Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 061 (Almsgiving)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

a) Dedana kang ora dikatonaké (Matéus 6:1-4)


MATÉUS 6:1-4
1 “Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yén mangkono, kowé ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. 2 Mulané yén kowé dedana, aja kokjuwarakaké kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihé supaya dialem ing wong. Satemené Aku pitutur marang kowé marang kowé, iku wus padha tampa pituwase. 3 Nanging manawa kowé dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakaké tanganmu tengen. 4 Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowé.”
(1 Korinta 13:3; Matéus 25:37-40; Rum 12:8)

Matéus biyené nyambut gawé dadi juru mupu beya ing pemerintahan Rom ing Kapernaum. Dhéwéké dadi ahli ing sajroné mbongkar kajuligan para sedulur lan wong-wong kang ngumbara. Dhéwéké ndeleng kepiyé manungsa kedanan dhuwit lan nyumendhekaké uripe marang dhuwit iku. Dadi, dhéwéké bisa ngerti apa kang dadi kotbahé Sang Kristus bab ngibadah yén kabéh wong bener kudu ngaturaké pisungsung marang Gusti Allah. Matéus rumangsa yakin yén patrap tulus saka para kang manembah Gusti Allah iku katon ing sajroné ngaturaken pisungsung kang diaturake. Gusti Yésus ora ngandika akéh gegayutan ajining pisusung saka wong pracaya, nanging ngegasaké marang cara nindakaké lan tujuan ing sajroné ati gegayutan apa sebabé lan kepiyé anggoné ngaturaken pisusung.

Sang Kristus ora dhawuh para pandhérék Panjenengané supaya ngaturaké sakprasepuluh. Panjenengané malah négesaké marang pisusung kang asale saka ati kang kebak welas asih dilandhesi katresnan, dikaya Panjenengané ngorbanaké sarirané sawutuhé kanggo wong-wong dosa. Kanthi mengkono, Panjenengané ngersakaké supaya para pandhérék Panjenengané melu cawe-cawe ing sajroné tanggung jawab gereja selaras karo katresnan lan manut kabisané. Tujuan padha pentingé karo apa kang ditindakaké, lan wong kang luwih gedhé katresnané bakal ngaturaké pisusung luwih akéh, selaras karo apa kang dadi duwéke. Nanging, wong-wong kang ora duwé katresnan, wong-wong iku bakal medhit. Randha kang mlarat ngaturaké kabéh kang dadi duwéké dina iku. Gunggungé pancen sithik, nanging gunggung iku gedhé ana ing pamirsané Gusti. Randha iku ngaturaken pisusung luwih akéh tinimbang karo wong sugih kang mung ngaturaké sakprasepuluh saka kaluwihané dhuwite. Gusti mirsani ati. Panjenengané ngersakaké paring kamardikan wong-wong kang mitaya duwite dadi brahala. Apa bisa katresnan panjenengan marang Gusti Allah ménéhi kamardikan panjenengan saka cancangan raja brana panjenengan lan nuntun panjenengan marang pangorbanan dhuwit kanggo pawarta Injil lan mitulungi wong-wong kang mbutuhake? Sang Roh Gusti nyurung panjenengan kanggo dedana, ana ing ngarepe wong akéh lan kanthi pribadi, pisungsung kang bener marang Gusti. Dedana ora sawijining tugas kanggo wong Kristen, nanging wewengan kanggo mratélakaké tuwuhing kasukmané.

Sang Kristus ngegasaké preluné ngaturaké dedana kang ora dikatonaké tanpa dingérténi wong-wong liya, lan tanpa nulis gunggungé lan jeneng ing sajroné cathetan kang nyumbang, supaya dingérténi déning kabéh uwong. Wong kang ngetokaké awaké lan duwé pangarep-arep diregané saka manungsa awit anggoné dedana bakal kelangan berkah saka gusti Allah. Gusti Yésus nyurung para murid Panjenengané supaya nalika ngaturaké dedanané ora ménéhi ngerti keluwarga lan mitra supaya dedana iku ora andadekaké gumedhé ing dina liyané.

“Nanging manawa kowé dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakaké tanganmu tengen” nalika panjenengan ngaturaké dedana. Bisa uga kita milih korban, atur pisusung marang gusti Allah kanggo pasimpenané pedaleman Allah-tumindak kang bisa uga ditindakaké karo tangan tengen nalika mlebu utawa metu saka pedaleman Allah nglewati kotbah panyimpenan pedaleman Allah. Utawa menawa dedana karo tangan tengen nuduhaké anané pepinginan kang kebak welas asih lan ora dikantheni mangu-mangu kang andadekaké rerendhet. Tangan tengen asring dienggo mitulungi wong mlarat, ngangkat wong-wong mau, mblebet tatuné lan nindakaké patrap liya manéh saka bantuan kang gegayutan karo dhuwit. Nanging, apa waé patrap becik kang ditindakaké tangan tengen panjenengan marang wong-wong mlarat, aja tangan kiwa ngerti apa kang ditindaké tangan tengen. Delikna sabisa-bisane; mbudidayaa supaya nindakaké kanthi pribadi. Tindakna iku awit prekara iku yaiku kabecikan, lan dudu awit panjenengan bakal nampa jeneng api awit saka patrap iku.

