Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 123 (Blasphemy Against the Holy Spirit)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

g) Babagan Nyenyamah Sang Roh Suci (Matéus 12:22-37)


MATÉUS 12:31-32
31 Mulané Aku pitutur marang kowé: Sakabéhing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura. 32 yén ana wong madoni Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman besuk.
(Markus 3:22-30, Lukas 12:10, 1 Timotius 1:13, Ibrani 6:4-6; 10-12)

Sang Kristus mbedakaké ing antarané dosa-dosa. Panjenengané nyebut anggoné wong-wong ora pracaya ing Kapernaum luwih nistha tinimbang karo homoseksual (laku bandrek wong lanang padha lanang) ing kutha Sodom. Panjenengané uga kandha yén dosa lumawan Sang Roh Suci iku dosa kang gedhé dhéwé marang kaluhurané Allah lan ora bakal kaapura.

Saben doa marang Sang Kristus lan gereja Panjenegnané utawa marang manungsa lan awak kita bakal diapura déning sih rahmat Allah, manawa prekara iku ditindakaké kanthi cara ora sengaja lan ing sajroné ora kasengaja, dikaya dosa Sasulus ditindakaké sadurungé anggoe mratobat. Saulus tanggung jawab awit wis nglebokaké para pandhéréké Sasng Kristus ing sajroné pakunjaran lan meksa para pandhéréka Sang Kristus supaya ninggalaké Sang Kristus. Sang Kristus piyambak mlebu ing sajroné panguripané Saulus lan ngandika marang dhéwéke: “Saulus, Saulus apa sebabé kowé nganiaya Aku?” Saben dosa kang panjenengan tindakaké sadurungé manunggale Sang Roh Suci bakal diapura. Sang Kristus ing kayu Salib ndedonga supaya wong-wong kang nganiaya Panjenengané kanthi matur, “Rama Paduka apunten tiyang-tiyang menika, awit tiyang-tiyang menika mboten mangertos menapa ingkang dipun tindakaken”. Gusti Allah ora numpes wong-wong Yahudi kang nyalibaké Sang Kristus, nanging bakal paring paukuman wong-wong kang nyelaki pakaryan Sang Roh suci ing sajroné awaké, lan kanggo wong-wong kang terus terusan ngréméhaké wulangan para rasul. Wong-wong nampik Sang Roh Allah kanthi sengaja lan kanthi keras sawetara pakaryan Sang Kristus sabeneré banget déning cetha lan nyata ing ngarepané mripate kanthi mengkono malah wong-wong kang lugu pisan bisa ndeleng pakaryan iku. sing sapa kandha yén pakaryan Sang Kristus asale saka Iblis dadi tanda yén awaké wong iku kang sabeneré ala lan nistha, awit Sang Kristus iku kebak katresnan, andhap asor, lan tulus. Wong kang nyebut Gusti Yésus dienjingi roh ala lagi nyekseni sesambungan awaké dhéwé yén wong iku lagi dikuwasani roh ala, awit roh ala tansah nyenyamah Tritunggal kang suci.

Ing sajroné Markus 3:28 lan Lukas 12:10, Sang Kristus ngandika gegayutan wong-wong kang nyenyamah Panjenengané. Wong-wong kang nyenyamah Sang Kristus nalika Panjenengané ana ing jagat iki ngarani Panjenengané “mendem” “apus-apus”, “tukang nyenyamah” lan kang sajinise. Para pemimpin agama duwé jubriyo marang Gusti Yésus lan ngangen piala ing sajroné kabéh kang ditindakaké Panjenengané. Bukti lan misi Ilahi Panjenengané durung kaujudan nganti sempurna sadurungé dina anggoné mingkrat. Awit saka iku, nalika wong-wong iku mratobat, wong-wong iku diapura. Sawetara ing antarané, kang wis kang ngianati lan nyedani Panjenengané dadi wong pracaya sakwisé diesokaké Sang roh Suci.

Nanging, nalika Sang Roh Suci wis nekani ing panguripané wong-wong mau kanthi nugraha awujud pratéla ing sajroné batiné wong-wong mau terus waé nyenyamah Roh ilahi, ora ana pengarep-arep kanggoné wong-wong iku bisa dadi wong pracaya marang Sang Kristus.

Wong kang nampik Sang Roh Suci lan mangkowtaké atiné marang suwara Panjenengané kang kebak katresnan ora bakal nampa pangapura. Priyayi kang nulis layang Ibrané ngelingaké kita babagan ati kang wangkot mengkono iku, kanthi mratélakaké, “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarané aja padha mangkotaké atinira!” (Ibrani 4:7). Nalika Gusti Allah mratélakaké sarirané marang panjenengané panjenengan mung bisa milih salah siji ing antarané rong prakara, nampik Panjenengané utawa sumarah marang Panjenengané. Apa panjenengan wis masrahaké awak panjenengan sawutuhé marang Gusti Yésus?

PANDONGA: Gusti Yésus, matur nuwun awit Paduka nresnani satru Paduka lan nimbali para satru menika dhumateng Paduka. Kula amemuji Paduka awit Paduka nresnani kula sinaosa kula tiyang ingkang dosa. Paduka ngapunten sadaya dosa kula lan njebati kula kanthi Roh Suci Paduka. Jangkung kawula supados mboten mangkotaken manah kawula dhumateng karsa lan manunggalipun Sang Roh Suci Paduka jangkung lan ayomi kawula saking anggen kawula badhé murtad lan nyenyamah. Kula masrahaken badan sawetahipun dhumateng Paduka, ing salebetipun asta Paduka, lan kula abingah-bingah kaliyan sadaya tiyang-tiyang suci, pitados dhumateng rah Paduka ingkang aji. Paduka uwalaken para mitra lan tangga kawula saking wangkotipun lan tuntun tangga tepalih kawula dhumateng pamratobat kanthi kapiyandelan lan gesang langgeng ing salebetipun Sang Roh suci.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kita kaayoman saka dosa marang Sang Roh Suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)