Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Romans - 023 (The Revelation of the Righteousness of God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)

1. Piwucal babagan bebebering Gusti Allah wonten ing Sédané sang Kristus minangka gantosé manungsa (Rum 3:21-26)


RUM 3:21-24
21 Nanging saiki Gusti Allah wis nedahaké dalan, supaya manungsa bisa karukunaké karo Panjenengané, lan dalan kuwi ora ana gegayutané karo Torèt. Malah Torèt lan Kitab-kitabé Para Nabi padha neksèni: 22 Yèn Gusti Allah ngrukunaké manungsa karo sarirané piyambak, merga precaya marang Gusti Yésus Kristus. Gusti Allah nindakaké sing mengkono mau tumrap wong kabèh, sing padha precaya marang Gusti Yésus Kristus. Sebab wong kabèh mau ora ana bédané: 23 Kabèh wis padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah, sing dadi etuking keslametané. 24 Manungsa enggoné karukunaké karo Gusti Allah kuwi awewaton sih-rahmat, sing diparingaké marang manungsa, lumantar panebusé Gusti Yésus Kristus.

Menapa panjenengan dosa? Pitakenan menika katujokaken namung dhumateng tiyang-tiyang dosa ingkang sampun ngalami sangsara karana tumindakipun ingkang sampun kapengker, awit tiyang-tiyang menika sampun mangertos bilih rahipun awon lan pratingkahipun mblarah.

Swawi umarek lan mirengaken Injil ingkang ngandika dhumateng panjenengan ing tengahing pangadilanipun Allah tumrap donya menika.

Paulus sampun mbuktekaken dhumateng sadaya manusa, ingkang mursid (saleh) lan ingkang dosa, ingkang sae lan prasaja, sepuh anem, srana tatananing alam lan pepakenipun Allah, bilih sadaya tiyang menika dosa lan nggadhahi pikiran ingkang nyimpang.

Rahayu tiyang ingkang ngrumaosi bilih piyambakipun boten sampurna ing ngarsaning kamulyanipun Allah, kados dene sadaya manusa sanesipun. Kita sadaya koncatan citranipun Allah ingkang sampun kaparingaken dhumateng kita nalika katitahaken. Menapa panjenengan nlangsani kanisthan panjenengan?

Menapa ta wangsulanipun Allah tumrap pandakwa saking pepakenipun ingkang suci dhumateng kita? Menapa ta pangadilanipun Allah tumrap kathahing tumindak awon? Menapa ta karampungan utawi keputusan pangadilanipun Allah ingkang leres dhumateng panjenengan lan kula?

Sabda ingkang kebak pangwasa kapireng ing langit lan ing bumi ing satengahing kaweningan lan kaeramaning jagadipun tiyang gesang lan tiyang pejah: “Kabeh wus kabenerake!” Pikiran kita lajeng gumregah lan mungel, “Iku mokal!” lan sang piawon nguwuh “Ora!” Nanging Rohipun Allah ngiyataken panjenengan lan netepaken Sang Cempe ingkang kabeleh nanggel sadaya dosaning donya. Allah malah midana Putranipun kagem tiyang-tiyang dosa. Allah ingkang suci numpes putranipun kangge nucekaken manusa dosa. Sang Kristus ngrampungi utang rohani panjenengan lumantar kasangsaranipun temah panjenengan saged kanthi merdika lumebet ing ngarsanipun Allah. Panjenengan mardika, bebas, katebus lan kauwalaken. Dosa, Iblis lan pepejah boten ngereh panjenengan malih. Panjenengan boten luput lan katampi dening Allah ngantos salaminipun.

