Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)
2. Gusti Yésus Mlebu ing Yérusalém (Markus 11:1-10)MARKUS 11:1-10 Sang Kristus ngelekaké mripate Bartemeus, kanthi mangkono dhéwéké bisa ngreti makna tujuwan Sang Kristus menyang Yérusalém, awit sinadyan ana akéh telik sandi saka para imam kepala, dhéwéké wanuh Gusti Yésus saka Nazaret minangka jejeré Sang Mesih kang diprasetyakaké, Putra Dawud, lan Raja kang sejati. Gusti Yésus ora nampik sambutan agung nalika wong akéh ngluhuraké Panjenengané, lan malah Panjenengané marasaké wong kang menehi paseksén babagan panguwasa Panjenengané, minangka bukti yén Panjenengané iku bener Sang Mesih kang diprasetyakaké Allah. Ya marga kuwi, Panjenengané bisa nuwuhaké pengharapan gedhé ing atine para muridé Panjenengané lan ing sajroné ati bangsa iku. Kabéh padha kepengin melu dadi pérangané kamenangan Allah, lan awit saka iku padha gelem panas-panasan ing dalan lan gelem padha munggah ara-ara samun bebarengan karo Gusti Yésus ing pucuk gumuk kono kutha Yérusalém papane. Sadurungé Panjenengané nglangkungi Gumuk Zaitun, Gusti Yésus angganepi pameca nabi Zakaria, mratélakaké yén Panjenengan ora rawuh minangka jejeré Raja kang gumunggung nitih jaran perang, utawa nitih unta kang gagah kairingan sabregada prajurit kang nggeteraké ati, kanthi tujuwan supaya nelukaké kutha, nanging Panjenengané malah nitih belo kang isih enom. Luwih saka iku, Gusti kang maha kuasa iku kanthi andhap asor dadi wong kang mlarat lan sedherhana, Panjenengané malah ora duwé belo piyambak; awit saka iku Panjenengané kudu nyilih belo mitrane. Putra Allah malah ora duwé slemek kanggo belo iku, awit saka iku Panjenengané nggunakaké jubah Mmitra Panjenengané, kang nyilihaké belo mau, banjur Panjenengané lenggah gigire belo dadi kepenak. Mangkono, Panjenengané kanthi andhap asor mlebu ing kutha tentrem rahayu. Prajurit Rum ora malangi, awit arak-arakan sedherhana iki babar pisan kapetung ora mbebayani, luwih-luwih awit para pandhérék Gusti Yésus mlaku karo ndedong lan ngluhuraké Gusti Allah kaya nalika lagi nganakaké riyayan. Wong-wong kang ndhérék Gusti Yésus iku ngluhuraké Panjenengané nggunakaké salah siji Jabur Hallel kang dipujekaké ing mangsa Paskah, nalina nampa Imam Agung mlebu ing Pedaleman Allah kanggo ngrukunaké bangsa iku karo Gusti Allah. Dadi wong-wong mau muji-muji Panjenengané kaya lagi muji-muji wong kang kawisuda dadi Raja. Sang Kristus iku Imam Agung kang sejati kang ngrukunaké kita kanthi sempurna karo Gusti Allah. Panjenengané iku Raja sakabéhe Raja kang netepaké kraton tentrem rahayune dina iki ing sajroné ati kita. Apa panjenengan wis ngaturi dalan kanggo Gusti kanthi mangkono Panjenengané bisa mlebu ing sajroné ati Panjenengané, mlebu omah Panjenengané, mlebu desa Panjenengané, mlebu kutha panjenengan? Sawijining wadi gedhé saben Gusti Yésus, sang Raja kang asipat Allah iku ditampa, mula tentrem rahayu kang langgeng uga kawiwitan, kayadene kang wis dipratélakaké marang Sang Prabu Dawud lumantar sang Roh suci. Apa panjenengan ngrasakaké kabungahan gedhé atas rawuhe Sang Kristus kang sumanak, awit Panjenengané uga rawuh dadi Raja lan uga putra Mendané Allah? Apa panjenengan ngrasakaké anané Kratone Allah ing ati para pandhérék saka Raja kang andhap asor iku ing tengah-tengah jagat kang ala iki? Kepiyé panjenengan nyawisaké dalan kanggo Panjenengané ing papan panggonan panjenengan? PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka menika Putra Dawud, Sang Raja kang asipat Allah. Paduka mboten kagungan cacat utawi kalepatan. Paduka menika katresnan ingkang dado manungsa. Ing salebetipun Paduka kawula manggihaké kasucén, kaadilan, kasaenan, kasabaran lan rahmat. Padula lebetaken kawula ing salebetipun patungglan kraton Paduka. Paduka sucékaké kawula supadoa kawula saged ndhérék Paduka. Paduka bikak pikiran kawula kanthi makaten kawula saged tansah ningali Paduka minangka punjering kanggi jagat rayha menika, sinaosa Paduka mratélakaken sarira panjenengan kanthi sedhernana. Paduka wungukaken kasukman tiyang-tiyang ing jaman menika supaya tiyang-tiyang nampi pratéla kabingahan saking Paduka. Amin. PITAKONAN:
|