Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 092 (Abiding in the Father's fellowship appears in mutual love)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

2. Dumunununge kita ing sajerone patunggalan karo Sang Rama katon ing sajrone patrat kang tresna tinresnanan (Yokanan 15:9-17)


YOKANAN 15:9
9 “Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padaha tetapa dumunung ing sihKu iku.

Sang Rama banget nresnani Sang Putra kanthi mengkono mbukak langit nalika baptisan Panjenengane ing kali Yordan. Sang Roh suci mandap ing sajroning rupa kaya manuk dara, lan keprungu suwara: “Yaiki putraKu kang Ndak Sihi, mung marang Panjenengane Aku kepareng”. Yaiki pratela saka Tritunggal kang Suci, nalik gusti Yesus nyangga dosa manungsa ing sajrone lambang baptisan, kang dadi wiwitan saka dalan pangorbanan kang bakal dilakoni dening Sang Cempe Allah. Sang Putra nindakake karsane Sang Rama, ngothongake sarirane kanggo penebusan kita. Katresnan iku ora winates marang Sang Rama lan Sang Putra, nanging karone ditunggalake ing sajroning katresnan kanggo jagat kang ala iki, lan nyawisake kanggo anane panebusan kang agung.

Gusti Yesus nresnani panjenengan ing sajrone ukuran katresnan rama Panjenengane. Sawetara Panjenengane mbangun turut, kita ora mbangun turut. Ora ana wong siji wae saka ing antarane kita kang wis ana wiwit sadurunge ana mangsa. Kang wis dumadi ya ing wektu iku sang Putra milih kita wong-wong dosa kan nyucekake kita. Panjenengane maringake marang kita kelahiran anyar dening sang Roh suci lan nyucekake kita. Kita dudu barang dolanan ing asta Panjenengane, kanggo diuncalake sakkersa manahe Panjenengane. Panjenengane tansah mikirake kita, nggatekake kita kanthi kawigaten kang asipat keallahan. Panjenengane ngaturaken lantaran pandonga kanggo kita lan nulis layang katresnan kanggo kita yaiku ing sajaroning Injil. Panjenengane nguwatake kita kanggo duwe iman, katresnan lan pengarep-arep. Manawa kita gelem nglumpukake kabeh katresnan kang diesokake dening para bapak lan para ibu kang ana ing jagat iki ing jaman ngajaman, lan murnekake kabeh katresnan saka kabeh anggone ora murni lan cemere manungsa, kabeh-kabeh iku bakal katon cilik banget katimbang karo katresnan gusti Yesus marang kita kang ora tahu ana enteke.

YOKANAN 15:9-10
10 Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi pada tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.

Gusti Yesus ngelingake marang panjenengan, “Aja ngadoh saka katresnanKu, Aku nresnani kowe lan mirsani menyang ngarep marang bukti saka katresnamu marang Aku. Ana ngendi donga-dongamu, apa donga-donga iku kaya sesambungan tilpun karo Suwarga? Ana ngendi sumbangan-sumbangan panjenengan marang wong-wong kang mbutuhake kang dadi tanggapan atas pakaryan kaselametan-Ku? Aku mituturi kowe supaya nindakake apa kang becik, nyenengake, sih kadarman lan kasucen. Dumununga ing sajroning katresnanKu. Sang Roh suci bakal maringi kabisan kowe supaya nindakake kabecikan, dikaya gusti Allah tansah nindakake kabecikan.”

Pancen dosa menawa ora nresnani dikaya gusti Allah nresnani. Sang Kristus ngersakake ngundakake tingkat kawelasan kita marang tingkat sih kawelasane Allah, “duwea sih kawelasan dikaya Aku lan Rama kang kebak sih kawelasan”. Bisa uga panjenengan rumangsa prekara iki dikaya sawijining prekara kang mokal. Panjenengan bener banget, manawa prekarane ana ing cara mikire manungsa. Nanging panjenengan ora ngerti apa kang dikersakake sang Kristus, apa kang bisa ditindakake Panjenengane ing sajroning panjenengan. Panjenengane ngesokake Roh kagungane ing sajrone urip panjenengan, kanthi mangkono panjenengan bisa nresnani dikaya Panjenengane nresnani. Ing sajrone roh iki Paulus kanda, “Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku”

Gusti Yesus paring pasekseen bab kasunyatan yen Panjenengane ora tahu nglewati wates saka apa kang selaras lan padha karo karsane Sang Rama, lan malah Panjenengane tansah dumunung ing sajroning katresnane Allah. Sang Kristus maringake marang kita tentrem rahayu kang saka Gusti Allah ing sajaroning kita, paring kabisan kita ndedonga ing sajroning Sang Roh Suci, lan leladi kanthi katresnan.

