Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)
1. Petrus Ngakoni Gusti Yésus Minangka Jejeré Sang Kristus, Putra Allah, Lan Tumiba ana Ing Sajroné Cobaning Iblis (Markus 8:27-33)MARKUS 8:27-33 Kristus nuntun para murid marang kadiwasan iman nganti para murid mau wanuh karo Panjenengané kang sabeneré. Kanthi alon-alon Panjenengané nuntun undhak-undhaking kapiyandelané nganti ngakoni Panjenengané tinarbuka, kanthi mangkono para murid duwé tekad nglakoni urip kang golong gilik ndhérék Panjenengané kanthi setya. Wong akéh ngakoni yén Sang Kristus iku nabi, kang nerusaken Nabi Musa, utawa Nabi Musa kang kapindho. Sawetara wong panemu, Panjenengané iku Yokanan Pambaptis, kang rawuh ing sajroné roh lan kagungan panguwasa kaya Elia, nabi kang semangate makantar-kantar kang diprasetyakaké rawuh sadurungé Sang Mesih rawuh. Nanging Sang Kristus mlebu ing atine para murid kanthi mangkono para murid banjur bisa ngakoni kayektén hakikat Panjenengané. Kepiyé gegayutan iman panjenengan marang Gusti Yésus? Manut panjenengan sapa ta Panjenengané iku? Apa panjenengan banjur ngakoni yén Panjenengané iku Sang Kristus? Apa panjenengan mangerti makna kang kakandhut ing sajroné asma kang banget ngédab-édabi iku? Gelar “Sang Kristus” ateges Panjenengané dijebati nganggo Sang Roh Suci, awit Gusti Allah wis njebati imam agung, para raja kang duwé iman, lan para nabi kang misuwur. Nanging Gusti Yésus Kristus iku Kang dijebati kanthi sempurna ngluwihi kabéh kang liyané, awit ing sajroné Panjenengané manunggal sawutuhé sipat ilahine. Kabéh gelar, panguwasa lan sih rahmat Kang Maha Kuasa kalebu ing sajroné asma Panjenengané. Wong-wong Yahudi duwé panemu yén Sang Kristus bakal rawuh dadi Raja kang asipat politik kang diutus Allah ing pungkasané jaman supaya merdikaaké bangsa Yahudi, lan lumantar kaélokan Panjenengané, nguwalaké saka panguwasané pemerintahan Rum, lan ndadekaké bangsané dadi bangsa unggul ing jagat. Keyakinan wong Yahudi babagan Raja kang asipat politik iki sawijining kaculikané Iblis kang nafsiraké prasetyané Prejanjian Lawas kang akéh wis diselewengake. Nanging, sang Kristus pirsa lan mulangaké marang kita yén kabéh bangsa kang diedegaké atas landhesan kekuwatan, pajek lan pranatan ora bakal bisa ngrubah atine manungsa. Panjenengané ngersakaké neguhaké krajan kasukman ing kono Allah manunggal karo manungsa ing sawijining prejanjian kang langgeng. Nanging manungsa ngadoh saka Kang Nitahake. Dosa-dosa kita luwih akéh tinimbang karo wedhi ing pinggiring segara, lan kita wis anut dalan kita dhéwé. Yaiki sebabé Gusti Yésus nyangga kabéh dosa kita, lan ngrukunaké kita kanthi hakim kang langgeng iku, kanthi mangkono kita bisa urip ing sajroné tentrem rahayu kang asipat kasuwargan. Omongané Petrus dadi wakile para murid kabéh, ngakoni yén Gusti Yésus iku Kang dijebati Allah. Panjenengané ora nampa kawruh iki lumantar pikiran utawa tekade, nanging lumantar pamisike Allah Sang Rama ing sajroné sih kawelasané, mratélakaké marang Petrus kayektén babagan Gusti Kristus Yésus. Pamisik ora dipratélakaké lumantar daging lan getih, nanging lumantar Roh Allah kang kuwasané ngluwih jagat kita. Bisa uga nalika iku Petrus ora sawutuhé ngreti jerone makna ing sajroné anggone ngakoni gelar Sang Mesih, nanging duwé pikiran yén Panjenengané iku Sang Juru selamet kasukman lan uga juru selamet kang asipat politik. Awit saska iku gusti Yésus wiwit nyethakaké marang para muridé Panjenengané pentinge anggone bakal séda ing tangané para pinituwa lan para kepala imam, awit Panjenengané ditampik déning bangsa-bangsa. Petrus kepengin nylametaké Putra Allah saka si pengawak dursila, lan mbudidaya mbujuk Gusti Yésus supaya ora prelu munggah ing kayu salib. Nganggo landhesan pikiran kamanungsan iki Petrus wis nggeret lan menehi wewengan marang pambujuke si pengawak dursila, kang wis nggodha Gusti Yeus ing ara-ara samun kang nyegah Panjenengané séda ing kayu salib, lan nalika iku gagal. Awit saka iku, Iblis bali nggunakaké Petrus, kang sadurungé kandha kang mengkono pancen dadi lantaran medharaké wahyu allah ing antarané para murid Gusti Yésus. Kita sinau saka Petrus paseksén babagan Sang Kristus bisa banjur owah gingsir dadi ipat-ipat kang nistha manawa ora dilandhesi tujuan babagan rawuhe Sang Kristus, yaiku ngrukunaké manungsa karo Gusti Allah ing kayu salib. Panjenenge dadi manungsa supaya menehi wewengan kita tumuju marang Allah, lan Panjenengané nebus kita kanthi anggone séda lan ndadekaké kita putra Allah. PANDONGA: Dhuh Rama, Paduka apunten kawula menawi kawula namung pitados dhumateng Putra Paduka namung cethek kemawon, lan gadhah pengajeng-ajeng lumantar iman kawula parmila badhé nuntun kawula kasil ing salebeting pancoban, pendamelan, arto lan pikurmatan. Paduka bikak mripat kawula supados kawula saged ningali kaluhuran Sang Kristus dipratélakaké ing salebetipun asoring kajeng salib, ing wekdal Panjenenganipun nyanga sadaya dosa jagat, mbeneraken kawula kanthi gratis, lan ngrukunaké kawula kanthi makaten kawula saged ngraosaken ajuring manah, mratobat, terus wonten ing salebeting andhap asor, lan mangertos katresnan Panjenenganipun ing salebetipun gesang kawula. Amin. PITAKONAN:
|