Kita aja banget-banget nggatekaké kabéh kabecikan sing kita tindakaké – ngalembana lan éram marang awaké dhéwé. Ngalembana lan éram marang awaké dhéwé atas apa kang kita tindakaké iku winih saka patrap gumedhe. Kita eling kabecikan wong-wong lan ngregani marang wong iku, malah nalika wong-wong iku dhéwé lali marang tumindak becike. Manawa kita ora pati nggatekaké kabecikan kita dhéwé, Gusti Allah bakal banget déning nggatekaké kabecikan sing wis kita tindakake.

Apa anggon kita ngaturaken pisusung kita supaya kita nampani luwih akéh berkah lan ganjaran kang cetha ana ing Suwarga? Gusti Allah kita dudu wong bakul lan Panjenengané ora mbayar anakan kanggo dedono kita saka bank kasuwargan. Sadurungé kita ngaturaken pisusung marang Panjenengané Panjenengané wis ngorbanaké Keng Putra Panjenengané kanggo kita. Gusti piyambak iku ganjaran kanggoné kita! Kita ora korban kanggo nampani keselametan, nanging kita pisusung awit kita wis nampani keselametan, kanthi menkono kita misusungaké dhuwit lan awak kita marang Rama lan Putra kanthi tuntunan saka Sang Roh Suci. Tujuwan ngaturaké pisusung ing sajroné Kekristenan yaiku atur panuwun lan pujian atas keselametan kita kang diparingaké kanthi ora mbayar.

Sesebutan asma Gusti Allah Sang Rama iku dadi jalaran anggon kita atur pisusung duwé makna. Apa bisa anak ngaturaken dedana marang Bapake? Ora, nanging anak dedana minangka lambang atur panuwuné lan ngaturaké pisusung marang Panjenengané pérangan saka panenan kang sejatiné diparingaké luwih dhisik déning Panjenengané sawutuhe. Gusti Allah kita ora mbutuhaké atur pisungsung panjenengan. Awit Panjenengané iku sugih, lan Panjenengané iku kang paring, nanging Panjenengané paring wewengan marang para putra Panjenengané supaya misusungaké marang Panjenengané hasil saka kaluberan lan melu cawe-cawe karo Panjenengané ing sajroné martakaké Injil lan mitulungi wong-wong ora duwé kanthi wicaksana. Gusti wis maringi tanggung jawab kang gedhé marang kita supaya kita bisa tansah melu cawe-cawe ing sajroné tanggung jawab gereja. Dadi sapa ta kang rumangsa tinimbalan lan sapa ta kang atur pisusung kanthi seneng lan ora pedhot?

Sawetara wong sugih, yaiku wong-wong Yahudi bisa mbayar sumbangané ing ngarepe umum, supaya ana wong-wong kang ngalembana dhéwéké, kanthi slompret kang diunekaké lan kendhang kang ditabuh. Nanging dina iki, kita misusungaké urip kita marang Gusti Allah kanthi sesingitan, tanpa ménéhi ngerti wong liya utawa nganggo pengumuman. Aturna ati lan dhuwit panjenengan marang Gusti Allah tanpa ménéhi ngerti marang wong liya apa kang panjenengan tindakaké, awit panjenengan iku kagungané Gusti lan Gusti iku darbek panjenengan.

PANDONGA: Dhuh, kanjeng Rama kasuwargan, matur nuwun atas anggen Paduka sabar dhumateng kawula. Paduka apunten lelamisasn kawula lan pangorbanan kawula ingkang alit saha Paduka wucal kawula supados ngaturaken sadaya gesang kawula ing salebetipun atur panuwun minangka pujian kawula dhumteng Paduka, kanthi makaten kawula saget tansah mitulungi tiyang ingkang mboten adhah, sakit lan ingkang mbutuhake. Berkahi sadaya tiyang ingkang madosi Paduka lan ingkang mboten wanuh kaliyan Paduka, Paduka wucal kawula supados kendel ing wekdal kawula ngaturaken dedana lan cancang kawula ing salebetipun patrap alusing bebuden lan anggen kawula nyingkur badan piyambak. Tulung warga gereja kawula supados terus dherek cawe-cawe ing salebetipun tanggel jawab peladosan ing gereja kanthi ngaturaken pisungsung.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kuduné pisusung diaturaké marang gusti Allah Sang Rama?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:58 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)