Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 187 (The Unfruitful Fig Tree)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

3. Wit Anjir Kang Ora Woh Marga Diipat-ipati (Matéus 21:18-22)


MATÉUS 21:18-22
18 Esuké nalika tindak wangsul menyang ing kuta Gusti Yésus kraos kerapan. 19 Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu manéh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing. 20 Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaéraman sarta munjuk: “Kadospundi, dené wit anjir punika lajeng dados garing sami sanalika?” 21 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Satemené pituturKu marang kowé, manawa kowé pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowé mesti ora mung bisa nindakaké apa kang Daktindakaké tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon. 22 Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”
(Markus 11:12-14, 20-24, Lukas 13:6, Matéus 17:20)

Nalika sang Kristus kondur ing Yerusalém, Panjenenganipun luwe. Minangka jejeré “Putra Manungsa”, Panjenengané tunduk marang watesan alam. Panjenengané banget déning temenan nindakaké pakaryan Panjenengané nganti Panjenengan ora maélu anggoné kudu dhahar. Katresnan Panjenengané marang Gusti Allah “Dadi dhedhaharane”, dhedhaharan lan uga unjukan Panjenengané iku nindakaké karasané Gusti Allah. Panjenengané ora golék kasenenengan Piyambak, nanging malah milih wit anjir ijo kanggo dhahar sarapan, nalika iku pancen wis wektuné panjenengané kudu dhahar.

Sang Kristus ngejaraké sarirané luwi supaya Panjenengané bisa duwé wewengan kanggo nindakaké mujijzat Panjenengané. Nalika agawé wit anjir iku dadi alum, Panjenengané nuduhaké kaadilan lan panguwasa Panjenengané.

Sang Kristus kagungan karsa kanggo nuduhaké marang para murid Panjenengané gegayutan kabutuhan bangsa iku kanthi nuduhaké conto kang bisa dideleng. Panjenengané ngipat-ipati wit anjir iku awit mung kebak godhong. Pangandikan Panjenengané dadi pameca babagan mangsa tembené bangsa Yahudi. Iki uga dadi pameca kanggo bangsa-bangsa yén pengadilan Allah bakal tiba atas wong-wong menawa wong-wong ora nindakaké apa kang dikotbahaké, lan kanthi mengkono ngasilaké woh kanggo Gusti Allah.

Apa ta woh-woh kang becik kang dikersakaké gusti Yésus ing sajroné panguripan kita? Woh-woh iku yaiku iman, katresnan, lan pengarep-arep. Urip karo Sang Kristus agawé kabéh woh-woh iku metu ing sajroné panguripan kita.

Sang Kristus ora njaluk saka kita pikiran kang asipat filosofi, keyakinan kang remit, anut atusan pranatan, utawa ngapalaké ayat-ayat. Nanging, Panjenengané ngersakaké keselametan, panyucen, lan patunggalan ing sajroné hakikat ilahi Panjenengané. Kanthi cara iki, kita nguwalaké awak kita saka patrap cemer lan urip ing sajroné kasucén, kecukupan lan katresnan, nalika kita nindakaké leladi kita marang Gusti Allah lan manungsa.

Pangipat-ipat marang wit anjir kang garing iku mratélakaké paukuman Sang Kristus marang watek lelamisan kang asipat umum. Prekara iku mulangaké marang kita yén woh wit anjir kuduné bisa diarep-arep saka antarané wit kang godhongé ngrembuyung iku. Sang Kristus mirsani marang asil-asil saka anggoné wong-wong ngrasuk agama. Panjenengané luwe marang woh-woh iku; manah Panjenengané ngersakaké anané woh mateng kang kawitan. Pengarep-arep Sang Kristus marang para profesor asring nguciwani Panjenengané awit sikep lan panguripané. Panjenengané rawuh nggoléki woh nanging mung nemokaké godhong waé. Akéh wong duwé panggawé becik kang dadi érame wong liya, minangka wong-wong kang urip, nanging ora temen-temen urip. Wong-wong mau kadudut atiné marang wangunan-wangunan kamursidan, nanging nyelaki panguwasané.

Iman kang sabeneré ora mung ditampa lumantar pikiran waé, nanging kudu lumantar patunggalan kanthi panguwasa Sang Kristus. Wong-wong kang urip manunggal karo Panjenengané ngaturaké pandonga selaras karo karsa Panjenengané lan nglakoni panguwasa Panjenengané lan panguripané tansah selaras karo karsané bendarané. Sebanjuré wong-wong mau bisa duwé pikiran kang padha karo Panjenengané duwé kekarepan padha karo apa kang dadi karsa Panjenengané lan ngandharaké panguwasa Panjenengané marang wong-wong liya.

Donga-donga saka wong-wong kang kapenuhan Sang Roh Suci ditampa Kang Maha Suci. Panjenengan sinau luwih dhisik panyuwun ing sajroné Dongané Gusti, lan trapna maknané awan lan bengi, sebanjuré Sang Kristus bakal mindhahaké gunung dosa lan rasa sengit panjenengan.

Sang Kristus ngersakaké supaya panjenengan pracaya marang sih rahmat Panjenengané ngyakini panjangkung Panjenengané ngrungokaké Pangandikané sowan marang Panjenengané kanthi andhap asor, lan nampa Panjenengané kanthi cara pribadi minangka juru Selemat pribadi panjenengan. Manawa panjenengan wis nindaké iku kabéh, Panjenengané bakal maringi prasetya langgengé kanthi mengkono panjenengan bisa ngrasakaké panguwasa Panjenengané lan berkah Panjenengané kang luhur. Iman ateges patunggalan karo Sang Kristus, kang ora bakal tau ninggalaké panjenengan. Manawa panjenengan masrahaké marang Panjenengané lan terus ana ing sajroné Panjenengané katresnan Panjenengané bakal makarya ing sajroné karingkihan panjenengan. Panjenengané iku juru selamat lan isih nylametaké jagat iki kanthi panguasa lan sih kawelasan Panjenengané.

PANDONGA: Rama ingkang kinasih, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas prajanjian ingkang énggal ingkang Paduka yasa kaliyan kawula ing salebetipun putra Paduka, lan nyuwun supados Paduka ngasilaken kathah woh ing salebetipun panggesangan kawula lan tiyang-tiyang sanés. Kawula nyuwun supados raos sengit lan apus-apus dipun pungkasi ing keluwarga kawula, lan bilih tentrem rahayu lan kabingahan Paduka ingkang tetep manunggal ing salebetipun kawula. Paduka titahaken ing antawis bangsa kawula iman ingkang saétu dhumateng keilahian putra Paduka kanthi makaten sadaya ingkang dipun kersakaken Sang Roh suci saget dipun pratélakaken ing salebetipun kawula, supados kawula mboten kadhawahan paukuman, nanging kawula saget ngasilaken woh-woh ingkang sejatos supados ngluhuraken asma Paduka ingkang suci.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta Gusti Yésus ngipat-ipati wis anjir kang ora metokaké woh?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)