Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 145 (Four Thousand Fed)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

h) Maringi Mangan Wong Patang Ewu (Matéus 15:29-39)


MATÉUS 15:29-31
29 Gusti Yésus sakwisé jengkar saka ing tlatah kono, banjur tindak menyang ing pinggiring sagara Galilea lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono. 30 Banjur ana wong akéh kang padha gumrudug mrono nyowanaké wong lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyané akéh, padha kasowanaké ing ngarsané Gusti Yésus, kabéh banjur padha diwarasake. 31 Temahan wong akéh padha kaéraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabéhbanjur padha ngluhuraké Allahé Israél.
(Markus 7:37)

Gusti Yésus lenggah ana ing gumuk laladan pinggiring ara-ara Galilea. Panjenengané ora mlebu ing sajroning kutha kaya kulinané awit wong-wong Farisi wis nganiaya Panjenengané lan ngobong wong akéh supaya lumawan Panjenengané. Wong-wong kang lumpuh njaluk wong-wong liya mikul awaké supaya digawa ing ngarsané Gusti Yésus nyuwun disarasake. Panjenengané uga ndemek ilate wong kang bisu. Injil Panjenengané kanthi katresnané Gusti Allah, agawé wong akéh mratobat marang Panjenengané lan manunggal ing sajroné Panjenengané. Sang Kristus waé pangarep-arep kita ing sajroné jagat kang lagi lara iki.

Wong-wong kang mbutuhaké lan kang nglokro ngrubung lan ora ninggalaké Panjenengané awan lan bengi. Wong-wong mau ndeleng yén pungkasané Panjenengané ninggalaké Galilea. Wong-wong mau kepéngin entuk kauntungan saka Panjenengané senajana wong-wong mau dadi ngelih lan nglakoni kangelan ing ara-ara samun. Wong-wong mau tetap ing ceraké Sang Kristus supaya nampani panguwasa saka Panjenengané. Pira lawasé panjenengan ana ing ceraké Sang Kristus, pirang menit, jam, dina utawa saurip panjenenganen? Ana ngendi waé Sang Kristus mapan, panguwasané keselametan Sang Kristus lagi makarya.

Mengkono panguwasa Sang Kristus, yén Panjenengané marasaké kabéh jinis penyakit. Wong-wong kang sowan marang Panjenengané nggawa keluwarga lan mitra kang lara lan sebanjuré diselehaké ing ngarsané Gusti Yésus. Kita ora maca apa kang diaturaké marang Gusti Yésus, nanging wong-wong lara iku di selehaké ing ngarsané Gusti Yésus, kang nuwuhaké rasa welasé Gusti Yésus nalika Panjenengané mirsani. Panandhangé wong-wong mau nyaritakaké luwih akéh tinimbang karo anggoné matur senajana anggoné matur iku lancar pisan. Apa waé prekarané kita, siji-sijiné dalan supaya namokaké kalegan lan rasa ayem yaiku masrahaké ana ing ngarsané Gusti Yésus, masrahaké kabéh prekara iku ing ngarsané Panjenengané. Panjenengané kang pirsa sakabéhé iku, kita kudu sumarah marang Panjenengan lan ngidinaké Panjenengan ngrampungake. Sing sapa kepéngin nemokaké kasarasan kasukman saka Sang Kristus kudu masrahaké awaké ing ngarsané Panjenengan lan ngejaraké Panjenengané makarya selaras karo karsa Panjenengané.

Wong-wong kang lumpuh, wuta, bisu, pincang lan akéh kang liyané manéh disowangaké marang Sang Kristus. Delengen apa kang ditindakaké wong dosa! Dosa wis ngrubah jagat iki dadi Rumah Sakit. Kayangapa akéh jinis penyakit kang kudju dilakono manungsa. Delengen apa kang ditindakaké Sang Juru selamet!. Panjenengané nelukaké kabéh satruné manungsa iku. Ing kené ana penyakit kang malah ora bisa kabayangaké becik awit saka kang dadi jalarané uga anggoné juru marasake. Penyakit duwé daya pengaruh marang gegilitané badan, nanging kabéh penyakit iku teluk marang dhawuhé Sang Kristus, “pangéran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake” (Jabur 107:20)

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta Sang Kristus bisa marasaké kabéh jinis penyakit?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:09 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)