Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 100 (Risks of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

b) Bebayané Pawartaning Injil (Matéus 10:16-25)


MATÉUS 10:16
16 Lah kowé padha daklakokaké kayadené wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulané sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.
(Markus 13:9-13; 21:12-17; Rum 16:19; Ěfésus 5:15)

Kepiyé manawa pasemon Sang Kristus bab ngutus wedhus ing tengah-tengahing asu ajag kang ganas dadi kasunyatan? Apa kang bakal dumadi? Pira suwéné wedhus iku bisa urip? Asu ajag iku banjur ngemah-emah wedhus lan ora bakal ana turahané daging wedhus mau.

Katoné banget dené tega, sang Kristus agawé para abdi Panjenengané kudu ngadhepi bebaya kang kaya mengkono, sawetara para abdi wis ninggalaké sakabéhé kanggo ndhérék Panjenengané. Nanging Panjenengané pirsa yén kaluhuran kang dicawisaké Panjenengané kanggo wedhus-wedhus Panjenengané ing dina kang agung iku bakal nggenteni kabéh panandhang lan uga kabéh leladi kang ana. Lan Sang Kristus ngutus para abdi, lan prekara iku banget déning nguwatake. Awit Gusti Yésus kang ngutus para abdi bakal kaayoman lan kajangkung nganti para abdi ngrampungaké tugas kang diparingake. Nanging supaya para abdi ngreti prekara kang elek dhéwé kang bisa nempuh para abdi mau, Panjenengané nyethtakaké apa kang bakal dumadi.

Dadi, Sang Kristus ngutus kita marang jagat ing jaman kita iki. Nanging saupama kita urip utawa mati, Sang Kristus tetep tanggung jawab atas awak kita. Kita ora tau dhéwékan, Panjenengané nganthi kita, asma Panjenengané ngayomi kita, lan panguwasa Panjenengané ngayomi kita. Nalika panjenengan mbangun turut marang Gusti Yésus lan martakaké Panjenengané ing papan panjenengan, Panjenengané bakal ngayomi panjenengan, nggatekaké anggoné leladi panjenengan lan maélu panjenengan kanthi kawicaksanan Ilahi Panjenengané. Bebaya pancen ana, nanging Gusti uga ana, lan marang Panjenengané kita kumandel. Supaya kita ora dhéwékan, Sang Kristus maringi pitutur kang banget déning aji marang para murid Panjenengané ing tengah-tengah jagat kang angel iki, kang kebak karo asu ajag.

Sang Kristus njaluk para murid Panjenengané supaya sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara. Prekara iku kudu disawang minangka sawijining dhawuh, kang paringaké marang kita yén kita kudu wicaksana, yaiku ngreti dalan-dalan Panjenengané kang tansah banget migunani, lan mliginé ing mangsa-mangsa kasusahan, pancoba lan panandhang. Awit panjenengan gampang kena bebaya kaya wedhus ing tengah-tengah asu ajag, “ngati-ati kaya ula”. Ora ngati-ati kaya asu ajag kang julig lan ngapusi liyané nanging kaya ula, kang pepinginané mung njaga awaké waé lan golék amané dhéwé.

Kanggo Sang Kristus, kita kudu rila ngorbanaké panguripan lan uga kepenaké panguripan, nanging uga ora nyepelekake. Ula banget déning ngati-ati nylametaké sirahe, supaya sirahé ora diremuk. Ayo kita ngati-ati, ora golék-golék prekara kanggo awak kita lan wong-wong liya lan ayo kita teguh ing mangsa-mangsa ala lan ora ngruntikaké atiné wong liya, manawa kita bisa nyegah prekara iku dumadi.

Sakliyané Sang Kristus dhawuh marang para pandhérék Panjenengané supaya bares kaya manuk dara. Alusing bebuden lan andhap asor lan ora pilih kasih, ora mung ngendhaleni awak supaya ora natoni wong liya, nanging uga nyegah awak saka niat ala marang wong liya. Aja nyimpen rasa pahit, kaya manuk dara. Iki kudu selaras karo pituru kang kawitan mau. Para murid diutus ing tengah-tengah asu ajag, awit saka iku para murid kudu ngati-ati kaya ula.

