Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)
5. Mangsa Kasangsaran Gedhé Bakal Kelakon (Markus 13:19-20)MARKUS 13:19-20 Apa bakal ana sing jenenge mangsa kasusahan gedhé kaya kang kelakon ing jaman rusaké kutha Yérusalém ing tahun 70 M, kanthi mangkono tibané umat saka prejanjian kang lawas iku bisa dadi pralambang kanggo kasusahan kang luwih gedhé kang bakal nempuh kabéh manungsa? Jawabané bisa uga gedhé iku iya. Awit sih rahmat saka prejanjian kang anyar luwih gedhé banget tinimbang prejanjian kang lawas, mengkono uga pengadilan atas manungsa ing jagat ing mangsa iku uga bakal luwih nggegirisi ketimbang karo kang nempuh umat saka prejanjian kang lawas. Panjenegnan waca kitab wahyu marang Yokanan kanthi ndedonga, lan panjenengan bandhingaké isine karo ayat-ayat pemeca liyané gegayutan mangsa kang bakal teka, lan panjenengan bakal nyemak babagan pokok pengadilan kang kudu kelakon nalika takerané dosa ing donya iki wis dadi kebak. Nanging, pungkasané jaman iku bakal kelakon kaya kang kelakon ing mangsa panganiaya iku, dudu awujud siji lelakon karo sawetara lelakon cilik kang beda-beda, nanging awujud sawijining karusakan kabéh saka kabéh sumber piala, kang kelakon awit pintere kadurakan kang bakal nggunakaké piranti kang anyar dhéwé lan kang paling maju, lan uga awit radiasi nuklir kang bakal nempuh kabéh manungsa. Kapan ta mangsa kasangsaran gedhé ing pungkasané jaman iku bakal kelakon? Sawetara lelakon sebanjure iki bakal kelakon, bisa uga urutan utawa bisa uga bebarengan bisa uga langsung utawa isa uga siji mbaka siji: Kabéh manungsa pantes nampa pengadilan ora ana sing ora, awit kabéh manungsa wis dosa lan kelangan kamulyané Gusti Allah. Bebendune Allah dipratélalaké marang durakané manungsa, mligine awit manungsa ora gelem nampa Sang Kristus kang wis dadi manungsa lan disalib iku minangka juru selamete. Manungsa kang pracaya marang Gusti Allah bakal nglakoni pangancam lan panganiaya kang abot uga meksa supaya nampik anané Gusti Allah. Panganiaya uga kelakon ing ngegara Rusia lan china, becik marang wong-wong Kristen uga marang wong-wong Muslim. Kabéh wong kristen kang terus pracaya marang Gusti Allah, sinadyana nampa pacoban kang abot, lan kang isih urip ing donya iki, bakal nglakoni mangsa-mangsa kasangsaran, mligine wong-wong pracaya kang asal usule saka dudu wong kristen. Wong-wong mau bakal dimurnekaké lan disucékaké kaya dene emas lan salaka. Wong-wong Yahudi kang cekelan kenceng marang wulangané bakal dipisahaké saka kabéh wong liyane. Wong-wong Yahudi bakal lumawan wong-wong liya, lan terus nampik sang Mesih kang sejati. Sebanjure Yérusalém bakal dadi tuwung kanisthan kanggo kabéh umat manungsa. Gusti ora mung ngandika gegayutan pengadilan, nanging uga maringi panyengkuyung panglipuran kanggo nguwataké pengarep-arep, kanthi ngandika “Gusti Allah bisa ngungkret mangsa panganiaya iku kanthi mangkono wong-wong kang kapiji Panjenengané ora bakal kentekan kekuwatan. Malah, gusti bakal makaping-kaping ngayomi wong-wong pracaya ing mangsa-mangsa karupekan. Gusti ora bakal nyupekaké warga-warga badan kasukman Panjenengané, nanging Panjenengané melu ngrasakaké panandang saka wong-wong kang nandhang sangsara, dikaya kang tau dingandikaké marang Saulus, “Kenapa kowe nganiaya Aku?”. Iki kelakone nalika Saulus nganiaya wong-wong pracaya. Sapa ta wong-wong pilihan Panjenengané iku? Ing sajroné layang kang katujokaké marang pasamuwan ing Efesus (1:4; 2:1), kita maca yén ing hakikate, wong-wong iku ora luwih becik tinimbang wong-wong liya, nanging Gusti Allah wis milih wong-wong mau ( ing sajroné Sang Kristus. Rah Putra Allah nyucekaké wong-wong mau saka kabéh dosané, lan katresnan Panjenengané kang ora ana pungkasané wis nuntun wong-wong iku supaya wong-wong iku bisa terus urip ing sajroné Gusti Allah. Awit saka iku, manungsa mung bisa bombong atas salib iku waé. Mung Gusti Yésus waé kang wis nylametaké wong-wong dosa, lan wong-wong mau ora lumawan katresnan kang diparingané Panjenengané, nanging nampa katresnan iku kanthi golong giliking ati lan kanthi kebak karilan mituhu kabéh kang katulis sadurungi landhesan bumi dipasang. Ing sajroné layange kang kawitan, Pétrus nuduhaké marang kita kaya apa jero lan luhure gusti Allah milih kita ing sajroné prejanjian kang anyar (1 Pétrus 2:9-10). PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, pangadilan Paduka menika adil, lan mboten wonten ingkang naminipun mboten adil. Mboten wonten satunggalipun tiyang ingkang leres wonten ing ngarsa Paduka. Kayektén manungsa badhé luntur wonten ing ngarsa pengadilan Paduka. Kawula mboten gadhah kayektén utawa pengajeng-ajeng kajawi saking kayektosan ing salebetipun rah Gusti Yésus Kristus. Paduka paring pitulungan dhumateng kawula supados ampun kecalan pérangan ingkang saestu penting menika ing salebetipun panganiaya, lan jangkung kawula supados kawula mboten nampik Paduka ing salebetipun siksan atas kajasmanen kawula, nanging Paduka tuntun kathah tiyang mlebet ing salebeting kawilujengan Paduka, kanthi makaten pilihanipun tiyang-tiyang menika saged kapratélakaké wonten ing salebeting anggenipun kaanyaraken. Amin. PITAKONAN:
|