Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 033 (Jesus Restores a Synagogue Ruler's Daughter to Life)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
6. Panguwasané Gusti Yésus atas Prahara, Roh-roh Jahat lan Pati (Markus 4:35 - 5:43)
c) Gusti Yésus Nangekaké Anaké Wadon Lurahéng Papan Pangibadah Sawisé Marasaké Wong Wadon kang lara (Markus 5:21-43)

(ii) Wong Wadon Kang Disarasaké (Markus 5:25-34)


MARKUS 5:25-34
25 Nalika samana ing kono ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas tahun. 26 Wis bola-bali ditambani dhukun pirang-prirang, nganti kabéh barang darbeke entek, nanging ora bisa waras, malah kosokbaliné, larané saya banget. 27 dhéwéké wis krungu pawarta bab Gusti Yésus, mulani banjur ndesel-ndhesel ing satengahe wong akéh nyedhaki Gusti Yésus saka ing buri lan ndemek jubahe. 28 Sabab pamikire: “Angger aku bisa ndemek jubahe bae, aku mesthi mari.” 29 Padha sanalika anggone nggrajag getih mampet lan krasa yén awaké wis waras, larané wis mari. 30 ing sanalika iku uga Gusti Yésus mangertos, yén ana daya kang metu saka ing sarirané, banjur mengo ana ing satengahe wong akéh iku sarta ndangu, “Saspa sing ndemok jubahku?” 31 Para sakabat padha munjuk: Paduka mirsa anggenipun tiyang-tiyang sami suk-sukan ing sacelak Paduka, lah kok ndangu: Sapa sing ndemok Aku?” 32 Panjenengan benjur mirsani mubeng, karsa nguningani sapa kang tumindak mangkono. 33wong wadon mau sarehne nyumurupi apa kang kalakon tumrap ing dhéwéké dadine banjur wedi, mulané tumuli maju lan sujud ing ngarsané Gusti Yésus sarta munjuk sablakane. 34 Pangandikané marang wong wadon iku, “He, ngger, pangandelmu kang mitulungi kowe. Wis mundura kanthi tentrem rahayu, lan lestaria marine lelaramu iku”

Apa panjenengen krasa yén ana kahanan kang mrihatinaké, ing papan kita dhéwé-dhéwé lan wong-wong ing sakiwa tengen kita nyangga panandhang luwih akéh tinimbang kang kita mangerti? Kabéh uwong kaya dene petugas hotel kang manggul momotan kasukman kang abot banget ing pundake. Iki awit saka dosa-dosa, rasa kuwatir, lelara, lan kaluputan-kaluputan kang ngalimputi manungsa.

Ing jamané Gusti Yésus, ana wanita kang ing sajroné karubedan, kang wis banget déning kabotan anggone nyangga, karubedané dianggep ora lumrah, dianggap najis. Wanita mau ngrasakaké panadhang kang banget déning mrihatinaké suwene 12 tahun sinadyana wis diobataké menyang ngendi-endi, dukun siji lan dukun liyane. Wanita mau wis entek dhuwit akéh, nanging ora waras, kahanané malah tambah saya ala.

Nalika wanita mau krungu babagan Gusti Yésus, kang dadi pengarep-arepe donya, lan juru selamet kanggo wong-wong kang nandhang sengsara, wanita iku rumangsa ora pantes ngaturaké kanthi tinarbuka babagan larané marang Gusti Yésus, nanging wanita mau pracaya marang panguwasané Gusti Yésus, lan kepengin ndemok Panjenengané, awit dhéwéké yakin yén nganti bisa ndemok pucuk jubahe waé mula dhéwéké bakal waras saka lelarane.

Sabenere, ndemok Gusti Yésus kanthi iman iku kaya ndemok aliran listrik, awit saka sarira Panjenengané metu panguwasa ilahi marang wong-wong pracaya. Iman iku sesambungan kang bener karo Sang Juru selamet, lan iman kita ora mung tekan angenan waé, nanging sawijining panguwasa kang ngrubah, kang nglairaké pikiran kang anyar.

Iman nylametaké wanita iku, awit iman iku nglahiraké kahanan lan nyambungaké kasukmané karo sang Juru selamet. Sebanjure Sang Kristus ngrasakaké panguwasa kesarasan metu saka sarira Panjenengané marang wong kang Panjenengané ora pirsa, nanging kang pracaya marang Panjenengané. Panjenengané pirsa babagan wong iku secara kasukman lan ngersakaké mirsani kang wis ndemok kanthi iman lan kang wis diwarasake. Gusti Yésus paring pitulungan wanita iku supaya ngakoni panandhange kang wis watara suwe lan kewarasané kang elok, awit samubarang kang disingidaké mesti kabuka, lan kabéh dosa bakal kabuka kanthi tinarbuka, ing sajroné pepadhange Gusti.

Nalika wanita iku ngakoni, Gusti Yésus maringi keselametan kang sempurna kanthi panguwasa Panjenengané, lan maringi tentrem rahayu kang langgeng marang wanita mau, awit Sang Kristus ora mung kersa mitulungi kita ngadhepi coban, lelara, lan pendadaran, nanging Panjenengané kagungan karsa nylametaké kabéh manungsa lan ngrukungaké wong-wong mau marang Gusti Allah kanthi mangkono wong-wong mau bisa kalimputan tentrem rahayu Panjenengané.

Apa panjenengan wis ndemek Sang Kristus kanthi iman, nyuwun kanthi tumemen supaya nampani berkah, kewarasan, kasucen, lan tentrem rahayu kanggo panjenengan, para mitra panjenengan, lan para warga keluwarga panjenengan? Iman panjennegan wis nylametaké panjenengan.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, dhuh Gusti Yésus, awit Paduka menika Ingkang maha kuwaos ingkang saged nindakaké menapa ingkang mboten saged dipun tindakaken manungsa. Paduka ngrukunaké kawula kalian Gusti Allah, kanthi makaten tentrem rahayu Panjenenganénipun sanget manunggal ing salebetipun manah lan pikiran kawula. Paduka sucekaken kawula saking sadaya cemer, lan sucekaken kawula ing salebetipun panguwasa Sang Roh suci Paduka, awit kawula sampun ndemek Paduka kanthi iman ingkang gumathok, lan kawula mboten badhé nilalaraken Paduka ngantos Paduka amberkahi kawula sadaya, sesarengan kaliyan para mitra ingkang uga sambat awit momotan ingkang awrat. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe wanita iku diwarasaké sawisé wanita mau ndemek Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 15, 2025, at 03:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)