Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 256 (They Cursed Themselves and Their Children)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

22. Wong-Wong Padha Ngipati-Ipati Awaké Dhéwé Lan Tedhak Turuné (Matéus 27:24-26)


MATÉUS 27:24-26
24 Ketika Pilatus melihat bahwa segala usaha akan sia-sia, malah sudah mulai timbul kekacauan, ia mengambil air dan membasuh tangannya di hadapan orang banyak dan berkata: "Aku tidak bersalah terhadap darah orang ini; itu urusan kamu sendiri!" 25 Dan seluruh rakyat itu menjawab: "Biarlah darah-Nya ditanggungkan atas kami dan atas anak-anak kami!" 26 Lalu ia membebaskan Barabas bagi mereka, tetapi Yesus disesahnya lalu diserahkannya untuk disalibkan.
(Ulangan 21:6, Kisah Para Rasul 5:28).

Sang Pilatus ngerti yén Gusti Yésus iku bener lan wis ngakoni ora kagungan kaluputan nganti makaping-kaping. Sang Pilatus ora gelem nibakaké paukuman nyalib Gusti Yésus lan misuhé tangané ing ngarepe wong akéh minangka pralambang yén dhéwéké ora luput atas getihé Sang Kristus. Dhéwéké masrahaké kaluputan kabéh marang bangsa iku lan nyeksekaké gegayutan anggoné Sang Kristus ora luput. Senajana mangkono, Pilatus uga nindakaké prekara kang ora adil kang gedhé marang Gusti Yésus awit Pilatus ora nguwalaké Panjenengané.

Sakwisé Sang Pilatus ngwisuhi tangané marang kahanan Gusti Yésus, wong akéh sebanjuré nibakaké laknat atas awaké dhéwé nalika wong-wong mau nguwuh bebarengan, “Rahipun dhumawaha ing kawula dalah saanak-anak kawula!. Manawa wong-wong mau kandha mangkono iku kang ana gegayutané atas getih karukunan Panjenengané mula wong-wong mau diselametake. Nanging wong-wong mau nguwuh tembung-tembung iku kanggo ngipati-ipati awaké dhéwé. Gusti Allah bakal metung tembung-tembung iku kanggo nglaknati awaké dhéwé. Gusti Allah bakal metung kabéh tindak ora adil, manawa sawijining putusan paukuman pati ditetapaké ing pengadilan tanpa bukti kang cetha. Laknat kang ditibakaké marang bangsa Yahudi atas awaké lan anak-anaké iku slaah siji wadi saka sejarahe. Sing sapa gelem mangreteni bangsa Yahudi kudu mangérténi uga panglanate Gusti Allah atas tedhak turuné Rama Abraham kang kawarisaké atas panyuwuné dhéwé. Sejarah kang getir saka bangsa Yahudi iku bukti babagan kayektén lan kaadilan Allah.

Wong-wong Yahudi nibakaké paukuman atas dosa iki marang awaké dhéwé lan anak-anaké, malah kalebu uga kang durung dilairake. Wong-wong mau ora matesi babagan laknat iku, kaya kang ditindakaké Gusti Allah, kang matesi nganti turun kaping telu lan kaping papat waé. Banget edan nglaknat kang tinarbuka lan tanpa watesan marang awaké dhéwé.

Sang Pilatus wedi yén wong-wong Yahudi bisa uga bakal ngajokaké pasambat gegayutan dhéwéké marang panguwasa Rum, lan awit saka iku netepaké yén Gusti Yésus bakal disalib. Wong kabéh melu patrap ora adil iki. Mengkono uga, kita asring duwé panemu rasa ayem awak kita iku luwih penting tinimbang karo berjuang kanggo hak-haké wong liya. Kanggo kepentingan hak kita dhéwé, kita mbela lan mbudidaya nganti tetesing getih pungkasan. Nanging gegayutan pepeteng kang nempuh wong liya, kita wisuh tangan kita kanthi patrap ora luput kang palsu. Manawa gusti Yésus ditibani paukuman ing dina iki, apa panjenengan gelem ngadeg lumawan wong akéh iku lan nyeraki gubernur iku njaluk supaya Panjenengané diuwalaké saka paukuman?

Sadurungé Gusti Yésus digawa marang para prajurit supaya disalib, Panjenengané ngrasakaké disapu cara Rum. Kanggo persyaratané iki, wong-wong bakal nyancang wesi pecahan utawa balung in pucuké pecut kanthi tujuwan supaya bisa nyuwek kulite. Putra Allah kang ora dosa dadi gegentené kita. Ing sajroné Panjenengané pameca Yésaya diganepi. “Mangka sanyatané lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengané iku kena ing ipat-ipat, kagebak tuwin katindhes déning Gusti Allah. Mangka Panjenengané iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengané karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakaké karahayon tumrap kita iku kadhawahaké ing Panjenengané sarta marga saka bilur-biluré kita banjur padha dadi waras”

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka kemawon Ratu kawula lan Gusti kawula, lan kawula kagungan Paduka. Kula masrahaken badan kawula sawetahipun dhumateng Paduka. Paduka apunten kula manawi kula sampun mbudidaya nguwalaken badan kawula saking asta Paduka. Paduka apunten kawula sadaya patrap mboten adil ing salebetipun pikiran, tembung-tembung, lan patrap kawula. Paduka apunten kawula menawi kawula sampun nyepelekaken hak-hak sedhérék-sedhérék kawula ing nggriya, ing sekolah, lan pambudiaya kawula. Latih telenging manah kawula supados gesang ing salebertipun kayektosan lan pembangun turut dhumateng Sang Roh suci Paduka. Paduka apunten kawula awit sampun dosa dhumateng Paduka, Gusti kawula ingkang gesang ingkang séda kanggé kawula ing kajeng Salib.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Pilatus netepaké supaya Gusti Yésus disalib?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:23 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)