Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 055 (Forbidding Adultery)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

b) Maleri Laku Jino Uga Ateges Luru Kasucén (Matéus 5:27-32)


MATÉUS 5:31-32
31 Uga ana pangandika mangkéné: Sing sapa megat bojoné kudu ménéhi layang pegat. 32 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat bojoné ora jalaran saka laku jina, iku ndadekaké bojoné laku jina lan sing sapa ngrabeni wongwadon mau, dadi laku jina.”
(Pangandaring Torét 24:1; Matéus 19:3-9, Markus 10:4-12)

Wong kang pegatan awit saka alesan apa waé (kajaba awit laku jina), nerak paugeran kang nomor pitu, awit prekara iku mbukak lawang anané laku jina. Gusti Yésus nyethakaké, “Uga ana pangandika mangkéné”, Panjenengané ora ngandika dikaya katarangan sadurunge, “Kowé wis krungu kang dingandikaaké marang leluhur kita.”. Iki tutu patokan kaya dhawuh-dhawuh kang liya, dikaya kang diyakini déning wong-wong Farisi, nanging pérangan iki yaiku sawijining kelonggaran.

Sawetara prenatan kang dijupuk saka Prejanjian Lawas ngandika yén wong lanang ora kena megat bojoné kanthi cara lisan nalika dhéwéké lagi nesu. Wong lanang iku kudu nindakaké kanthi sengaja kanthi nggunakaké alat paugeran kang tinulis, kanthi ditekani déning seksi. Manawa dhéwéké arep medhot anggoné tunangan, wong lanang iku kudu nindakaké kanthi sesidheman. Dadi sawetara paugeran wong-wong Yahudi mbudidaya nyegah pegatan kang kasar lan kesusu. Ing mangsa-mangsa wiwitan, cathetan tinulis ora lumrah ing antarané wong-wong Yahudi, lan awit saka iki pegatan dadi arang. Nanging tambah suwé pegatan dadi tambah kaya umum, lan tulisan iki dadi pituduh bab kepiyé nindakaké, yaiku mung manawa ana jalaran kang pantes kanggo nindakaké pegatan iku, dingerti minangka kelonggaran kang di ditindakaké kanthi alesan apa waé.

Gusti Allah, ing sajroné sih kawelasan Panjenengané maringi prenatan kanggo “ningkah mung karo wanita siji waé”, kanthi mangkono saben lanang lan wadon bakal leladi pepadhané ing sajroné katresnan kang bener lan kurmat kinurmatan. Wadi saka cancangan jejodowan ora manunggaling daging waé nanging kurmat lan ajen kinajenan antara siji lan sijiné. Sang Roh suci bakal nyucékaké sesambungan sakloron manawa wong loro tansah ana ing sajroné pangandikan Injil lan ing sajroning katresnan.

Manawa salah sijiné nindakaké laku jina, iki bakal ngemu akibat anané pisah-pisahan kanthi cara kasukman ing antarané wong loro iku, lan wong loro iku bakal padha kelangan kapercayan, kurmat, leladi lan kawigatené. Nanging manawa wong loro urip ing sajroné kamursidan, katresnan Panjenengané bakal amberkahi katresnan wong loro lan njangkung wong loro ing sajroning keselarasan lan cocok. Manawa Gusti Yésus ora dadi gusti atas sawijining prejanjian jejodowan, tindak laku jina bakal mlebu cepet luwih saka kang kita angen. Sang Kristus kang bakal dadi kang nyengkuyung keluwarga, manawa saben wargané setyo ana ing sajroné Panjenengané awit Panjenengané mulangaké pangapura, koma-koma, sabar lan tegen.

Sang Kristus, kanggo Panjenengané muga-muga kabéh kaluhuran, ora ngwengakaké lawang kanggo ajuré sesambungan neningkahan kaya kang ana ing agama liya. Nalika sesambungan neningkahan rusak awit pedhoting tali kasukman utawa ana rasa ora seneng, lan ora ana kekarepan ngapura,ana sawetara kang ngandhani yén kahanan kang mengkono iku bisa waé pegatan, kandhan-kandhan kang mengkono iku lelawanan karo dhawuhé Sang Kristus. Wong-wong mau ngandhani pegatan iku sawijining dalan kang apik dhéwé kanggo wong sakloron supaya bisa nyingkiri pasulayan lan tindak kekerasan. Wong-wong kang nasipe ala iku lali bab panguwasa saka katresnan ilahi lan karukunan ing sajroné salib Sasng Kristus.

Saben pegatan (kajaba awit saka laku jina) dianggep patrap laku jina. Awit saka iku apa kang wis ditunggalaké Allah, ora kena dipisahaké déning manungsa. Kamanunggal neningkahan diteguhaké ora mung ing sajroné daging nanging uga ing sajroné jiwa. Wong wadon iku tetap kacancang karo tilas bojoné senajan rabi manéh karo wong lanang liya. Cilaka wong sakloron kang wis rabi ora gelem ngapura lan pisah-pisahan kanthi cara sembrono. Wong iku bakal nindakaké dosa kang gedhé. Kita kabéh cemer déning dosa lan mbutuhaké pangapurané Allah kang terus terusan lan pancen saben dina kanggo batin kita. Sang Roh suci kuwawa nyarasaké penyakit kang ora kita rasakaké lan nyucékaké kita. Tanpa Roh Sang Kristus, kita ora bisa nemokaké neningkahan kang sehat utawa panyecen kang langgeng, awit Sang Roh iki ngurmati Kang Nitahaké lan ora nyelaké paugeran-paugeran alam.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula manembah Paduka awit Paduka gesang ing antawisipun kawula ing salebetipun kasucén ingkang sempurna, lan Sang Roh Suci Paduka terus ngendhaleni sarira Paduka ing salebetipun kasucén ingkang sawetahipun. Paduka apunten kawula gegayutan kaliyan hawa nefsu mentingaken badan piyambak lan patrap awon kawula saha Paduka tanem kawula ing salebetipun kasucén Sang Roh suci Paduka, kanthi makaten kawula saget andhap asor lan ngaputen tiyang-tiyang sanés kados Paduka ngapunten kawula. Lan Paduka pitulungan kawula saget ngapunten tiyang-tiyang ingkang laku jina lan mboten ngipat-ipati.

PITAKONAN

  1. Sapa ta wong-wong kang laku jina miturut prenatané Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:40 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)