Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Romans - 015 (He who Judges Others Condemns Himself)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

a) Tiyang ingkang ngadili tiyang-tiyang sanéh sami nibakaken bebendu dhumateng gesangipun piyambak (Rum 2:1-11)


RUM 2:1-2
1 Mulané para sedulurku, apa kowé padha wani ngadili wong liya, ing ngatasé kowé dhéwé kegolong wong sing ora bakal luput saka kesalahan? Merga yèn kowé ngluputaké wong liya, mangka kowé dhéwé luputé padha, apa kowé ora nibakaké paukuman marang awakmu dhéwé? 2 Kita padha ngerti, yèn paukumané Gusti Allah tumrap wong-wong sing padha nglakoni mengkono mau, pancèn adil.

Pucuking dosa ingih menika lamis. Tiyang-tiyang api-api leres, wicaksana lan saleh, nadyan sami sumurup saking ati nuraninipun bilih ing sesambetanipun kaliyan kasucenipun Allah, tiyang-tiyang menika awon. Awit saking lamisipun, tiyang-tiyang menika kebak raos sengit wicantenan bab rencang-rencangipun lan wicantenan bab menika kanthi pangina, kados-kados tiyang-tiyang menika dados patuladhan ing bab kasalehan, dene rencang-rencangipun kaanggep rereget.

Nanging Paulus ngremuk raos sombong panjenengan. Piyambakipun nguculi topeng lelamisan panjenengan, lan nedhahaken bilih panjenengan boten nggadhahi biji ingkang sae. Menapa panjenengan nepangi tetiyang ingkang awon sanget? Panjenengan langkung awon kabandhing tiyang menika. Menapa panjenengan nate ningali tetiyang ingkang mejahi? Panjenengan langkung awon ing salebeting raos sengit kabandhing tiyang menika. Pikiran panjenengan piyambak boten leres. Roh Allah ngukum panjenengan. Panjenenganipun midana tiyang-tiyang ingkang nggadhahi kasalehan palsu, ingkang nganggep dhiri pribadinipun langkung sae tinimbang tiyang-tiyang dosa, ingkang sejatosipun boten nate sumurup bab kasalehan ingkang sayektos. Gusti Yesus boten kasalib dening tiyang kathah, nanging dening tiyang-tiyang lamis ingkang sombong, ingkang kumenthus kados merak menaw mameraken kasalehanipun, dene manahipun kados kuburan ingkang nyimpen kanisthan.

Allah midana panjenengan boten namung karana tumindak panjenengan, nanging ugi karana pikajeng, pikiran lan pepenginan panjenengan. Manah panjenengan awon wiwit taksih bocah. Panjenengan boten manut dateng Allah, nglawan rancanganipun, nerak pepakenipun, lan nyenyamah sesami panjenengan. Panjenengan nindakaken laku jina ing salebeting roh panjenengan, lan tebih saking Gusti kang akarya sagung dumadi. Pikiran awon panjenengan tuwuh saking lebeting manah panjenengan. Nanging ing dinten pangadilan pungkasan, panjenengan badhe mirengaken pitembungan panjenengan ingkang sampun kasimpen, lan ningali tumindak panjenengan ingkang kagambaraken, sarta pikajenging manah panjenengan ingkang rusuh, lan panjenengan badhe gemeter ajrih saha blangkemen boten saged mungel menapa-menapa. Panjenengan dosa. Panjenengan nistha ing lebeting manah panjenengan. Sumangga dipun akeni piawon panjenengan kanthi blaka, lan sampun ngremehaken sesaming tiyang dosa. Tanggi panjenengan mbokmenawi ugi awon. Nanging greget panjenengan nglawan piawon saged dados bukti bilih panjenengan boten lepat. Panjenengan pejah tumrap dosa-dosa panjenengan, karana panjenengan kedah tanggel jawab piyambak ing ngarsanipun Allah. Pramila saking menika, swawi dipun tepangi dhiri panjenengan piyambak ingkang awon ing ngarsanipun Allah ingkang suci.

Mbakmenawi panjenengan ewed nampeni pitembungan ingkang keras menika, utawi panjenengan pados alesan kangge nampik menika, tanpa sadhar karemuk ing salebeting raos kumenthus panjenengan, utawi purun nglairaken isining manah panjenengan ing salebeting pitobat ing ngarsanipun Gusti. Lajeng kaaturan waspada karana karingkihan panjenengan kangge mangertosi kawontenan panjenengan boten badhe saged nylametaken panjenengan ing dinten pangadilan pungkasan. Kayekten ingkang langgeng badhe ngadili lan ngukum panjenengan. Sadaya agami ing donya menika nggadhahi katrangan piyambak-piyambak bab dinten pangadilan pungkasan menika. Wonten ingkang nyebut minangka dinten patangen, Al-Qari’ah utawi dinten kiamat. Tiyang-tiyang ingkang boten pitados nyelaki kasunyatan bilih kita kedah ngadeg ing ngarsanipun Allah. Ing dinten pangadilan menika, sadaya wadi, pikiran, pitembungan lan piawon panjenengan badhe kabikak ing ngajenging sadaya tiyang, lan panjenengan kedah tanggel jawab tumrap sadaya pitembungan nglaha ingkang panjenngan ucapaken, tumrap sadaya arta ingkang panjenengan kutil, tumrap sadaya wegdal ingkang boten panjenengan agem kagem kamulyanipun Allah. Karana panjenengan menika kapatah ngrigenaken kanugrahaning Allah, lan Panjenenganipun badhe mberesi sadaya petung ngkang sampun kaparingaken dateng panjenengan. Cahyaning kamulyanipun Allah badhe nembus kalbu panjenengan saha gesang ingkang kawuri, saestu langkung pas lan lebet kabandhing sadaya sinar X utawi sadaya alat sanesipun ing griya sakit pundia kemawon. Panjenengan badhe ngadeg tanpa saged tedheng aling-aling.

PANDONGA: Ya Allah yang kudus, Engkau kekal dan kudus, dan aku bersalah dan berdosa. Ampunilah aku karena menganggap diri saleh, dan bukalah hatiku sehingga semua kekejian di dalam hatiku akan sirna di depan terang-Mu. Aku mengakui segala dosaku di hadapan-Mu, dan meminta agar Engkau memberikan kepadaku Roh kasih-Mu sehingga aku tidak akan pernah menolak, mengutuk, atau membenci seseorang, tetapi bertumbuh dalam kasih dan kemampuan untuk membedakan. Akulah orang yang paling berdosa. Berilah rahmat-Mu kepadaku, ya Allah, seturut dengan kebaikan-Mu, dan hancurkanlah sisa-sisa terakhir dari kesombongan dan sikap gampang tersinggung di dalam diri kami sehingga kami bisa merendahkan hati kami.

PITAKON:

  1. Bagaimanakah manusia menghukum dirinya sendiri setiap kali ia menghakimi orang-orang lain?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 08:35 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)