Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 109 (Aim of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

e) Tujuan Kang Paling Luhur Nalika Leladi (Matéus 10:40 - 11:1)


MATÉUS 10:40
40 Sing sapa nampani kowé, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.
(Lukas 9:48; Yokanan 13:20; Galatia 4:14)

Apa kang dikersakaké Sang Kristus nalika Panjenengané ngutus para seksi Panjenengane? Tujuan Panjenengané ora kawruh babagan kayektén ilahi waé utawa nampani keselametan pribadi utawa mung kelahiran anyar waé. Tujuan saka anggoné leladi para murid Gusti Yésus luwih luhur saka sakabéhé iku. Tujuwan iku gegayutan karo patunggalan karo Sang Kristus piyambak. Iman kita ora kalandhesan marang pikiran, rerasan, kawruh utawa tekad waé. Ing sajroné iku maju kakandhut patunggalan kasukman, lan kamanunggalan langgeng karo Sang Juru selamete kita kang kinasih. Kita ora mung cemawis kanggo marisi sédané lan patangan Panjenengané nanging kanggo kanthi cara langsung nampani Panjenengané lan manunggal ing sajroné Panjenengané minangka pang saka wit anggur.

Gusti Yésus négesaké marang para murid Panjenengané yén Panjenengané nganggep anggoné leladi para murid kaya-kaya Panjenengané piyambak kang ngandikan lan makarya. Gusti nganthi para abdi Panjenengané kanthi cara mligi dikaya kang dikandhakaké Paulus, “Mulané aku iki iya padha dadi utusané Sang Kristus kaya-kaya Gusti allah paring pitutur marang kowé kabéh lumantar aku; atas Asmané Sang Kristus panjalukku marang kowé: padha gelema karukunaké karo Gusti Allah.” (2 Korinta 5:20). Kang Maha Suci piyambak ngandika lumantar para abdi Panjenengané lan para murid Sang Kristus ora mung martakaké Pangandikan Panjenengané marang sajagat kabéh, nanging nggawa Panjenengané piyambak awit Panjenengané ana nganthi para abdi Panjenengané.

Sang Kristus iku siji-sijiné pantara antarané Gusti Allah Sang Rama karo kita. Sing sapa nampani anggoné leladi Panjenengané nampa Juru selamet piyambak, lan sing sapa nampani Sang Kristus, Panjenengané uga nampani Rama kasuwargan. Gusti Yésus nyebutaké sarira Panjenengan minangka Utusan, awit Sang Rama ngutus Panjenengané. Gusti Yésus iku pangandikan Allah kang dadi manungsa. Sing sapa nampani Panjenengané bakal ngalami Gusti Allah manunggal ing sajroné atiné. Apa Sang Roh Gusti ngalimputi pikiran panjenengan? Apa Kang Maha Kuwasa wis manunggal ing sajroné panguripan panjenengan?

Para pandhérék Sang Kristus iku pedalamen lan papan mapané Gusti Allah, lan wong-wong suci Panjenengané iku badan kasukman Sang Kristus. Tetepna anggon panjenengan cecedhakan marang Tritunggal kang suci. Rasakna kaayeman awit panjenengan ora dhéwékan ing jagat kang cemer iki ing sajroné nawakaké keselametan marang jagat. Sang Kristus nganthi panjenengan lan tansah nganthi ing sajroné urip panjenegan, malah anggoné nganthi nganti tekan pungkasané jaman. Wong kang krungu paseksen panjenengan lan pracaya marang Panjenengané kang ngutus panjenengan bakal nampa putra Allah kanthi cara pribadi ing sajroné ati lan pikirané.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh suci, ing salebetipun kamanunggalan Paduka, awit Paduka sampun rawuh dhumateng kawula lan manunggal ing salebetipun lampah gesang kawula sasampunipun Paduka nyucékaken kawula kanthi rah putra Paduka ingkang larang reginipun. Paduka adamel kawula dipun papani Sang Roh Suci Paduka ing salebetipun karingkihan kawula kanthi makaten kawula saget gesang déning katresnan lan leladi Paduka ing salebetipun katulusan, donga lan paseksen kawula. Kawula ngluhuraken Paduka awit patunggalan Paduka kaliyan kawula, tiyang-tiyang dosa ingkang dipun beneraké, titah ingkang sawetawis, ingkang Paduka paringi gesang langgeng.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kamanunggalan antarané Gusti Allah karo wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus kaleksanan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 08:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)