Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 101 (The Death of Jesus)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

18. Sédané Gusti Yésus, Lan Tandha-tandha Kaélokan (Markus 15:37-39)


MARKUS 15:37-39
37 Gusti Yésus banjur nyuwara sora lan masrahaké nyawane. 38 Nalika iku gubahae Padaleman Suci banjur suwek dadi loro, wiwit ing dhuwur tumeka ing ngisor. 39 Panggedhéne prajurit, kang ngadeg ana ing ngarsané Gusti Yésus, bareng nyumurupi anggone séda mangkono ik u, banjur ngucap: “Sanyata, wong iku Putraning Allah.”

Gusti Yésus ora mirsani Rama Panjenengané nalika Panjenengané lagi mbayar utang kaadilan kang asipat ilahi, awit Rama wis ninggalaké Panjenengané lan mratélakaké sarira Panjenengané dadi Hakim kang nibakaké paukuman. Nanging, Sang Putra nindakaké pambudidaya iman kang bener, pracaya marang Allah Sang Rama nganti pungkasan, lan mratélakaké kamenangan Panjenengané, nalika Panjenengané nguwuh. “Wis rampung!” Panguwuh kamenangan iki ngumandhang tekan suwarga, bumi, lan uga ing neraka. Suwara iku kaya ngumandhang kidung pujian saka kabéh malaika lan wong-wong suci, dikantheni déning suwara keroting untu ing neraka.

Sang pangawak dursila ora bisa nyegah dumadine karukunan antarané manungsa lan manungsa, lan ora kasil nyemeraké cempéne Allah, awit Gusti Yésus ngalahaké si pengawak duraka kanthi katresnan, kesabaran, iman lan pengarep-arep kang kuwat. Keselametan diganepi. Sing sapa kang pracaya bakal nampa panyucen.

Gusti Yésus mirsani pati nekani Panjenengané. Nanging, Panjenengané ora wedi, sinadyan Rama ninggalaké Panjenengané, lan Panjenengané tetap cekelan kuwat marang kasetyan Allah kang langgeng, lan masrahaké nyawa uga Roh Panjenengané ing astané Rama Panjenengané, pracaya yén katresnan Panjenengané kang langgeng ora tau rubah, sinadyana Panjenengané mratélakaken sarira Panjenengané minangka jejeré Hakim. Anggone masrahaké Panjenengané kang sempurna ing astané Sang Rama dadi cap kanggo kamenangan Gusti Yésus. Pengarep-arep Panjenengaen ora kapedhot, lan Sang Roh Suci ora séda ing sajroné Panjenengané, sinadyana kabéh hakikat kamanungsan Panjenengané séda nalika iku.

Gusti Yésus kang disalib bener-bener séda. Dados, kepiyé bisa ana kang kandha. “wong-wong ora tau nyedani Panjenengané, utawa nyalibaké Panjenengané?” Kayektén sejarah nyelaki kang apus-apus, lan mratélakaké kayektén.

Sédané Gusti Yésus iku jungkir malikaké sajroné sejarah jagat raya. Wiwit saka iku, donya rubah. Geber kang gumantung ing pedalaman Allah suwek dadi loro, saka nduwur menyang ngisor, minangka lambang yén Gusti Allah ora manéh pisah karo titah Panjenengané. Sadurunge, Imam Agung kang tanggung jawab kanggo kaping pisan saben tahun kanthi rasa wedi lan geter sowan nyedak pethi prejanjian, kang dianggep minangka dhamparing Allah, kanggo ngrukunaké bangsa kang dosa iku karo Gusti Allah. Saiki, dalan iku tinarbuka kanggo saben uwong kang nampa pangorbanan Gusti Yésus kanthi iman. Wates kang dadi pepalang ing sajroné prejanjian kang lawas wis disirnakaké, Paugeran torét ora manéh adhedampar, lan siji-sijine dalan marang Gusti Allah wis tinarbuka. Paduka Rawuh Rama! Kori wis tinarbuka jembar, lan Gusti Allah nganti-anti panjenengan secara pribadi.

Sawetara ing antarané wong kang wis mati kaijinaké supaya tangi ing dina iku, minangka bukti saka kamenangan Sang Kristus ing sajroné kubur, lan mratélakaké kayektén kang asipat ilahi. Anggone séda kanggo karukunan kang ditindakaké Sang Kristus menehi kayektén lan urip langgeng marang saben wong kang pracaya marang Panjenengané.

Prewira prajurit, kang dadi komandan saka para prajurit kang nyalibaké Gusti Yésus, wis ngreti akéh wong ala, batur tukon, satru, lan para nabi palsu disalibaké, nanging wong iku ora tau ndeleng siji waé pati kaya sédané Gusti Yésus, kang séda ing sajroné katresnan kang suci, lan kaluhuran kang kalimputan andhap asor. Nalika Panjenengané kang bener iku ndhungklukaké mestaka Panjenengané, prewira Prajurit iku grenengan, “Panjenengané beda banget karo kabéh wong liya. Panguawasa kang asipat ilahi bener-bener dipratélakaké ing sajroné Panjenengané. Panjenengané ora mung putra Raja, utawa sang nata Agung, nanging Panjenengané pancen Putra Allah piyambak”. Wadi babagan Gusti Yésus dimangerti wiwitané déning prawira kang manembah marang brahala iku, kamangka wadi iku tetap katutup kanggo wong-wong kang ana ing sajroné prejajian kang lawas. Kepiyé karo panjenengan, para maos kang kinasih? Apa kang panjenengan rasakaké ing sajroné ati panjenengan gegayutan prekara iku?

PANDONGA: : Dhuh Putra Allah ingkang suci, kawula manembah Paduka awit Paduka masrahaken gesang ingkang suci kanggé kawula, manungsa ingkang dosa, lan séda nggentosi kawula kanthi lumantar kathah panandang lan pancobi. Kawula nresnani Paduka kanthi golong gilik, lan nyuwun supados Paduka ngribah patrap kawula ingkang mentingaken badan piyambak. Paduka sirnakaké kawangkotan manah kawula kanthi makaten kawula pantes ngaturaken gesang kawula dados korban atur panuwun dhumateng Paduka, lan saged leladi sesami kados dene Paduka sampun leladi kawula. Kawula ngaturaken gunging panuwun atas séda Paduka, ingkang sampun mbikak margi kanggo kawula sowan Sang Rama. Sadaya tiyang ingakng ptiados dhumateng Paduka badhé manembah Paduka ngantos selami-laminipun. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa makna saka lelakon-lelakon ing sédané Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:12 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)