Menapa panjenengan pitados tumrap prekawis menika, lan menapa panjenengan saestu nampi Injil kaslametan? Menawi panjenengan ngilo, panjenengan bade ningali diri panjenengan sami kaliyan saderengipun, nanging ugi ningali prekawis ingkang enggal. Panjenengan bade ningali wontening pratanda panuwun sokur lan kabingahan sumunar ing paningal panjenengan, krn Allah nresnani panjenengan, lan sampun ngleresaken panjenengan saking dosa-dosa panjenengan lumantar sedanipun putraning Allah. Panjenengan saged nampi kayekten menika, utawi nampik. Pakaryan kayekten sampun katindakaken, lan Sang Kristus bten prelu seda malih ing kajeng salib. Sinten ingkang pitados kaslametaken, lan sinten ingkang ngugemi kaslametan boten bade kapidana. Iman panjenengan sampun nylametaken panjenengan.

Sadaya manusa dosa lan dhawah dhumateng paukuman pejah lan tumpes. Nanging Allah sampun ngleresaken sadayanipun, lan maringi wewengan (kesempatan) supados gesang kagem paladosan pakaryanipun ingkang langgeng. Kanugrahan ingkang nyrmbahi menika boten kapanggihaken ing agami-agami donya. Menika namung kapanggihaken wonten ing Injil. Sih katresnanipun Allah nylametaken sadaya manusa; ingkang mbangun turut lan ingkang ketriwal, tiyang-tiyang apangkat lan tiyang-tiyang ingkang boten pitados, para winasis (pinter) lan tiyang-tiyang prasaja, tiyang-tiyang sepuh lan anak-anak. Allah sampun ngleresaken sadayanipun. Sepinten dangunipun malih panjenengan bade mendel kemawon ing ngajenging kanugrahanipun Allah menika? Mangga, katimbalana sadherek-sedherek panjenengan lan kaaturna bilih korining paukuman sampun binuka, lan bilih tiyang-tiyang menika nggadhahi hak kamardikakaken kados ingkang katetepaken wonten ing Injil. Mangga enggal katedahna dhumateng tiyang-tiyang menika pangluwaran enggal wonten ing Gusti Allah.

Para kinasih, menapa panjenengan sacara pribadi sampun nampi Sang Kristus lan kawilujenganipun? Menapa panjenengan tepang Panjenenganipun minangka Juruwilujeng ingkang kebak sih rahmat? Menawi sampun, kula ngaturaken sugeng dhumateng panjenengan lan mrayogekaken panjenengan ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Yesus tumrap kasangsaran lan sedanipun, karana namung Panjenenganipun ingkang nylametaken, nucekaken lan ngleresaken panjenengan. Dados, kaurmatana Panjenenganipun srana iman panjenengan, kasaosna panuwun sokur dhumateng Panjenenganipun ingkang tanpa kendel. Mugi sawetahing gesang panjenengan kapenuhana panuwun sokur kagem kamulyaning kanugrahanipun Allah.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus ingkang kinasih, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka sarta nresnani Paduka amarga sampun séda wonten ing kajeng salib. Dhuh sang Rama ingkang kebak rahmat, kawula manembah dhumateng Paduka amargi sampun maringaken pangapunten dhumateng sedaya dosa kawula lumantar sédanipun Gusti Yesus nggantikaken kawula. Dhuh sang Roh Suci, kawula ngaturaken panuwun amargi Paduka sampun maringaken pangertosan dhumateng kawula, netepaken kawula sami wonten ing kasucén ingkan sampurna, dalah neguhaken kawula wonten ing jaminan pangapunten saking Paduka. Kawula mulyakaken Paduka, Gusti Allah Tritunggal ingkang suci, amargi Paduka sampun maringaken gesang ingkang sejatos. Mugi Gusti mucal kawula supados saged ngucapaken panuwun dhumateng Paduka ngantos selami-laminipun, dalah sucékakena gesang kawula saéngga tumindak kawula saged mbuktékaken panuwun kawula tumrap sih kanugrahan Paduka ingkang ageng.

PITAKON:

  1. Apa babagan kang paling wigati ana ing bebener srana iman?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 03:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)