Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 252 (The Prophecy has its Accomplishment)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

19. Panggenepaning Wecan: Ngenani Paukuman Tumrap Wong sing Mbaléla (Matéus 27:6-10)


MATÉUS 27:6-10
6 Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha calathu: “Dhuwit iki ora kena kalebokaké ing pethi pisusung, sabab iki dhuwit getih.” 7 Sakwisé padha rembugan, dhuwit mau ditukokaké palemahaning kundhi, kagawé pakuburaning wong manca. 8 Mulané palemahan mau saprené diarani: palemahan getih. 9 Marga saka iku dadi wis kalakon pangandika kang kalantaraké déning Nabi Yérémia: “Padha nampani dhuwit telung puluh sekel salaka, yaiku pangajiné kang wis katetepaké kanggo wong siji, manut patrap ngregani kang wis kaprah ana ing satengahing bangsa Israél, 10 lan dhuwit mau banjur katukokaké palemahaning kundhi, kaya kang dadi dhawuhing Pangéran marang aku.”
(Pangandharing Torét 23:18)

Para imam kepala ora nglebokaké dhuwit kang dibalekaké Yudhas ing pethi pisungsung Pedaleman suci awit dhuwit iku wis cemer déning getih. Nanging, dhuwit iku ditukokaké palemahan kanggo ngubur wong-wong manca kang dianggep orang suci. Para imam mau ora ngreti kanthi ora rumangsa yang apa kang ditindakaké iku ngganepi pameca Gusti Allah kang dipratélakaké lumantar Nabi Zakaria (11:12-13). Pameca iki nyebutaken gunggungé dhuwit kang pas kang dibayar kanggo ngianati Gusti Yésus, yaiku, telung puluh sekel salaka, lan uga babagan kepiyé dhuwit iku sebanjuré diuncalaké ing pedaleman suci.

Lelakon babagan katresnan Gusti Yésus kanthi cara cetha wis diweca wiwit wiwitan. Karsa Gusti Allah gegayutan karo keselametan kita ditindakaké kanthi pas lan ganep. Kabéh jangkah tumuju pratéla katresnan iku wis digambar lan dipratélakaké ing sajroné pameca-pameca Prejanjian lawas. Kepiyé bisa, sebanjuré, ana wong kang kandha yén Gusti Yésus ora disalib lan ora séda?

PANDONGA: Gusti Yésus, ing wekdal kula ningali pukasaning gesang Yudhas kula ajrih lan gumeter. Paduka apunten kawula gegayutan kaliyan sadaya apus-apus, katresnan kawula babagan arta lan kaculikan kawula, lan saben patrap anggen kawula mboten mbangun turut lumawan katresnan Paduka. Paduka tebihaken sadaya pancoban saking panggesangan kawula. Tuntun kawula supados ngakeni sadaya dosa kula ing ngarsa Paduka sadangunipun taksih wonten wekdal, supados kawula saéstu-estu mratobat kanthi tuntunan Sang Roh Suci Paduka, supados nresnani para satru kawula, ngginakaké arta kawula kanggé kepentingan Paduka, lan mboten pados kalenggahan lan panguwaos ingkang inggil. Kersanipun kawula ndhérék Paduka kanthi andhap asor, manah ingkang lega, lan alusing bebudén, njembaraken Kraton Paduka kanthi setya.

PITAKONAN

  1. Apa kang bisa kita sinau saka patiné Yudhas?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on September 13, 2023, at 12:42 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)