Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 082 (The Leper Healed)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

1. Wong Kusta Disarasaké (Matéus 8:1-4)


MATÉUS 8:1-4
1 Bareng Gusti Yésus tumedhak ing gunung, banjur kadherekaké wong pirang-pirang gegolongan. 2 Lah ing kono ana wong budhegen sowan sarta sujud marang Panjenengané unjuke: “Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saget mbirat najis kawula.” 3 Gusti Yésus nuli mulung astané ndhemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik. 4 Banjur kadhawuhan déning Gusti Yésus: “Poma bab iki aja kokkandhakaké marang saspa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahaké déning Nabi Musa, minangka paseksi marang wong”.
(Markus 1:40-44; Lukas 5:12-14)

Mujijat iki kanthi pas ditulis dadi mujijat kang kawitan saka Sang Kristus, awit wong budhugen pancen dianggep remeh, ing antarané wong-wong Yahudi, wong Yahudi nganggep yén wong budhugen iku kena paukumané Allah. Kita bisa nyemak upamané Miryam, Gehazi lan Uzia, kena budhugen awit nindakaké dosa. Awit saka iku Sang Kristus, mratélakaken yén rawuhé iku kanggo nyurutaké bebenduné Allah kanthi nyangga kabéh dosa, kawiwitan kanthi nyarasaké wong kang budhugen iku.

Awit penyakit iki yén tekané langsung saka Gusti Allah, awit saka iki kudu cepet disarasaké déning Panjenengané uga. Awit saka iku penyakit iki dianggep ora prelu diwarasaké déning tabib, nanging kabawah pengawasan mligi para imam, para abdiné gusti, kang kudu mriksa lan ndeleng apa kang bakal ditindakaké Gusti Allah (Kaimaman 13:1-14:57). Para pandhérék Gusti Yésus duwé pitakonan kepiyé Sang Kristus ngejaraké wong Kusta nyerak marang Panjenengané lan ora ditundung, lan kepiyé Sang Kristus nerak pranatan lan pakulinan bangsané lan malah nyelamatkan wong kang asor lan remeh iku. Sang Kristus mbuktekaké sarirané minangka jejeré Allah, kanthi nyarasaké akéh wong kang kena kusta lan masrahaké panguwasa marang para murid Panjenengané ing sajroné asmané Panjenengané kanggo nindakaké prekara kang padha (Matéus 10:8). Iki salah satu bukti yén Panjenengané iku Sang Mesih.

Wong Kusta iku, wong kang kasebrataké déning masyarakat, pracaya kanthi golong gilik, marang panguwasané Sang Kristus, awit wong iku wis mireng pakaryané kang nggumunaké lan pracaya marang kabisaan keilahian Panjenengané. Wong budhugen iku manembah Gusti Yésus ing ngarepe wong akéh, kanthi matur, “Gusti”. Wong kesrakat iki nyuwun supaya kalairaké, mbuka ati lan jiwané marang sih kamirahané Sang Kristus, lan pracaya marang Panguwasané kang nggumunake. Wong budhuge mau nambahaké ature: “Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saget mbirat najis kawula.” Sang Krisus énggal nanggapi gegayutan anggoné wong budhugen iku masrahaké awak sawutuhé marang Panjenengané. Gusti Yésus ora wedi ketularan, nanging langsung ndemek kulite wong iku, sinadan ana rasa gila tumrape wong akéh kang ngedoh awit wedi lan geter. Kanthi nyarasaké wong budhugen iku Sang Kristus mbuktekaké yén Panjenengané iku gusti Allah kang ngejawantah, Panjenengané ngandika, “Aku karsa, birata najismu,” lan wong iku kanthi anggoné didemek Sang Kristus marasaké wong mau. Panjenengané ora ngandika, kaya kang dikandhakaké Elisa marang Naaman, “mundura adusa ing kali Yordan”. Panjenengané ora paring syarat-syarat kang angel lan larang kanggo ngobati wong budhugen mau, nanging kanthi pangwasa Panjenengané kang sampurna ngandika saka tutuk Panjenengané banjur wong budugen mau waras.

Ing sajroné pangandikan kang cekak, kita nyemak pratéla saka karsané Gusti Allah kang andayani lan kang nyata banget. Panjenengané wis nitahaké kita lan Panjenengané bakal nuntun, marasaké, nylametaké, nyucékaké lan nyempurnakaké kita. Gusti Allah ngersakaké lan makarya kanggo nyucékaké kita saka anggon kita cemer, lan Panjenengané duwé panguwasa kanggo nylametaké kita. Aja tau lali yén Sang Kristus paring jawaban donga wong kusta iku kanthi tembung kang cetha, ““Aku karsa, birata najismu”. Nganggo panguwasa Gusti kang ngedap-ngedapi, penyakit budhugen ninggalaké wong iku, kulite dadi waras, lan otote kang mauné ora bisa ngobahaké gegelitané badané mati, sebanjuré bisa obah lan tuwuh manéh.

Wong akéh kagét banget lan éram bab panguwasa Gusti Yésus lan kaagungan katresnané. Wong akéh ngrasakaké anané panguwasa Allah lan ndeleng kaélokan minangka bukti Panjenengané iku Allah lan uga dokteré dokter kang agung. Mengkono uga Panjenengané bakal ndemek panjenengan supaya kasucékaké lan nyengkuyung panjenengan kanthi mengkono panjenengan bisa pracaya yén Gusti tenan-tenan nresnani panjenengan lan ngersakaké kanthi golongan ati Panjenengané mitulungi panjenengan lan nyucékaké panjenengan lumantar panguwasa Panjenengan kang suci. Sang Juru selamet ngutus wong kang lagi waé disarasaké mau marang para imam supaya kanthi resmi neguhaké kamenangan Allah atas penyakit kang ngggegirisi iku, supaya dhéwéké pracaya marang Gusti Yésus tansah lan nyeksekaké panguwasa Panjenengané kang ngedap-edapi atas dosa lan akibate. Sang Kristus ora ngilangi Paugeran Torét kanthi perintah Panjenengané nanging ngujudi kanthi roh kang kebak sih lan kanthi andhap ing manah Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka ngersakaken kawilujengan lan anggen kawula tansah kasucékaken. Paduka ngersakaké kawula kasucékaken, supaya manembah Paduka lan mratélaken rancangan Paduka kanggi kawilujengan ing salebetipun gusti Yésus. Paduka wucal kawula kekendelan iman lan keyakinan kanthi makaten kawula saget sowan dhumateng Paduka lan masrahaken prekawis, dosa lan penyakit kawula dhumateng Paduka supaya nebus kawula, kanthi makaten kawula saget kasucékaken, awit Paduka ngersakaken supados kawula dipun sucékaké lan dipun wilujengaké salaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Matéus nyethakaké warasé wong budhugen iki dadi kang kawitan saka mujijate Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)