Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)
f) Saka Ing Telenging Ati Tukul Pikiran Kan Ala (Matéus 15:10-20)MATÉUS 15:10-20 Lelamisan kandha yén mangan lan ngombe jinis panganan lan inuman tartamtu iku dosa gedhé kang ora bisa diapura. Kanthi pambobot kang ala iki, wong-wong nuduhaké yén wong-wong durung mangerti kahanan cemer ing sajroné atiné. Alkohol, ora perlu ditakokaké manéh, iku satruné manungsa. Nikotin iku sumber kanker. Televisi mbiyantu nyebaraké laku jina lan apus-apus. Daging babi disebut mbebayani kanggo kesarasan. Nanging Sang Kristus mratélakaké yén kabéh iku ora najisaké wong. Sang Kristus ngandika yén dudu jinis utawa babagan pangan kita, utawa tangan kita kang duwé daya pengaruh marang nyawa lan agawé nyawa dadi reget utawa cemer, “Kratoné Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe” (Roma 14:17). Nanging, dosa iku kang nyemeraké manungsa lan agawé dosa ing ngarsané Allah. Anggoné ora gelem mratobat dianggep dadi panerak marang Panjenengané lan ora pantes ana ing sajroné patunggalan karo Panjenengané. Apa kang kita pangan, manawa kita mangan kanthi mlebu nalar lan satakeré, ora bakal nyemeraké kita. “Tumrpaping wong kang resik, samubarang kabéh iu resik” (Titus 1:15). Kita cemer, ora déning daging kang kita pangan nganggo tangan kang ora kita wisuhi, nanging déning tembung kang asale saka ati kang cemer, lan kanthi mengkono “Kowé katuntun déning cangkemmu marang ing dosa” (Kohelet 5:5). Wong-wong pracaya, senajan wis dianyaraké lan disucékaké, nemokaké ing sajroné atiné ana ora mbangun turute, ana pambalelané ana godha lan ana cemere. Ana ing atiné duwé pepinginan dhuwit kanggo panguripané utawa kepéngin ngedoh saka sedulur lanang lan sedulur wadoné. Mburu prekara-prekara kang mengkono bisa mlebu ing prekara lan kaluputan. Dhéwéké nemokaké awaké kadakwa déning telenging atiné kang sambat lan nguwuh bebarengan karo Paulus, “wong cilaka aku iki! sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehané pati iki?” (Rum 7:24) Wong-wong kang mursid kudu mratobat luwih dhisik, lan ngakoni jeroné anggoné cemer supaya bisa dadi andhap asor ing ngarsané Sang Kristus, rumangsa ajur atiné lan mlarat kanthi cara kasukman. Sebanjuré wong-wong iku bakal tansah mburu pangapura lumantar rah Sang Kristus, lan nemokaké keselametan kang sempurna kang diwartakaké marang wong-wong kang duwé nurani. Nanging, emané akéh kang ora sumendhé marang pangapura padinan, utawa ing sajroné panyucen kasukman kang bakal ngalahaké watek gumunggung. Nanging, wong-wong lumawan, lumantar pengadilan kang cethek lan tradisi kang kolot, wong-wong kang nggolék keselametan ing astané Sang Kristus. Wong-wong nyegah wong sowan marang Panjenengané senajana ana akéh kang nemokaké kebangunan rohani. Manungsa ora diselametaké utawa disucékaké kanthi mbangun turut pranatan, nanging kanthi iman mung marang Rah Sang Kristus waé. Gusti Allah dilegakaké kanthi roh kang ajur lan prihatin. Sang Roh suci nyurung kita nindakaké patrap andhap asor awit katresnan, kaya ngresiké rumah tangga kang lara, lan mbayar utangé tanpa kudu ménéhi ngerti marang dhéwéké utawa marang wong liya. Kang marakaké najis wong iku kang asale saka sajroné awake. Prekara iku asale saka ati kang kebak piala, awit ora ana dosa becik tembung uga patrap, kang ora asal saka ati luwih dhisik. Ing kana, ing sajroné ati, yaiki oyote rasa getir, kang “Ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulaké racun utawa butrawali” (pangandaring Torét 29:18). Pérangan batin wong iku kang dadi papan mapané piala. Kabéh tembung ala metu saka jeroné atiné wong. Saka ati kang ala metu patrap kang ala. Sedulur, apa panjenengan ngerti yén ati panjenengan iku banget nistha? Ana kono sumber saka impen cemer panjenengan, tembung kang culika, lan tumindak ala. Apa panjenengan eling dosa-dosa mangsa kepungkur panjenengan? Kabéh iku hasil saka pribadi panjenengan kang cemer. Panjenengan kudu ngreti awak panjenengan lan ndeleng sumber saka cemer kang manunggal ing sajroné panjenengan. Pisusung awak panjenengan marang Gusti Yésus kanthi mengkono Panjenengané saget marasaké lan merdikaaké panjenengan uga nyucékaké dosa panjenengané. Panjenengan kang ana sajroné pepérangan kasukman, aja pasrah. Waspada lan ndedongaa supaya panjenengan aja tiba ing sajroné pancoban, awit roh iku mbangun turut, nanging daging iku ringkih. Coban kang gedhé dhéwé tumrap patrap mursid yaiku lelamisan kang dilandhesi déning pikiran kang luput. Panjenengan ora bisa dadi luwih suci tinimbang Gusti Allah. Sang Roh Suci bakal njangkung panjenengan kanthi mengkono panjenengan ora bakal tiba ing sajroné coban kang mengkono. PANDONGA: Gusti Yésus kang kebak rahmat, Paduka luwih pirsa nyawa kula lan mangsa kepengker kula tinimbang kula piyambak. Paduka selametaken nyawa kula saking lelamisan lan saka pakulinan awon tansah mikiraké badan piyambak. Paduka uwalaké kawula ing salebetipun kamardikan putra-putra Paduka kanthi makaten kula saget dipun sucékaken kanthi iman lumantar rah Paduka kang larang ajinipun, kanggo ngladosi tiyang-tiyang ingkang mbetahaken kanthi kabingahan. Sucékaké kawula ngantos lebeting manah kawula kanthi makaten manah kawula mboten malih dados sumbering dosa, nanging dados sumbering katresnan, kasaénan, lan pambangun turut. PITAKONAN
KUISPara maos kang kinasih,
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku: Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |