Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)
7. Kapiyandelan Lan Baptisan Manjing ing Kaslametan (Markus 16:16)MARKUS 16:16 Gusti Yésus nyethakaké hasil saka iman ing sajroné keselametan. Iman dudu mung tekan pikiran, akal, utawa anggone kacancang marang sawijining keyakinan tartamtu. Iman iku wanuh babagan urip saka Gusti Allah, pengalaman babagan panguwasané Sang Kristus, ati kang pracaya marang Panjenengané, lumaku ing sajroné Panjenengané, niat lan terus ana ing sajroné Panjenengané nganti wong kang pracaya iku sebanjure dadi merdika saka rasa kuwatir ngadhepi pati, lan martakaké endahe urip ing sajroné Gusti. Iman iku ana sambung rapete karo tuwuh ing sajroné Sang Kristus, kang terus tambah kuwat kanthi tambahnya katresnan. Apa panjenengan isih dhéwékan, utawa panjenengan wis masrahaké awak panjenengan salawasé marang Sang Kristus? Panjenengan sawijining wong kang duwé iman manawa panjenengan nguwalaké awak panjenengan saka anggone gumantung marang kamardikan lan kebebasan awak dhéwé, lan sebanjure cekelan kuwat marang sang Kristus, Juru selamet panjenengan. Apa panjenengan isih ngrumat watek mentingaké awaké dhéwé, lan arep urip kanggo awak panjenengan dhéwé? Aja kenemenen anggone bombong marang awaké dhéwé, awit anggone ora merdika, kosok baline isih dadi kawulané dosa, nguja hawané hawa nesu lan pengalaman-pengalaman panjenengan. Sang Kristus rawuh kanggo nylametaké panjenengan. Panjenengan kudu tinarbuka marang keselametan Panjenengan kanthi mangkono Panjenengané kanthi astané bisa mulihaké keringkihan panjenengan, bisa ngalahaké pati, lan maringi marang panjenengan kapitayan kang tuwuh marang katresnan Panjenengané kanthi mangkono mripat panjenengan bisa dibuka lan panjenengan bisa ndeleng Sang Penebus panjenengan ing sajroné kaendahan, kayektén, lan sih kawelasan. Sowané marang Sang Juru selamet panjenengan dina iki, lan ngedega teguh ing sajroné Panjenengané salawas-lawasé. Tanda-tanda kajasmanen lan niat kasetyan kita marang gusti Yésus Panjenengané nganti salawasé. Tanda-tanda kajasmanen saka anggone duwé niat marang gusti Yésus yaiku baptisan ing sajroné asma sang Rama, sang Putra lan Sang Roh suci. Kanthi putusan kang teguh ii, wong kang dibaptis disilemaké ing sajroné katresnan Allah, mati kanggo kepentingan awaké dhéwé, lan urip ing sajroné sih rahmat Kang maha Suci. Apa panjenengan urip nalingsir saka Gusti Allah utawa apa panjenengan teguh ana ing sajroné Panjenengané? Baptisan kang bener bakal nuntun panjenengan saka anggon panjenengan kesasar marang kamanunggalan karo Tritunggal kang suci, lan andadekaké panjenengan kanca nyambut gawé ing sajroné kasugengané Gusti. Mesti waé, baptisan, dadi patrap resmine waé, ora ana gunane. Awit saka iku kudu ana iman karo baptisan. Nanging, manawa panjenengan ngakoni iman Panjenengané, lan teguh ing sajroné baptisan, panjenengan ora bakal dadi darbek panjenengan dhéwé manéh, nanging dadi kagungané Gusti Allah waé. Apa panjenengan wis dadi kagungané Sang Rama, kanthi masrahaké badan panjenengan dhumateng Sang Kristus? Sing sapa pracaya lan terus ana ing sajroné Putra Allah bakal nampani panglipuran saka kelairan anyar, lan ambanyu milne katresnané Gusti Allah ing sajroné uripe, lan wong iku bakal nampani urip kang kebak kabungahan. Sing sapa pracaya lan dibaptis bakal diselametake. Keselametan iki kawiwitan saka Golgota, nalika Panjenengané kang disalib iku nguwuh, “wis rampung”. Ing kana Panjenengané ngrukunaké kabéh manungsa karo Gusti Allah. Awit saka iku, sing sapa nampa hak luwih-luwih iki, bakal nampani keslameten ing sajroné awake. Lan pancen sejatine wis dicawisaké keselametan kang nyata, sah lan asipat umum kanggo kabéh manungsa. Keselametan wis digenepaké, lan Sang Kristus babar pisan ora prelu mati sepisan manéh. Keselametan iki dinyataké ing sajroné urip wong-wong pracaya lumantar imané. Tanpa iman, ora ana keselametan. Anggone panjenengan ketemu karo Sang Kristus, lan kapercayan panjenengan marang Panjenengaen nuntun keselametan saka Gusti Allah marang awak