Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 236 (Preparing the Passover)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

5. Cecawisan Paskah (Matéus 26:17-19)


MATÉUS 26:17-19
17 Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tampa Ragi, para sakabate Gusti Yésus padha ngadhep ing ngarsané lan matur: “ karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah woten ing pundi?” 18 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Menyanga kutha, menyanga enggoné si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Gustu: WektuKu wis cedhak, Aku arep mahargya paskah karo para sakabatKu ana ing omahmu.” 19 Para sakabat banjur nindakaké apa sapangandikané Gusti Yésus lan nyawisaké Paskah.
(Pangentasan 12:18-20, Matéus 21:3, Yokanan 13:21-26).

Gusti Yésus karsa nyawisaké kahanan kang kebak berkah kanggo nglantaraké reringkesan saka piwulang Panjenengané lan tujuwan saka anggoné rawuh. Bisa uga Panjenengané ngersakaké papan kang katutup ing kono Panjenengané karsa ketemu karo para murid kang pungkasan kanthi mangkono patemon iku ora bakal kaganggu. Sang Roh Suci ngarahaké kabéh anggoné cecawis kanggo Bujono kang Pungkasan iku.

Bisa uga anggoné Gusti Yésus dhahar Bujana Paskah karo para murid iku ing dina Kemis bengi. Para murid nyawisaké kanggo Panjenengané ing bujana iku roti kang tanpa ragi, sayur pahit, lan anggur abang. Dina anggoné dibeleh cempening Allah yaiku dina Jemuah. Nanging, ing tulisan babar pisan ora nyebutaké yén ing sajroné bujana iku ana daging kang dipanggang, awit Gusti Yésus dudu wong dosa kang mbutuhaké pangayoman saka bebenduné Allah lumantar rah cempe kang dibeleh. Gusti Yésus piyambak, Panjenengané Cempe kang dibelh kanggo nylametaké jagat saka bebendu kang bakal teka. Iki kabéh dumadi dina esuké, yaiku dina Jemuah, nalika Gusti Yésus séda. Iki kabéh kelakon ing dina esuké, yaiku dina Jemuah, nalika Gusti Yésus séda.

Ing dina Riyaya Roti ora nganggo ragi, seminggu sadurungé Paskah, wong-wong Yahudi mbuang kabéh ragi saka ing sajroné omah lan mangan roti kang ora nganggo ragi kanggo nuduhaké pamratobate. Wong Yahudi resik-rsik omahé saka kabéh prekara kang bisa ngedohaké karo Gusti. Wong Yahudi duwé panemu dina-dina iku minangka cecawisan kangga karaukunané karo Gusti lumantar disembele wedhus Paskah.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka saéstu-estu kersa manghargya Paskah sesarengan kaliyian para murid Paduka, kanggé nyawisaken para murid lumebet prejanjian ingkang énggal ing salebetipun rah Cempening Allah. Tulung kawula supados nyawisaken badan kanggé lelampahan ageng menika, mratobat atas sadaya dosa ingkang kawula mangertos, lan manghargya dinten Roti Mboten Mawi Ragi lan Paskah kasukman selaras kaliyan Injil.

PITAKONAN

  1. Apa ta makna saka “Dino riyaya Roti Ora Nganggo Ragi” kanggo wong-wong Yahudi ing mangsa kepungkur lan ing mangsa saiki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)