Ula pancen dadi lambangé Iblis, nanging manuk dara dadi lambangé Sang Roh Suci. Awit saka iku wong kristen kudu duwé pangati-ati lan terliti luwih saka si pangawak dursila iku, nanging ing sajroné kasucén Roh Suci, tanpa piala utawa cacad. Prekara iki mbutuhaké donga lan iman supaya kita ora dadi ngati-ati kaya Iblis nanging sebanjuré ngobranaké awak kita marang iblis dhéwé. Kosok baliné kareben Sang Roh suci nyucékaké kita sawutuhé kanthi mengkono kita bisa ndhérék Gusti Yésus kanthi cecedhakan Panjenengané.

MATÉUS 10:17-18
17 Nanging sing waspada marang wong kabéh; sabab ana kang bakal ngladekaké kowé marang pradata agama, kang banjur nyapu kowé ana ing papan-papan pangibadahae. 18 Lan marga saka Aku kowé bakal padha diirid menyang ngarsané para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wongwong mau lan tumrap para wong kapir.
(Para Rasul 5:40; 25:23; 27:24; 2 Korinta 11:24)

Gusti Yésus ngelingaké para murid Panjenengané supaya ora leladi kanthi semangat kang cethek, awit bebaya kang gedhé dhéwé ing jagat iki ora asale saka mangga utawa macan, nanging saka manungsa iku dhéwé. Gusti Yésus ngutus kita supaya duwé welas asih marang wong-wong kang ilang. Panjenengané ora katut déning pikiran kamanungsan awit Panjenengané pirsa yén ing saben manungsa ana kewan galak kang ngenti wewengan metu. Prekara iki mbutuhaké kawicaksanan kang gedhé ing sajroné awak kita lan panggraita kasukman supaya kita ora dadi jalaran metuné kewan iku lan nubruk kita.

Para rasul ngrasakaké kaujudané pameca Gusti Yésus, kang kita deleng ing sajroné kitab Para Rasul. Ing saben kutha, ana komisi kang terus diiloni dewan pengadilan kang njeroné ana 23 wong kang duwé kewajiban ménéhi paukuman saben ana tindak laku jino, panerak atas pranatan pasa lan panerak marang pranatan. Wong-wong kang lungguh ing dewan pengadilan iku duwé hak ngukum wong kang nerak kanthi dipecuti. Wong-wong kang diukum pacut bakal nampani dipecut kaping 40 kurang sepisan. Pecut mau digawé saka kulit papat kang ditampar, banjur di sabetaké dada lan gegeré, wong kang disabet iku ora nganggo sandhangan. Saulus dhéwé meksa wong-wong Kristen supaya nampik Sang Kristus nalika dhéwéké nggunakaké cara iki marang wong-wong Kristen, nanging dhéwéké uga, sakwisé dadi wong pracaya dipecut kanthi cara iki ing awaké kang ora nganggo sandhangan. Paseksen panjenengan bakal nuntun wong-wong kang ngrungokaké marang kang dibeneraké lan urip, utawa marang anggoné kaukum lan anggoné cilaka. Aja mratélakaké panemu lan akal-akale panjenengan dhéwé, nanging nyuwuna kanthi donga kang tansah katuntun Sang Roh Suci.

Sawetara para rasul kudu ngadhepi kang duwé panguwasa Romawi lan para pemimpin ing kono supaya nyeksekaké asmané Gusti Yésus Kristus. Para rasul martakaké keselametan marang wong-wong, yén wong-wong mau nampik bakal ménéhi paseksi lumawan wong-wong mau mbesuké ing dina Pengadilan.

