Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS
f) Gusti Yésus ditampik ing Nazaret (Matéus 13:54-58)MATÉUS 13:54-58 Sang Kristus tindak menyang Nazaret, kutha mangsa cilikan Panjenengané tujuwané nimbali bangsa Panjenengané mlebu ing sajroné Kraton Suwarga. Panjenengané bebarengan karo wong-wong ing kuthané ing papan Sinagoge ing papan kono Panjenengané kulina lungguh lan ménggalih. Nanging saiki Panjenengané nyesekaké babagan sarirané Piyambak, ing ngarepané wong akéh kang gumun, yén Panjenengané iku kang kagungan Roh Gusti ing sajroné sarirané lan yén Panjenengaen iku Sang Mesih kang diarep-arep lan diprasetyakaké (Lukas 4:18-19). Gusti Yésus mulang kanthi cara beda karo kulinané juru tafsir, awit panguwasan Allah ana ing sajroné Panjenengané. Ati wong akéh dadi geter lan akéh wong dadi bingung, awit Roh Gusti ngelikaké atiné lan wong-wong mau ngrasakaké anané lan timbalané Kang Maha Suci iku. Nanging pikirané ora teluk marang Gusti Yésus, awit Gusti Yésus ora tau mlebu ing sajroné salah siji seminari theologi kang ana ing Yerusalém, nampani gelar saka juru mulang utawa para ahli, utawa teka marang wong-wong mau kanthi nggawa sakanthong emas. Keluwargané banget sederhana, ora wong sugih utawa duwé pendidikan, nanging mlarat lan sederhana. Bapak angkate Panjenengané Yusuf, tukang kayu, wis tilar donya sadurunge. Awit saka iku wong-wong kang kinurmatan ing kutha iku ora gelem teluk marang Panjenengané. Gumunggungé lan wateké kang bengkok awit asal usul keluarga kang dhuwur wis agawé wong-wong ora gelem pracaya marang Panjenengané. Aku kabéh maca ing sajroné pérangan iki jenengé sedulur lanang lan sedulur wadon Gusti Yésus. Sawetara juru tafsir kandha yén kang disebutaké iku seduluré Gusti Yésus, utawa sedulur angkat. Panginjil Matéus ora nulis apa-apa gegayutan pokok iki, nanging ménéhi paseksen yén Gusti Yésus duwé, saorané papat sedulur lanang lan sedulur wadon, lan sedulur-sedulur Gusti Yésus iku mbok menawa wis padha nikah. Sedulur-sedulur Gusti Yésus ditakoni déning telik sandi saka Makamah Agama ing Yerusalém. Para seduluré tau mratélakaké ing ngarepe umum seduluré, Gusti Yésus edan. Para seduluré malah nyoba nyegah Panjenengané nindakaké anggoné Panjenengané leladi nylametaké sugengé saka anceman para fundamentalis lan ekstremis. Sang Kristus ora nemokaké iman utawa katresnan ing antarané mitra lan keluwarga Panjenengané senajana ora ana kang bisa ndakwa Panjenengané nindakaké dosa, awit manawa bisa mesti para seduluré bakal mbudidaya kandha babagan iku. Sang Krisus nglakoni urip wiwit bocah njaga kasucén lan patrap lembah kanthi sempurna. Sakwisé patemon iku, sawetara wong mlarat lan kang kabuwang sowan marang Panjenengané lan Panjenengané marasaké wong-wong mau supaya nuduhaké panguwasa Ilahi Panjenengané. Nanging ing ngendi ora ana iman, Sang Kristus ora bakal bisa nindakaké pakaryan lan marasake. Apa panjenengan arep nyegah Panjenengané lumantar anggon panjenengan ora pracaya, saka anggoné njembaraké kraton Panjenengané ing kutha Panjenengan? Apa sebabé panjenengan ora teluk sawutuhé marang Panjenengané lan ngajeni Panjenengané kanthi iman lan katresnan kang ora owah gingsir. PANDONGA: Gusti Yésus, Sang Juru selamet ingkang kebak katresnan, Paduka nelukaké manah kawula kanthi katresnan Paduka, lan manah kawula kanthi rila teluk dhumateng Paduka. Paduka titahaken ing salebetipun badan kawula iman kang langgeng, kanthi makaten kraton Paduka saget kawangun lumantar kawula ingkang ringkih menika. Tulung supados kawula mboten malangi jembaring kraton Paduka ing sakiwa tengan kawula, lan supados kawula mbangun turut dhumateng Paduka sesarengan kaliyan sadaya pandhérék Paduka lan saking antawisipun bangsa kawula. PITAKONAN
|