Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 3 - Lelawanan Antarané Gusti Yésus Karo Para Pemimpin Bangsa Yahudi (Markus 2:1 - 3:6)
2. Gusti Yésus Nimbali Lewi, Juru Mupu Beya, Ndhérék Panjenengané (Markus 2:13-17)MARKUS 2:13-17 Gusti Yésus nresnani wong-wong dosa kang mratobat kang ngorong marang kayekten lan ora marang juru mulang agama kang milih kayektene dhéwé uga ora kersa ngakoni yén wong-wong dosa ing ngarsané Allah kang suci. Kabéh wong kang bener-bener pracaya bakal ngrumangsani atine kang dosa, awit Sang Roh Suci bakal nuduhaké anggone cemer kita lan anggone kita ora bisa nganyaraké awak kita nganggo kekuwatan kita dhéwé. Sedulur, ing ngarsané Allah panjenengan uga wong dosa, lan ala malah wiwit jaman nom-noman panjenengan. Sowana marang Gusti Yésus, katresnan kang dadi manungsa kang kebak kasucen lan kayekten. Ing ngarsa pepadhang Panjenengané, panjenengan bakal ngrumangsani petenging ati panjenengan, lan ing ngarsané rahmat Panjenengané, sikep panjenengan kang mentingaké awak dhéwé bakal dipratélakake. Gusti Yésus nresnani wong-wong dosa kang mratobat, sinadyana sepira gedhéne dosa-dosané, utawa kepiyé waé kahanan dosa-dosa iku. Panjenengané ora bakal nyebrataké wong-wong mau. Mengkono uga, Panjenengané ora bakal nyebrataké panjenengan, nanging Panjenengané bakal nampa panjenengan kaya dene Bapak kang nampani anaké kang ilang nalika anaké mau bali mulih. Nalika iku juru mupu beya banget disengiti déning wong-wong sabangsané awit para juru mupu beya kuwi nyambut gawé kanggo kepentingan bangsa penjajah lan uga awit korupsine. Wong-wong dadi sugih awit korupsi ing sajroné nindakaké tugase, nindes, meres, nampa besel utawa meksa narik bayaran, uga menehi pandakwa palsu. Yaiki sebabé wong-wong mau banget disengiti lan dianggep remeh déning kabéh wong luwih saka gawéan-gawéan liyane. Nanging, malah maling pisan duwé rerasan babagan apa kang bener lan kang luput. Ati maling iku tetep duwé rasa kangen marang Allah. Gusti Yésus maca pikiran ing sajroné ati Lewi kang lagi ngadek ing ceraké kantor juru mupu beya iku, lan maringi dhéwéké wewengan kang banget déning gedhé ing sajroné uripe, nimbali dhéwéké kanthi ngandika “Melua aku.” Putra Allah ora maelu karo beya lan bandha. Panjenengané banjur ndudut ati juru mupu beya kang dianggep remeh iku, lan kanthi saktembung mindhahaké saka pikiran babagan bandha donya marang pikiran gegayutan roh, katresnan lan kayekten. Lewi ora wani banjur ndhérék Gusti Yésus, awit pancen dhéwéké ora disenengi déning wong kabéh. Nanging minangka jejeré juru mupu beya, dhéwéké wanuh wong-wong kang ana ing kana, lan dhéwéké ngreti yén Piyayi saka Nazaret iku angluwihi kabéh wong liya kang tau ketemu dhéwéké. Dhéwéké kepengin duwé patunggalan karo Gusti Yésus, nanging dhéwéké isin awit piala kang wis ditindakake. Nanging, Gusti kang lagi ana ing kana iku pirsa pikirané, lan nimbali kanthi tembung. “melua Aku”. Pangandikan iki dadi tanda anggone kabeneraké Juru Mupu beya iku. Awit saka iku dhéwéké banjur nyekeli pangandikané Gusti mau, dhéwéké ninggalaké banda donyané, hak luwih-luwihe lan uga pagawéané, lan kanthi kendel ndhérék Gusti kang Kagungan jagat raya iki. Lewi mangerti saka pengalamané minangka jejeré juru mupu beya yén Gusti Yésus ora duwé dhuwit akéh, nanging Panjenengané sugih katresnan lan panguwasa kasuwargan. Ing sajroné