YOKANAN 15:11
11 Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ingkowe lan kabungahanmu dadia sampurna.

Rasa ngelak kang ana ing atine manungsa kang watara suwe lagi ana ing sajroning rasa kapenet momotan urip awit manungsa iku adoh saka gusti Allah. Sang Kristus kang dumunung ing sajroning katresnan Rama Panjenengane, kebak kabungahan lan kabejan. Ing sajrone batin Panjenengane ana pujian lan pujian tanpa ana mandhege. Panjenengane ngersakake maringi kita, bebarengan karo keselametan kang saka Panjenengane, segara katresnan ing sajroning urip kang asipat batin. Gusti Allah iku Gusti Allah sumber kabungahan.

Katresnan kairingan karo kabungahan dadi woh kang kapindho ing sajroning daftar woh-woh Roh. Ing papan ing ngendi dosa dikurangi, kabungahan bakal dadi mundhak-mundhak. Sang Kristus ngersakake kanggo nguwatake ing sajroning awak kita kabungahan awit saka keselametan, kanthi mengkono kabungahan iku bisa ambanyu mili marang wong liyane. Wong kang kapenuhan karo kabungahan ora bisa nyegah kabungahan iku kanggo awake dhewe, nanging bakal duwe kekarepan mitulungi wong liya marani kabejan awit pangapuraning dosa lan kabungahan awit jaminan kang saka gusti Allah. Sebanjure kabungahan kita tambah bungah nalika wong-wong kang diselametake tambah akeh. Dikaya kang dingandikaake karo sang Rasul, “Gusti Allah ngersakake supaya kabeh wong diselametake lan marani marang bab keyekten”. Martakake Injil iku sumber kabungahan ing tengah-tengah pasulayan lan panandang.

YOKANAN 15:12-13
12 PapakonKu ikuk mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe. 13 Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.

Gusti Yesus nresnani kita, wanuh jeneng kita, watak wantu lan mangsa kepungkur kita. Panjenengane bisa melu ngrasakake kaprihatinan kita lan prekara-prekara kita. Panjenengane kagungan rancangan lan pitulungan kanggo mangsa tembe kita. Panjenengane tansah cemawis wawan pangandikan karo kita ing sajroning pandonga, Panjenengane ngapura dosa-dosa kita lan nuntun kita marang urip kang suci ing sajroning kayekten lan anggone murni.

Dikaya gusti Yesus nresnani kita mengkono uga Panjenengane uga ngersakake supaya kita tresna tinresnanan antarane siji lan liyane. Kita dadi tambah wanuh sedulur-sedulur lan mitra-mitra kita, lan ngrasakake kahanan sarta kangelane sedulur-sedulur lan mitra-mitra mau. Kita bisa wiwit ngerti kang nyurung lan kepribadiane. Kita nemokake dalan uwal prekara-prekarane, lan nawakake marang para sedulur lan mitra mau pitulungan kang cetha, nyisihake wektu bebarengan karo para sedulur lan mitra iku. Manawa para sedulur lan mitra nindakake kaluputan, kita wenehi apura lan sabar marang para seulur lan mitra mau, lan ora nyebut-nyebat gegayutan anggone gagal lan kaluputane.

