Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 3 - Lelawanan Antarané Gusti Yésus Karo Para Pemimpin Bangsa Yahudi (Markus 2:1 - 3:6)
3. Pirembugan Gegayutan Pasa (Markus 2:18-22)MARKUS 2:18-22 Wong kang duwé agama pakulinané nganggep pasa minangka cara kanggo nampeni kepareng ing pamirsané Gusti Allah kanthi mangkono lumantar pambudidayané iki, Kang Maha Suci bakal paring jawaban atas panyuwune. Lan pancen ora gampang kanggo pasa sedina muput, awit weteng bakal kenceng awit ngelih, lan lambé dadi garing awit ngelak. Sang Kristus ora mulangaké para muridé Panjenengané kanggo pasa mangkono iku, nanging supaya para murid manunggal karo Panjenengané salawasé, lan bebarengan ngrasakaké kabungahan ana ing Pangayunane. Para pandhérék Panjenengané wis mbudidaya bebarengan karo Yokanan Pambaptis supaya ngalahaké dosa-dosané lumantar pasa lan pamratobat, nanging wong-wong mau gagal. Nanging Gusti Yésus mitulungi jiwa-jiwa kang ora jenjem iku kanthi kanthi kalubéran katresnan Panjenengané. Wong-wong Farisi, iku golongan agama kang banget kaku, agama kacekelan secara kaku gegayutan paugeran babagan pasa nanging tanpa roh, lan gawé putusan kanthi teguh kepengin njejegaké kayektene dhéwé nganggo pagawéan kang dilandhese déning Paugeran. Wong-wong iki ora ngakoni yén wong-wong kang pasa uga dosa, lan pasa ora bisa ngrumbah hakikat manungsa. Gusti Yésus paring marang kabéh uwong kang pracaya marang Panjenengané sawijining hakikat kang anyar. Panjenengané murnekaké wong-wong iku nganggo rah Panjenengané, lan maringi urip kinanthenan panguwasa Sang Roh Panjenengané. Dadi, Panjenengané ngalahaké tradisi lan upacara agama, lan maringi kamardikan saka paugeran kanthi anggone ngendaleni sarirané kabawah panguwasa Sang Roh Suci. Para pandhérék Panjenengané ora maneh prelu golék kawigaten Gusti Allah marang paugeran-paugeran lumantar donga lan pasa, awit Kang Maha Suci rawuh ing sajroné Pribadi Putra Panjenengané marang manungsa, dikaya nganten lanang anekani penganten wadon kang wis cemawis ditemoni. Wiwit rawuhe Sang Kristus ana jagat iki, kita wis urip ing sajroné kabungahan panghargyan memanton, awit Gusti Allah secara kasukman manunggal karo wong-wong pracaya. Luwih maneh, iman ing sajroné Sang Kristus neguhaké prejanjian anyar. Kabungahan, lan ora kok pasa utawa tangisan, kang dadi watek wantu geréja. Sing sapa ndhérék Sang Kristus bakal dibenerake. Gusti Allah nampani kita awit donga syafaate Sang Kristus, lan ora marga pagawéan kita kang ora sempurna. Sing sapa mbudidaya supaya entuk suwarta lumantar amal utawa pasa mesthi bakal gagal, awit wong iku isih urip atas landhesan kekuwatané dhéwé, mbudidaya kanthi nglaha tanpa guna kanggo nyenengaké Gusti Allah kanthi mbangun turut Paugeran Torét. Sang Kristus nguwalaké kita saka bandan Paugeran torét lan agawé kita kepareng marang Gusti Allah kang Roh Panjenenganipun manunggal ing sajroné ati kita kanthi ora perlu mbayar déning rahmat Panjenenganipun, lan dudu kanthi mbayar. Gusti Yésus nyebut kita minangka para mitra pengantin priya. Sang Kristus ngakoni mangsa tembe geréja, awit Panjenengané pirsa yén para pandhérék Panjenenganipun ora bakal bisa nganut Paugeran torét. Injil Panjenengané diibarataké minangka anggur anyar, kang karubah ing sajroné panguwasa Panjenengané. Cara Paugeran torét kang lawas lan anggone manembah kang peteng ndhedhet ora cocok kanthi kabungahan urip kang merdika. Awit saka iku, panguwasa kang anyar mbutuhaké cara kang anyar ing sajroné patunggalan lan anggone manembah, kang ngaturaken nyanyian pujian, kamurahan ati ing mangsa kasusahan lan kangélan, donga-donga bebarengan ing omah-omah, lan tansah nresnani para satrune. Sang Roh Kristus lan kabungahan Gusti neguhaké anggone mbangun anyar ing sajroné Sang Roh kang anyar. PANDONGA: Dhuh Sang Kristus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ngundang kawula ing salebetipun bujana manton Paduka. Paduka sampun nyucekaken kawula kanthi rah Paduka ingkang larang, lan nyucekaken kawula kanthi panguwaos Sang Roh-Paduka. Tulung kawula kanggé nundhukaken badan piyambak sawetahipun dhumateng karsa lan kepareng Paduka, lan wucalaken kawula iman kanthi makaten kawula mboten lumampah ing salebetipun kasedhihan, nanging tansah mratélakaken kaendahan ngarsa Paduka ing salebetipun kawula. Amin. PITAKONAN:
|