kabungahané kang banget gedhé, Lewi nyoba ngundang Gusti Yésus lan para murid ing omahe. Ing antarané para tamu kang teka ana uga wong-wong sugih uga wong-wong kang dhemen laku jina. Lan pancen tujuwan utama Matius ing sajroné Matius utawa Lewi ngundang Gusti Yésus lan para murid iku kanggo menehi tandha marang para mitra lawasé wewengan supaya mratobat lan diselametaké uga. Awit Gusti Yésus srawung karo wong maling, lan lungguh bebarengan karo wong-wong saka derajat asor mula para ahli Torét lan wong-wong Farisi ing Kapernaum entuk wewengan ngelek-elek Panjenengané, awit patrap Gusti Yésus dianggep ora selaras karo pangretene babagan lagean urip kasucen. Ahli Torét lan wong Farisi ngremehaké Gusti Yésus ing sajroné ati lan ngelingaké para muridé Panjenengané, kaya-kaya Gusti Yésus ora ngreti babagan wong-wong kang lungguh ana ing sacedhake. Nanging Gusti Yésus, kang mirsani jerone ati wong-wong mau, anggone gumunggung para ahli Torét iku dibuka, lan dituduhaké marang wong-wong iki yén kabéh manungsa sejatine lara kasukmane. Nanging , mung sawetara kang ngreti kahanan iku, sawetara kang liyané nganggep awaké bener, becik lan ora dosa. Nanging wong-wong kang nganggep awaké bener iku, ing pangayunané Allah, ora kok luwih bener ketimbang wong-wong kang remeh dhéwé, awit sing sapa ngejaraké awaké nerak salah siji paugeran kang ana, sejatine luput atas kabéh paugeran. Ora ana bédané, awit, “Kabéh wong wis dosa lan kelangan kamulyané Allah” Apa panemu panjenengan gegayutan awak panjenengan dhéwé? Apa panjenengan wong becik utawa wong ala? Apa panjenengan nganggep awak panjenengan luwih becik tinimbang wong kang ala dhéwé ing kutha panjenengan? Apa panjenengan mangreti yén ing sajroné awak panjenengan ana kekuwatan nindakaké dosa manawa sih rahmat Gusti ora njaga supaya panjenengan ora tiba? Manawa panjenengan nganggep awak panjenengan becik lan bener, Gusti Yésus ora bakal mitulungi panjenengan. Prasetya-Prasetya Panjenengané mung kanggo wong-wong kang mratobat, lan ajur atine lan rumangsa mlarat ing ngarsané Allah. Wong-wong bakal dadi wong-wong pilihan manawa wong-wong mratobat lan ngrasakaké bakal kasunyatan karawuhan Panjenengané. Sawise iku jeneng Lewi diganti dadi Matius. Para Rasul, sawise sédané lan wungune Sang Kristus, dhawuh supaya dhéwéké nglumpukaké lan nulis pangandikan-pangandikan Gusti, awit minangka wong kang dadi juru mupu beya, dhéwéké duwé kapinteran nulis ing sajroné maneka basa. Dhéwéké ora maneh nglumpukaké dhuwit, nanging nglumpukaké Pangandikané Allah, lan nyugehaké kita kanthi kasugihan Gusti kang uga nimbali kita kanthi pangandikan, “Melua Aku”. PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang milujengaké, kawula maturnuwun katresnan dhumateng Paduka awit mboten ngremehaken Lewi, juru mupu beya, nanging mirengaken suwanten manahipun, lan maringi dhumteng piyambakipun dhawuh ilahi menika, “melua Aku”. Gusti, kula mboten langkung sae tinimbang Lewi. Paduka pirsa pikiran, tembung-tembung, lan pedamelan kula. Apunten patrap gumunggung, pangimpen, anggon kula cemer, lan patrap kula nresnani arta. Uwalaken kula saking cancangan dhumateng bandha donya, sanes namun badan kula nanging uga para mitra kula kang ngorong pangandikan Paduka ingkang suci. Maturnuwun atas katresnan lan anggen Paduka sabar dhumateng kawula. Amin. PITAKONAN:
Ayat kanggo diapalaké: |