Gusti Yesus nggambarake bab pucuk saka katresnan ing sajrone gesang Panjenengane. Panjenengane ora mung ngandika lan mitulungi, nanging uga ngorbanake sarirane kanggo wong-wong dosa. Panjenengane ora mung gesang kanggo kita nanging uga seda nggenteni kita. Kayu salib sejatine sawijining makutha saka katresnan, kang nyethakake marang kita gegayutan katresnan Allah. Panjenengane ngersakake supaya kita nerusake pawarta keselametan lan menehi pangorbanan awujud waktu lan uga dhuwit. Menawa Panjenengangane nimbali kita supaya ngedumake Injil marang wong-wong liya, lan nindakake ing ngarepake papadha kita apa kang ditindakaken dening gusti Yesus kanggo kita. Panjenengan bakal dhawuh kita supaya menehake awak kita, darbek kita lan uga tenaga kita. Panjenengane ndedonga kanggo pepadha kita kang matrapake Panjenengane kanthi cara kang ala, lan nampani wong-wong kang nyia-nyia Panjenengane dadi para mitrane. Panjenengane ndedonga kanggo para satru Panjenengane, “Rama, paduka apunten tiyang-tiyang menika awit tiyang-tiyang menika mboten mangertos menapa ingakgn dipun tindakaken”. Panjenengane ora mung nyebutake wong-wong kang nyia-nyia Panjenengane iku dadi mitra utawa putra-putra Allah, nanging minangka wong kang ditresnani. Kanggo wong-wong kang ora pantes nampani katresnan Panjenengane, Panjenengane seda kanggo dadi gegentine wong-wong mau.

YOKANAN 15:14-15
Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe. 15 Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.

Gusti allah nimbali panjenengan dadi “kang disihi”. Panjenengane nindakake prekara iku kanthi cara pribadi marang saben uwong. Panjenengan bisa uga bakal disebratake, lan ora ana wong kang ana ing sakiwa tengen panjenengan. Panjenengan pirsani gusti Yesus, kang seda kanggo panjenengan lan gesang kanggo panjenengan. Panjenengane iku mitra panjenengan kang apik dhewe, tansah cemawis mitulungi. Panjenengane pirsa pikiran panjenengan, lan ngenteni tanggapan saka panjenengan ing sajroning kabecikan. Kahanan dumunung ing sajroning pamitran Panjenengane iku yen kita nresni kabeh wong dikaya Panjenegane nresnani wong-wong mau. Wong loro ora bakal bisa tetep ora cocok antaran siji karo liyane, sawetara wong loro nyebut awake dadi wong-wong kang nresnani Sang Kristus. Pamitran Panjenengan nuntut yen kita tresna tinresnanan siji karo liyane. Panjenengane mestani kita dadi wong kang disihi Panjenengane. Kita iki dadi kagungan Panjenengane awit Panjenengan kang nitahake kita, lan Panjenengane kagungan hak nganggep kita dadi batur tukon-batur tukon. Panjenengane wis merdekake kita saka bandan pasangan lan wis nangekake kita. Panjenengane maringi pangerten marang kita gegayutan pakaryan ilahi Panjenengane. Panjenengane ora ninggalake kita ing sajroning ora kita ora ngerti, nanging mulangake marang kita asma Sang Rama, panguwasa Salib, lan katresnan saka Sang Roh Suci. Kanthi nuduhake marang kita wadi saka Tri tunggal kang suci Panjenengane lagi mratelake marang kita kayekten kang kasimpen wiwit jaman kalanggengan. Sang Rama masrahake kabeh iku marang jroning asta Panjenengane supaya Panjenengane mratelakake iku marang kita.*Pamitran Panjenengane banget agung nganti ing tingkat Panjenengane ngijinake kita melu cawe-cawe ing sajroning pakaryan, patrap becik, pikurmatan, panguwasa lan sugenge Panjenengane. Panjenengane malah ora nahan hak anggon kita diangkat dadi putra, nanging nuntun kita mrang Panjenengane supaya kita dadi para putrane Allah.

YOKANAN 15:16-17
16 Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu. 17 Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana.”