MATÉUS 10:19-20
19 Anadené manawa kowé padha kalakon diladekaké, aja padha sumelang ing bab kapriye lan apa kang bakal kok aturaké, amarga iku kabéh sanalika iku uga bakal kaparingaké marang kowé. 20 Awit dudu kowé kang caturan, nanging Rohé Ramamu kang ngandika lumantar kowé.
(Pangentasan 4:12; Lukas 12:11-12; Para Rasul 4:8; 1 Korinta 2:4)

Apa panjenengan wedi marang para satru Sang Kristus? Ya, para satru iku pancen kebak kaculikan, awit kasurung Bapaké kang tukang ngapusi, kang dadi tukang mateni wiwit wiwitan mula. Nanging Sang Kristus, Gusti atas urip iki bakal ana ing pihak panjenengan. Panjenengané bakal nyengkuyung panjenengan lan maringi marang panjenengan Roh kayektén kang mesti bakal mitulungi panjenengan ngalahaké rasa wedi, ngayemaké panjenengan ing mangsa kena coba, neguhaké iman panjenengan lan ngluhuraké asma Gusti Yésus lumantar panjenengan. Panjenengan ora kudu mbelani awaké dhéwé. Panjenengan rungokaké suwarané Gusti ing sajroné ati panjenengan. Aja dadi wong gampang nesu atas hakim utawa satru panjenengan; sebanjuré Roh saka Sang Rama kasuwargan bakal nuntun panjenengan supaya kanthi wicaksana ménéhi jawaban marang para satru iku.

Panjenengan iku seksi kang dipilih déning sang Rama lan Sang Putra déning Sang Roh Suci. Sang Rama nglahiraké panjenengan, Panjenengané nylametaké panjenengan, lan Sang Roh Suci iku kekuwatan ing sajroné awak panjenengan. Pracaya marang Kang Maha Kuwasa kanthi sawutuhé ati panjenengan. Aja pracaya marang pikiran panjenengan dhéwé. Sang Rama dhéwé kang bakal ngayomi panjenengan lan ménéhi pepadhang marang panjenengan ing mangsa-mangsa kristis mengkené.

Sang Kristus nyethakaké marang para pandhérék Panjenengané yén para pandhéréké ora bakal ditinggal dhéwékan nglakoni mangsa kang prihatin, nanging Gusti Allah bakal ngutus Roh kawicaksanan kang bakal ngadikan ing sajroné para pendhérék Gusti Yésus, menika panjangkungé kang diprasetyakaké Panjenengané marang para pandhéréke. Rama kita ing kasuwargan maringi marang para pandhéréké Sang Kristus kabisan, ora mung kanggo ngomong sari pati kanthi cetha, nanging uga ngomong kanthi semangat kang suci. Sang Roh suci kang padha mitulungi para pandheré ing mimbar uga bakal mitulungi para pandhéréké Gusti ana ing pengadilan. Para pandhéréké ora bakal dikalahaké, awit para pandhéréké duwé kang mbelani, dikaya apa kang dingandikakaké Panjenengané marang Musa, “Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake” (Pengentasan 4:12)

PANDONGA: Kawula ngluhuraké Paduka, Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci, Gusti Allah kang Tunggal, awit Paduka maringi kawula paseksen ingkang cetha, Paduka paring pangapunten kawula gegayutan kablusukipun pamicara kawula ingkang mboten kajangkepi kawicaksanan kawula. Paduka bikak pikiran kawula dhumateng pratéla Paduka kanthi makaten kawula saget ngluhuraké Paduka kanthi mirengaké suwanten Sang Roh Suci Paduka lan ngandikaaken menapa ingkang dipun ngandikaaken Panjenenganipun dhumateng kawula. Paduka sucéaken kawula atas dosa-dosa kawula lan penuhana kawula kanthi Roh andhap asor lan alusing bebuden kanthi makaten panebusan Paduka bakal nyucékaké gesang kawula. Ngawonaké raos ajrih ing salebetipun badan kawula lan penuhana kawula kanthi sih kawelasan Paduka.

PITAKON

  1. Sapa kang dadi satru-satru kita, lan prasetya apa kang diparingaké déning Gusti Yésus marang kita gegayutan para satru iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:49 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)