Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 032 (Call to Repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

1. Timbalan Marang Pamratobat (Matéus 3:1-12)


MATÉUS 3:12
12 Panjenengané wus ngasta tampah; panutoné bakal direski nganti tapis sarta gandume bakal diklumpukaké ing lumbung, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.
(Matéus 13:30)

Yokanan Pembaptis mulang marang kita kanthi sanepa kayektén kang liyané. Dhéwéké ngandhakaké bab wong tani kang wis nggawa tapis ing tangané arep milih gandume. Kabéh alang-alang, mrambute, lan lebu bakal kagawa angin, nanging gandung bakal tiba ing suku Gusti kang kagungan panenan lan kang bakal nglumpukaké gandum iku ana ing lumbung kagungané.

Panjenengan nimbang awak panjenengan karo apa? Apa panjenengan kalebu gandum utawa mrambut? Wong-wong Farisi lan Saduki ngarani awaké dhéwé gandum lan wong-wong liya kabéh kuwi mrambut lan alang-alang. Ing salah siji pasemon gusti Yésus, tukang mupu beya ing pedaleman Allah (kang nalika jaman semana ngakoni awaké iku mrambut) rumangsa isin sowan gusti Allah ora wani ndangak, kanthi ndungkluk lan mung bisa matur: “Gusti Allah apunten kula tiyang ingkang dosa!”. Wong kang mratobat iku diapuré lan dipetung dadi gandum, sawetara rong liyané wong Farisi mbombongaké kayekténé lan tiba ing sajroning paukuman senajana dhéwéké rumangsa awaké bener (Lukas 18:9-14). Dadi, panjenengan kalebu kang endi? Wong lamis kang lelamisan mursid? Utawa panjenengan wong dosa kang mretobat? Apa panjenengan ngasilaké woh pamratobat kang luber-lueber? Apa panjenengan kapenuhan karo Sang Roh Suci?

Tembung pungkasan kang ditulis déning Matéus saka Kotbah Yokanan Pembaptis yaiku tembung “geni”. Dhéwéké mratélakaké kaping telu gegayutan bebenduné Gusti Allah. Kabéh kang lumawan Sang Roh Kristus bakal mlebu ing neraka bebarengan karo wong-wong kang ora sawutuhé mratobat. Nanging wong-wong kang lelamisan mursid lan terus ing sajroné dosané lan singitan ing penthul kamursidan bakal dadi kayu obong kanggo geni kang langgeng lan ora ana pengarep-arep kanggo wong-wong iku.

PANDONGA: Dhuh gusti Yésus Kristus, Paduka kemawon Sang Juru wilujeng lan Hakim atas jagat. Kula nyuwun pangapunten Paduka atas bodhoné kawula, lan kula nyuwun, kanthi panguwaos Roh Suci Paduka, supados ngribah pikiran kula kanthi makaten kula saget ngasilaken woh-woh katresnan, kasaénan, lan kayektén Paduka. Kula mboten namung ndedonga kanggé kawilujengan kula kemawon, nanging kanggé sadaya tiyang ingkang ical. Kula ndedong supadoa tiyang-tiyagn ingkang lamis dipun jur manaipun, awit mboten wonten satunggal tiyang kemawon ingakng leres ing ngarsa Paduka. Paduka dungklukaken sirah kula ing ngarsa kaluhuran Padula lan tulung kawula sawetahipun saget nyingkur badan kula piyambak. Paduka penuhi kawula kanthi Roh kasuwargan Paduka, kanthi makaten kawula saget tresna tinresnanan kadosdené Paduka nresnani kawula, awit mboten wonten pengajeng-ajeng kajawi ing salebetipun Paduka. Paduka kemawon tujuwan anggen kawula manembah. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa bedané antarané baptisan Roh Suci karo Baptisan geni?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 08:12 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)