora uwoh babar pisan. Awit saka iku Sang Kristus paring paukuman marang uwit iku lan dadi berkah atas lelakon iku, kanthi mangkono uwit iku ora bakal bisa uwoh maneh. Ing kené, kita uga bisa nyemak prejanjian kang lawas iku ora duwé panguwasa, awit paugeran nabi Musa ora bisa ngasilaké uwoh-uwoh kunjuk Gusti Allah. Malah, kita bisa nemokaké ing sajroné Prejanjian Lawas, dikaya uwit anjir, akéh godhonge ing sajroné kitab iku, kang kebak karo pranatan, anjeksani, paugeran, donga, lan upacara agama, nanging ing sajroné kabéh mau ora ana pamratobat kang sejati, ora ana pangapura langgeng, utawa panguwasa katresnan. Yérusalém ora bisa diarani kutha suci, awit Yérusalém ora gelam nampa Gusti Yésus. Awit saka iku, bilahi lan paukuman alon-alon bakal tumiba atas kutaha iku. Nalika mlebu kutha iku baline Panjenengané esuke. Gusti Yésus nandhani titik wiwitané mangsa kraton Panjenengané. Panjenengané ora kotbah. Ora marasaké wong lara, nanging Panjenengané rawuh maneh ana ing pedalamen Suci, lan nundhungi wong-wong dagang, tukang ngijoli dhuwit, lan kumpulan uwong ngramal na ing latar lan empere Pedaleman suci. Apa kang ditindakaké iku nuduhaké yén owah-owahan kanggo bangsa iku wis kawiwitan, diwiwiti owah-owahan babagan anggone nganut agama, lan ora kawiwitan saka organesasi ekonomi, njejegaké paugeran sipil. Revolusi utawa pangorbanan. Sang Kristus ngersakaké nyuceni ati panjenengan uga, lan uga nyuceni badan panjenengan. Panjenengané ora kepareng anané roh ala, rasa sengit kang siningitan, utawa tresna marang dhuwit ing ati panjenengan, nanging Panjenengané ngersakaké manunggal ing sajroné urip panjenengaen, kanthi mangkono badan panjenengan bisa dadi pedaleman Allah kang kalimputan Sang Roh suci Panjenengané. Mengkono uga karo geréja panjenengan. Sang Kristus ora ngidinaké ana roh-roh liya kumpul ana ing sajroné ati panjenengan, nanging Panjenengané ngersakaké supaya roh-roh iku disirnakaké luwih dhisik ing ngarsané kasucén Panjenengané, kanthi mangkono wong-wong tuwa lan wong-wong enom ing geréja bisa bener-bener mituhu marang dhawuh Injil dikantheni donga kang tulus, kanghi mangkono Panjenengané bisa manunggal ing sajroné urip panjenengan becik secara patunggalan minangka jejeré geréja uga secara pribadi ing sajroné urip warga-wargané, lan panjenengan secara patunggalan dadi pedalemané Allah. Urip panjenengan kang murni lan tresna tinresnan dadi tanda anané Allah ing sajroné geréja panjenengan. PANDONGA: Dhuh gusti Yésus, kawula manembah Paduka awit Paduka kemawon Imam Agung ingkang sejatos. Raja ingkang kagungan panguwaos lan kawenangan, lan ingkang paring Paugeran ingkang gadhah samukawis kawicaksanan lan kayektosan. Kawula ngakeni ing ngarsa Paduka bilih manah kawula cemer ing ngarsa kaluhuran Paduka. Kawula kathah ménggalih, maos lan nyerat, nanging tumindak sae kawula namung sakedhik, sewetawis Paduka dhawuh dhumateng kawula kanthi panguwaos Paduka, kanthi makaten kawula dados tiyang Kristen ingkang nindakaké karsa Paduka, martosaken katresnan Paduka dhumateng bangsa kawula, kanthi makaten kathah tiyang ingkang mratobat dhumateng Paduka, lan Paduka saged manunggal ing salebetipun gesang tiyang-tiyang ingkang remuk manahipun, lan kawula saged sesarengan dadi pedaleman kang suci ing ngarsa Paduka. Amin. PITAKONAN:
|