Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 061 (Request of the Sons of Zebedee)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

14. Panyuwune Anak-anaké Zébédéus (Markus 10:35-40)


MARKUS 10:35-40
35 Yakobus lan Yokanan, anak-anak Zebedheus, padha nyedhaki Gusti Yésus lan matur: “Gusti, kawula sami nyuwun, mugi Paduka karsaa ngabulaken panyuwunan kawula.” 36 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Karepmu Dakkapakake?” 37 Unjuke: “Benjing wonten ing kamulyan Paduka, kaparenga kawula linggih satunggal ing tengen, satunggal wonten ing kiwa Paduka.” 38 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Kowe padha ora ngreti apa kang padha koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung kang bakal Dakunjuk lan dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani?” 39 Atur wangsulane: “ Inggih saged.” Pangandikané Gusti Yésus: “Pancen, kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kang bakal Dakunjuk, bakal dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani. 40 Nanging bab linggih ing tengenKu lan ing kiwaKu iku Aku ora wenang marengake. Iku bakal kaparingaké marang wong-wong kang wis cinadhang.”

Cempé Allah kang alusing bebuden iku terus tindak tumuju mezbeh panguripan Panjenengané, sawetara para murid isih tetep cecongkrahan gegayutan politik, kalungguhan, pikurmatan, lan kendali, golék kamulyan jagat iki. Para murid ora énggal paham pentinge salib, pikirané bisa leladi Gusti Allah tanpa pamratobat lan kelairan anyar, lan para murid uga gumunggung. Yokanan lan Yakobus ndhérék Gusti Yésus. Wong loro mau ninggalaké pagawéané amek iwak, lan duwé pikiran yén dhéwéké luwih becik tinimbang para murid liyané, awit wong loro mau kagolong keluwarga para imam. Wong loro mau duwé pangarep-arep bakal bisa nyekel peprentahan ing donya iki kanthi gumunggung lan kamulyan, lan kepengin entuk pangaji ing dina kamimpangané Gusti Yésus.

Gusti Yésus ora banjur nampik panyuwune wong loro mau, nanging ngluputaké wong loro mau awit ora ngreti apa kang disuwun. Panjenengané mada apa kang dadi kekarepané, lan nuduhaké anggone ora paham uga ceteke pangertene gegandhengan karo pitakonan. Kanggo ndadar wong loro mau ndangu wong loro mau: Apa wong loro mau bisa ngombe tuwung bebendune Allah, lan nyangga baptisan kasangsaran ing kayu salib? Lan saka jawaban wong loro mau cetha yén wong loro mau ora ngreti karingkihan lan kahanan cemere dhéwé, uga ora wanuh Gusti Allah kang Mahasuci ing sajroné bebendu Panjenengané, utawa pentinge Cempé Allah, lan pentinge sédané Gusti Yésus. Wong loro mau gagal ing sajroné pendadaran ndhérék Gusti Yésus, awit Sang Roh Suci pancen durung manunggal ing sajroné uripe, lan uga durung tau ngreti babagan dosa-dosané kang jero uga penebusan atas dosa-dosa mau lumantar kayu salib. Wong loro mau isih wuta kasukmané, lan secara kamanungsan durung duwé pangerten.

Bener ngédab-édabi Gusti Yésus ora nampik anggone wong loro mau cemawis nandhang sangsara karo Panjenengané nalika wong loro mau isih durung kaanyarake. Gusti Yésus mratélakaken marang wong loro mau yén ndhérék Panjenengané ateges nandhang sangsara kanggo wong liya. Dikaya Gusti Yésus kang suci iku nandang sangsara kanggo wong dosa, mengkono uga baptisan ing sajroné Sang Roh suci ora mung nekakaké kabungahan, sih rahmat, lan pepesthen babagan samubarang kang becik, nanging uga kairingan déning pancobané iblis, lan rasa sengit saka wong-wong kang dikuwasani déning si pangawak dursila iku.

Apa panjenengan cemawis mbayar rega ndhérék Gusti Yésus? Apa panjenengan cemawis masrahaké urip panjenengan ing tengah-tengah rasa sengit lan kaasorake?

Pituwas kanggo patunggilan kita karo Gusti Allah lan putra Panjenengané ora kaya kang diangen déning Yohanes lan Yakobus. Mokal ana manungsa kang lungguh ing sisih kiwa Sang Kristus, awit babagan iku papan kanggo Gusti Allah Sang Rama. Panyuwun saka anak-anaké Zebedus iki nuduhaké rasa gumunggung si dursila kang wiwit ngrasuk ing sajroné pikiran para murid, mbudidaya para murid lumawan Sang Roh saka Gustine.

Ana ngendi ta papan kita ing suwarga? Apa kita kalebu wong-wong kang diasta nyedhak, utawa ing antarané wong-wong kang digawa ngadoh? Kabéh wong kang pracaya marang Sang Kristus ana ing sajroné Roh Panjenengané nganti selawasé. Kita iki badan kasukman Panjenengané, lan ora bisa dipisahaké karo Panjenengané. Ing sajroné Suwarga ana katresnan, roh, lan kamanunggalan, ora patrap ngendelaké awaké dhéwé utawa pisah-pisahan awit gumungung lan gumedhe. Gusti Yésus ndedonga marang Sang Rama Panjenengané, “Supados tiyang-tiyang menika manunggal dhuh Rama, kados dene Paduka ing salebetipun kula, lan Kula ing salebetipun Paduka.”

PANDONGA: Dhuh Gusti, Paduka saestu sabar kaliyan kawula ingkang gumunggung lan bodho. Paduka mboten nampik kawula, nanging cemawis ngunjuk tuwung bebendu supados kawula saged gesang ing salebetipun panguwaos Sang Roh Suci Paduka. Paduka manggul baptisan panandhang ing kajeng salib kanthi makaten kawula saged dipun baptisaken ing salebetipun Sang Roh Suci. Paduka apunten anggen kawula bodo, patrap kawula ingkang ngendelaken badan piyambak, lan ingkang mburu kalenggahan. Paduka ribah supados kawula dados memper kaliyan gambaran Paduka, kanthi makaten kawula saged ngasoraké badan kawula lan dados alus bebuden kawula uga cemawis lelados tiyang-tiyang sanes, lan saged nyanggi pangina, panampik uga anggen tiyang-tiyang menika nggebak kawula, supados tiyang-tiyang menika ugi kawilujengaken. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé panyuwune anak-anaké Zébédéus lan jawaban Gusti Yésus kang mratélakaké kahanan kasukmané anak-anaké Zébédéus mau?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2025, at 05:07 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)