Gegayutan panjenengan karo gusti Yesus ora mung dilandhesi marang kekarepan pribadi, pepinginan utawa pengalaman panjenengan dhewe, nanging marang katresnan, pilihan lan timbalan Panjenengane marang panjenengan. Panjenengan iku abdi marang dosa panjenengan, ing sajroning regeman Iblis lan di sajroning laladan pati. Panjenengan ora bakal bisa obah metu saka pakunjaran, nanging gusti Yesus milih panjenengan wiwit kelanggengan, lan paring kamardikan panjenengan kanthi nggunakake rah Panjenengane kang larang. Panjenengane andadekake panjenengan mitra Panjenengane iku sawutuhe awit sih rahmat. Iku gumantung putusan panjenengaan milih Panjenengane apa ora. Gusti Yesus milih kabeh manungsa nalika Panjenengane ngrukunake panjenengan saka dosa-dosa panjenengan ing Kayu Salib. Ora kabeh ngrungokake timbala Panjenengane, lan malah tetap milih ana ing sajrone rawa dosa. Manungsa ora wanuh kamardikan putra-putra Allah. Sang Kristus wis nimbali panjenengan marang kamardikan saka dosa lan patunggalan kang Ilahi. Latihen awak panjenengan kanggo bisa nresnani. Kamardikan kang ana ing sajroning badan panjenengan duwe siji tujuwan, yaiku kanggo kanthi sukarila leladi gusti panjenengan lan pepadhane panjenengane. Ora ana peksan dikaya kang dumadi karo para batur tukon. Gusti Yesus dadi abdi kanthi sukarila awit katresnan Panjenengane. Panjenenane iku kang dadi patokan kita, ora nggatekake marang sarirane dhewe, nanging kawigaten Panjenengane iku kanggo wong-wong kang ditresnani Panjenengane.

Panjenengane kanthi mangkono uga kagungan rasa kangen yen panjenengan nuduhake kawigaten uga marang para mitra panjenengan, dikaya pangon marang kumpulan kang diengon. Awit kabisan kita winates, manungsa ora bisa menehi kamardikan marang wong liya saka anggone dadi batur dosa. Gusti Yesus nyurung kita supaya ndedonga ing sajroning asma Panjenengane. Awit menawa kita ndedonga marang gusti Yesus supaya Panjenengaen maringi tuntunan marang wong-wong kang wis dimerdekake lan mbangun wong mau moral lan kasukmane, lan nyukupi kabutuhane kanggo badan, jiwa lan rohe, mula gusti bakal paring wangsulan selaras karo kabecikan lan keparenge Panjenengane. Wadi saka donga kang dikabulne inggih menika katresnan. Manawa panjenengan ndedonga kanggo para mitra panjenengan ing sajrone semangat kang kaya mengkono, gusti Yesus bakal nuduhake marang panjenengan dosa-dosa kang kulina, lan sebanjure bakal nuntun panjenengan marang urip kang wicaksana lan migunani lan marang dosa kang bener uga marang sipat andhap asor. Gusti bakal paring jawaban, manawa panjenengan nyuwun supaya keselametan lan kasucen bisa tekan marang para mitra panjenengan. Aku sakanca ngajak panjenengan tigen ing sajroning pandonga. Gusti Yesus ora paring janji woh kang bakal enggal alum nanging woh kang tetep metu. Wong kang pracaya lumantar pandonga lan paseksen panjenengan, bakal urip ing salawase, pindah saka pati marang urip.

Saknduwure lan nglewati iman, donga lan paseksen. Gusti Yesus paring dhawuh marang panjenengan supaya nresnani para mitra panjenengan, kanthi katresnan kang sawutuhe, kang landhep lan kang murni. Panjenengan sabar marang para mitra panjenengan, sinadyana para mitra duwe watek wantu kang angel. Asikepana alusing budi marang para mitra mau, dikaya gusti Allah alus ing budi marang panjenengan. Sumunarno pepadhang kanthi sunar saka katresnan Allah marang jagat kang wis rusak lan nggegirisi. Panjenengan latih badan panjenengan ing sajroning pelayanan, pangorbanan, mireng lan ngaturake tanggapan. Muga-muga Katresnan sang Kristus sumunar saka ing urip panjennegan.

PANDONGA: Duh gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng paduka, awit Paduka sampun paring kamardikan kawula saking bandan dosa, lan andadosaken kawula kados dene tiyang-tiyang ingkang dipun sihi. Mugi-mugi kawula sinau supados nresnani sadaya tiyang kados dend Paduka sampun nresnani kawula. Kawula manembah paduka, lan mapanaken badan kawula ing salebetipun karsa Paduka. Padula wucan kawula supados mbangun turut, kanthi makaten kawula saget ngasilaken woh-woh katresnan ingkang luber-luber.

PITAKONAN:

  1. Kepiye carane gusti Yesus andadekake wong-wong kang maune abdi dosa dado wong-wong kang ditresnani Panjenengane.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:33 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)