Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 235 (Judas' Treachery)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

4. Pambalélané Yudhas (Matéus 26:14-16)


MATÉUS 26:14-16
14 Sakwisé iku salah sawijining sakabat rolas, kang jenengé Yudhas Iskariot, marani para pangareping imam, 15 lan matur: “Kula badhé kaparingan punapa, mangké tiyangipun badhé kula ladosaken dhateng panjenengane”. Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka. 16 Lan wiwit nalika iku Yudhas golék jalaran bisané ngladosaké Gusti Yésus.
(Yokanan 11:57, Zakaria 11:12)

Yudhas luwih nresnani dhuwit tinimbang nresnani Allah. Dhweké ora nampa lan ngunderaké kawigatené marang pituduh lan piwulang guruné nanging selangkah mbaka selangkah dhéwéké misahaké awaké saka Gusti Yésus lan atiné alon-alon dadi wangkot. Dhéwéké nampik katresnan Panjenengané ing sajroné atiné kang kisruh lan ora setyo karo dhuwit kang dipitayaké ing tangané. Yudhas ora seneng karo pemeleh kang ditindakaké gusti nalika para murid dadi geger gegayutan karo lenga jebat kang kanggo njebati Gusti Yésus.

Yudhas iku siji-sijiné wong Yudea saka ing antaraké para murid kang gunggungé rolas; para murid kang liyané asale saka Galilea. Bisa uga Yudhas sekuton karo Makamah Agama ing ibukota Yerusalém kanggo njangkung bangsa iku. Manawa bangsa Rum ndeleng akéh wong kang nglumpuk ngrumpyung Gusti Yésus, wong-wong iku bisa uga netepaké supaya ngukum bangsa iku. Bisa uga Yudhas nyegah supaya prekara kang mengkono iku ora dumadi.

Nalika iku uga, Yudhas mbudidaya nylametaké awaké saka anceman Makamah Agama, kanthi mangkono dhéwéké masrahaké guruné minangka pratéla yén awaké ora luput. Bisa uga dhéwéké duwé pikiran bisa meksa Gusti Yésus mratélakaken panguwasa Panjenengané lan neguhaké kraton Panjenengané nalika iku uga. Prekara iki bakal ngasilaké Sang Kristus kang ngalahaké para satru Panjenengané kanthi panguwasa Allah, neguhaké kraton Panjenengané ing jagat iki, lang ngangkat Yudhas dadi béndahara negara.

Yudhas masrahaké “priyayi kang kadakwo” iku marang kangelan kang banget déning abot. Patrap alané dhéwé katon nalika dhéwéké nampa dhuwit kanggo anggoné mbalela iku. Ijol-ijolan kang cullika! Yudhas wis ngedol Gusti kang kebak katresnan iku nganggo rega kang murah.

Sang Kristus nuduhaké kabecikan kang padha marang Yudhas, kang mbalela marang Panjenengané kaya kang dituduhaké marang kabéh muride kang liya, lan babar pisan ora maringi tandha utawa patrap kang mligi kang ngréméhaké dhéwéké kang bisa uga bakal dadi jalaran didohi. Gusti Yésus wis milih Yudhas nglungguhé kalungguhan dadi kang nyekel dhompet patunggalan para murid, pagawéan kang banget déning nyenengaké Yudhas. Senajana Yudhas nyolong saka kas umum iku (Yokanan 12:6), dhéwéké ora ngadhepi bebaya kudu ngaturaken panjawab apa kang wis ditindakaké iku. Ora ditulis yén Yudhas nganggep Injil iku luput. Dhéwéké nindakaké piala ora awit anggoné gething karo guruné utawa awit cecongkrahan karo Panjenengané nanging mung awit krana nresnani dhuwit iku kang agawé Yudhas dadi pambalela.

Telung puluh sekel salaka kang ditampa Yudhas saka anggoné mbalela marang Gustiné kang wis diweca ing sajroné Kitab Suci ing Kitab Zakaria 11:12-13. Ayat-ayat iku mratélakaké uga gegayutan mbuwang dhuwit iku kanthi diuncalaké ing pedaleman Suci.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka menika kayektosan lan kajujuran. Paduka maringi wewengan dhumateng Yudhas sinaosa Paduka pirsa pikiranipun Yudhas. Paduka amberkahi lan ndedonga kanggé piyambakipun, nanging Yudhas langkung ngasihi arta tinimbang ngasihi Paduka lan masrahaké Paduka dhumateng para satru Paduka kanthi karegani 30 sekel salaka. Paduka tulungi kawula supados mboten ngasihi arta supados kawula terus saget setya. Tulung kawula supados mboten mburu panggesangan lan panguwaos ing salebetipun arta nanging leladi Paduka kanthi Sang Roh ingkang alusing bebuden. Tulungi kawula supados mboten ngianati sedhérék kakung lan wadon kawula, sinaosa sedhérék kula menika mboten sarujuk dhumateng kawula.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan sinau saka kekarepané Yudhas anggoné masrahaké Gustiné kanthi rega kang murah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)