panjenengan dhéwé. Kajaba keselametan kang jangkep lan sempurna, kita nemokaké kasunyatan bakal kesalematan pribadi ing sajroné badan manungsa lumantar imane. Baptisan iku wiwitan saka keselametan ing sajaroné gesang panjenengan. Gusti ngersakaké supaya panjenengan mundhak-mundhak lan dadi tambah diwasa kanthi mangkono panjenengan bisa ngasilaké woh akéh, kanthi mangkono akéh wong kang diselametaké lumantar patuladan lan paseksén panjenengan. Keselametan panjenengan dudu darbeke panjenengan dhéwé nanging uga dadi darbeke wong liya. Wong kang nampa keselametan, nylametaké wong-wong liya. Uwong ora bakal mandheg anggone nylametakaké wong liya nganti wong akéh diselametake. Panjenengan bakal ngagem panjenengan ing sajroné nyebaraké keselametan saka Sang Kristus ing papan panjenengan mapan. Nyuwuna marang Gusti supaya nuduhaké marang panjenengan marang sapa panjenengan kudu ngomong babagan Gusti Yésus lan keselametan Panjenengané ing dina iki. Ing sajroné gesang Panjenengané piyambak, Gusti Yésus kagungan pengalaman yén ora kabéh manungsa dicawisaké supaya dadi wong pracaya. Ana wong-wong kang wangkot atiné, nyingkur Panjenengané, ngremehaké, sengit lan lumawan Panjenengané. Kang mundhak-mundhak ora mung iman, nanging ana uga kang mundhak-mundhak kosok balené, mundhak-mundhak ing sajroné kewangkotan ati. Sing sapa ora nampa keslametan kang sempurna bakal nekakaké bilahi marang awaké dhéwé. Gusti Yésus ora nampik utawa nekakaké bilahi marang sapa waé, awit Panjenengané iku katresnan. Nanging sing sapa nampik keselametan saka Panjenengané, bakal atur jawaban manggul dosa-dosané dhéwé. Paukuman Gusti Allah kawiwitan wektu iki kanggo wong-wong kang ngremehaké lan nyepelekaké pengadilan Allah, awit sing sapa kang ora pracaya bakal nampa paukuman. Sang Kristus iku dalan kang bener marang keselametan. Ora ana agama, golongan, utawa filsafat liya apa waé kang bisa nylametaké panjenengan. Ora ana dalan liya kang bisa nuntun manungsa marang Gusti Allah. Sapa waé kang kandha yén nyampur-nyampur kapercayan sawijining dalan marang Gusti Allah, iku ateges ora wanuh karo kayektén. Wong iku mung apus-apus. Sang Kristus waé dalan, kayektén lan urip. Ora ana wong siji sowan marang Sang Rama kajaba lumantar Panjenengané. Yudas ngukum awaké dhéwé awit awit dhéwéké wis sethithik mbaka sethithik ngadoh saka Sang Kristus. Kepiyé ati panjenengan? Apa panjenengan wis cemawis nganggo keselametan saka Gusti Allah, teguh ing sajroné gusti, lan nresnani Panjenengané luwih saka sakabéhe, utawa apa panjenengan bakal nyepelekaké, ngungkuraké lan nampik Panjenengané? Sing ngati-ati! Panjenengan kudu gawé putusan apa arep urip utawa arep mati, arep selamet utawa nampa bilahi. Sing sapa ora pracaya marang Sang Kristus badhé nampani bilahi. Pratéla kang tegas banget iki mbereg kita supaya terus martakaké, tetap tegen lan sabar. Gusti Allah nimbali jagat supaya mratobat lan dadi pracaya marang putra Panjenengané. Sing sapa pracaya bakal tetap urip, lan sing sapa ora gelem nampa urip saka Gusti bakal tetep mati ing sajroné dosa-dosane. Dadi, ana ngendi panjenengan saiki, para maos ingkang kinasih? PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Rama ingkang suci, awit kawilujengan saking Putra Paduka ingkang Paduka sihi. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka sampun mbika mripat manah kawula lumantar sang Roh Suci, kanthi makaten kawula saged ningali wadi gesang saking Paduka, lan kalimputan kaliyan katresnan Paduka. Gusti Yésus sampun milujengaké kawula saking dosa-dosa kawula, saking panguwaos bilahi, lan saking apus-apusipun Iblis. Paduka. Paduka gulawenthah kawula supados kawula martakaken gesang ingkang sampun kaparingaké Gusti Yésus dhumateng kawula dhumateng saben tiyang ingkang taksih sambat ing salebetipun pati lan dosanipun. Paduka titahaké iman ingkang yektos ing salebetipun gesang tiyang-tiyang ingkang pados kayektén lan ingkang gadhah pepinginan ingang saged, kanthi makaten tiyang-tiyang menika saged gesang lan mboten nampi bilahi. Amin. PITAKONAN:
|