Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
4. Sedulur-Seduluré Gusti Yésus (Markus 3:31-35)MARKUS 3:31-35 Kratone Allah misahaké keluwarga-keluwarga, pamitran, lan masyarakat, awit Sang Roh Suci mindhahaké wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus menyang sajroné keluwarga Allah kang anyar, lan maringi wong-wong mau mitra-mitra kang anyar ing sajroné katresnan, katulusan, lan nyambut gawé bebarengan ladi leladenan, selaras karo karsané Rama Kasuwargan. Ibu Gusti Yésus mireng pawarta yén para pemimpin agama Yahudi wis teka saka Ibukota menyang Galilea kanggo ngukum Putrané kang disihi. Ibu mau banjur teka bebarengan karo sedulur-sedulure Gusti Yésus lan meksa Gusti Yésus ninggalaké timbalan Panjenengané, bali marang keluwarga Panjenengané, kang kelangan Yusuf, kang golék rejeki ing satengahe keluwarga, sawetara sadurunge. Lan nalika para sedulure ora bisa nyerak awit akéhe wong kang ngrubung Gusti Yésus, para sedulure ngutus sawetara mitra njaluk Gusti Yésus énggal ninggalaké wong akéh iku, lan bali menyang keluwargane. Nanging Sang Kristus, Putra kang mbangun turut kaya dhawuh kapitu, mbangun turut marang Sang Rama Kasuwargan luwih saka marang ibu kadonyan Panjenengané. Panjenengané negasaké gegayutan Panjenengané karo keluwarga Allah luwih saka tanggung jawab marang gegayutan kamanungsan Panjenengané. Yaiki paugeran lan pakaryan Sang Roh Suci: kanggo neguhaké kita ing sajroné katresnan Allah luwih saka kabéh kang liya, awit keluwarga kadonyan bakal kepungkur, nanging sing sapa duwé patunggalan karo Sang Roh Gusti bakal terus nganti salawasé. Sebanjure sapa kang dianggep ngajeni anggota ing sajroné keluwarga rama kasuwargan? Ora ana liya saka wong-wong kang mbangun turut karsané Allah. Lan apa karsané Allah ikku? Supaya manungsa duwé iman marang putra Panjenengané Gusti Yésus Kristus kang nylametaké panjenengan, ngrubah panjenengan kanthi katresnan Panjenengané, lan maringi panguwasa ilahi marang panjenengan kanggo nindakaké karsa Kang Maha luhur. Sebanjure panjenengan kudu suméndhé marang panguwasa Sang Roh Allah, urip ing sajroné watek andhap asor, lan dadi wong kang nggawa katentreman. Panjenengan gatekaké kaya apa gedhéne kinurmatan kanggo panjenengan awit Gusti Yésus nimbali panjenengan minangka sedulur lanang, utawa sedulur wadon, manawa panjenengan bener-bener dadi warga Kraton Panjenengané! Putra Allah nimbali panjenengan ing sajroné gegayutan kang mengkono. Sebanjure panjenengan kanthi alon-alon bakal munggah nglewati kabéh gegayutan kadonyan panjenengan, banjur dikuwataké ing sajroné tuntunan lan kawicaksanan saka Sang Roh Suci. Mlebua ing sajroné keluwarga Allah kanthi atur panuwun lan pujian. PANDONGA: Dhuh Allah ingkang suci, kawula mboten pantes dipun sebat minangka putra-putra Paduka. Nanging putra tunggal Paduka nimbali kawula ing salebetipun keluwarga Paduka, kanthi makaten kawula saged dipun tunggalaken minangka sadhérék jaler lan sadhérék wadon Panjenenganipun. Paduka sucekaken kawula ing salebetipun kawontenan kawula, lan sucekaké kawula kanthi makaten kawula saged dados suci lan mboten cacad ing ngarsa Paduka, kados dene Sang Kristus menika suci. Paduka tulungi kawula supados nedhahken katresnan Paduka, nindakaké karsa Paduka saben dinten, lan nampi panguwaos kanggé nglampahi gesang ingkang leres. Paduka tulungi kawula mliginipun ing salebetipun gegayutan kawula kaliyan keluarga kawula piyambak, kanthi makaten kawula saged leladi sadhérék-sadhérék kanthi kawicaksanan lan katentreman. Nanging menawi prelu, Paduka pisahaken kawula kaliyan tiyang-tiyang menika menawi tiyang-tiyang menika nampik Paduka ingkang suci. Kawula ngersakaké bilih tiyang-tiyang menika sadaya badhé kawilujengaken lan dipun beta ing salebetipun anggenipun wanuh babagan kayektosan. Paduka jawab donga kawula kanggo tiyang-tiyang satunggal mbaka satunggal. Amin. PITAKONAN:
|