Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
3. Gusti Yésus Mbatalaké Dakwan Yén Panjenengané Sekuton Karo Panggedhéne Setan (Markus 3:20-30)MARKUS 3:20-27 Iblis nyawisaké balané kanggo lumawan Sang Kristus. Para ahli Torat teka saka kutha Yérusalem kang agung menyang pagunungan kang remeh ing sisih elor, kanggo ngawasi obah mosike Gusti Yésus tukang kayu, supaya bisa njiret Panjenengané, nyekel Panjenengané awit nerak paugeran, lan mbutekaké ing ngarsané Paugeran yén Panjenengané yaiku tukang apus-apus lan tukang gawé prekara kanggo bangsa iku. Nalika iku, keluwarga Panjenengané lan wong-wong kang cedhak karo Gusti Yésus, para murid, sakabéhe ana ing sajroné bebaya ditampik déning bangsa iku lan diwirang-wirangake. Yaiki sebabe keluwarga Panjenengané mbudidaya ngayomi lan mbelani Gusti Yésus, kanthi kandha yén Panjenengané wis rada owah. Alesan iki dadi dalan kang gampang dhéwé nguwalaké keluargané saka tanggung jawab lan bisa ngayomi Gusti Yésus. Keluwargané uga mbudidaya makaping-kaping nyegah Gusti Yésus nindakaké anggone leladi Panjenengané, nanging keluwargané ora bisa nyedhak Gusti Yésus awit akéh banget wong kang nyuwun diwarasaké lan ngrungokaké pangandikan Panjenengané kang kebak kawicaksana. Para ahli Torét kandha kanthi kebak kumeren, “Yésus iki ora kok kurang waras kaya sing dikandhaké sedulur-sedulure, nanging Panjenengané kepanjingan Roh Belzebul”. Wong-wong iku ndakwa Gusti Yésus ing ngarepané wong akéh yén Panggedhéning setan dhéwé, kang nguwasani para setan kang ndadekaken akéhe duraka kang ana ing jagat iki, manunggal ing sajroné Gusti Yésus. Gusti Yésus, katresnan Allah kang dadi manungsa iku, wong-wong mau sebut Iblis. Rasa sengit neraka andadekaké wuta para ahli Torét kanthi mangkono wong-wong mau mung bisa ndeleng tulisan Paugeran Torét, lan ora bisa ngrasakaké kabecikan Allah ing sajroné Gusti Yésus. Sang Kristus mbelani sarirané kanthi bener ing ngarepané wong-wong iku, lan nyethakaké marang wong-wong mau gegayutan dakwan kang ora bener iku kanthi njlentrehaké watonan-watonan ing sajroné neraka, lan panguwasané kang siningitan. Neraka yaiku kekuwatan kang gedhé banget, kang makarya bebarengan ing sajroné kamanunggalan supaya nindakaké rancangan kacilakan sinadyana wong-wong mau kabage-bage lan pinecah pecah. Roh goroh saka si pengawak dursila duwé panguwasa atas wong-wong kang melu lan nyancang wong-wong iku kanthi mangkono ora gelem nampa Gusti Allah lan Priyayi kang dijebati Panjenengané. Nanging Gusti Yésus rawuh piyambakan tanpa para wadyabala malaikat utawa para prajurit ing tengah-tengah laladan pepeteng. Panjenengané ngracut tukang nggodha kang ora bisa agawé Panjenengané tundhuk marang dosa, lan Panjenengané nguwalaké para tawanan saka bandan si pangawak dursila nganggo pangandikan panguwasa Panjenengané. Sang Kristus tansah menang atas Iblis. Karo Injile, Panjenengané bakal merdikaaké panjenengan saka patrap mentingaké awak dhéwé lan tindak cemer, manawa panjenengan ngrungokaké pangandikan Panjenengané lan nampa pangandikan kanthi kairingan pambangun turut mula Panjenengané bakal paring kamardikan marang panjenengan lan sebanjure panjenengan dadi warga kang sregep saka Kratone Allah. Cilaka wong-wong kang gelem nampa katresnané Allah nanging mung sawetara waé! Kanggo wong kang nampik Gusti Allah, wong iku bakal dadi wangkot lan malah bakal nyenyamah Gusti Allah. Gusti Allah bisa uga ngapura wong kang nampik Panjenengané lan Putra Panjenengané awit anggone ora ngreti, ngremehaké lan nyenyamah loro-loroné, tanpa temen-temen mangreteni. Nanging sing sapa nampik rahmat Allah, kang dipratélakaké marang wong iku ing sajroné pengalaman kasukman lan lelakon-lelakon kang ngedap-edapi, wong iku dadi cemer ing sajroné awaké lan ora ana maneh pangapura marang dhéwéké. Aja pisan-isan ngremehaké anggone wanuh marang sang Kristus, utawa nyepelekaké pengalaman-pengalaman Roh Suci, nanging mratobata kanthi tulus, owahe watek wantu panjenengan kanthi mangkono panjenengan ora bakal dadi wong kang mbalela kaya Yudas. Pracayaa marang Gusti Yésus kanthi ati kang ajur, mati kanggo awaké dhéwé, lan tunduk marang katresnan Sang juru selamet sawetara isih ana kang diarani “Dina Iki". PANDONGA: Dhuh Rama ingkang suci, kawula manembah Paduka, awit Paduka sampun milujengaké kawula saka pengadhilan lumantar sédanipun Putra Paduka ingkang Paduka sihi. Paduka teguhaken kawula ing salebetipun katresnan Paduka, lan uwalaken kawula saking pepinginan kawula dhumateng piawon kanthi makaten kawula mboten badhé dadi mangsa Roh Awon, nanging kapenuhana kaliyan Sang Roh Suci Paduka, ngagengaken lan leladi Paduka kanthi kebak pembangun turut, merdika saking cemer. Dhuh Gusti, ayomi bangsa kawula kanthi makaten mboten wonten satunggal kemawon ingkang nampik Paduka lan dhawah ing salebetipun dosa. Amin. PITAKONAN:
|